Aksara Jawa Lan Perang Dunia
Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma
Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, M.Hum. ing
buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara
Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining Brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah
Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa
kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para Brahmana mau
mulangake tulisan Jawa.
Embuh endi ing antarane dongeng ing dhuwur iku sing bener. Sing
genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan
sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon),
Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (padha dadi
bathang/sampyuh).
Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining
aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti
Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu,
yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan
Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh).
Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane
Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi
wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing
karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan,
ngglethak angler.
Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara
Jawa kang rinonce kaya iki: Ha (H)urip, Na (nur), C (cahya), Ra
(roh/rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon),
La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja jiwa (raga), Ya (ya Allah),
Nya (nyata), Ma (manungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha
(thukul), Nga (ngalam donya).
Yen tembung-tembung ing dhuwur iku dironce, aksara Jawa cacah 20 iku
nduweni teges: Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi
tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati,
(bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanti
bakal thukul (ing) ngalam donya.
JANGKA KAMARDIKAN
Ing jagad kejawen ana sawijining jangka utawa ramalan kang unine
mangkene: Benjing menawi sampun wonten Pandita utawi Wiku Angesthi
Sawiji, ing ngriku awit saking karsaning Sang Hyang Widi kendeling
dahuru. Tanah Jawi wiwit tata tentrem.
Jangka arupa candrasengkala iki tlesihane mangkene: Pandhita (7),
Wiku (7), Mangesthi (8), Sawiji (1). Tibane taun Jawa 1877 utawa taun
1945 M. Jangka kasebut duwe karep, kahanan bakal tata tentrem sawise
kita merdeka, yaiku taun 1945.
Sawise merdeka, pranyata perang isih makantar-kantar. Ing jaman
sawise merdeka iku mula ana maneh tetembungan kang werdine sinengker.
Mangkene: Galibedan tudang-tuding kados tiyang edan, metangi sakathahing
tiyang. Lan uga tetembungan: Diwolak-walik gosong. Ukara sinengker iki
candhakane taun 1881 Jawa (1949 M) yaiku taun penyerahan kedaulatan saka
Belanda menyang RI.
Angka taun 1881 iku nuduhake tembung tudang-tuding (angka 1 cacah
loro) lan tembung diwolak-walik gosong (angkane 1881 diwolak-walik sami
mawon). Saliyane iku, angka 1881 yen ditulis nganggo aksara Jawa
mangkene: 1 (ga), 8 (pa/aksara gedhe). Banjur dadi tulisan ga-pa-pa-ga
(gak, pa-pa, gak). Karepe, ing penyerahan kedaulatan taun 1949 iku
Belanda wis gak, pa-pa, gak (ora ana apa-apane), pancene kudu ngono
manut jangka.
Nalika jamane R Ng. Ranggawarsita, tau panjenengane ditakoni dening
CF Winter, sawijining bangsa Landa kang kasengsem marang sastra Jawa.
Pitakone mangkene, “Kyai Pujangga, manut wawasan Kyai kang waskitha,
kapan kira-kira surute panguwasane Belanda ing Tanah Jawa iki?”
R. Ng. Ranggawarsita kanthi aris mangsuli, yen mengko wis ana “Ori
awoh gaga lan Gusti Patih wuda”, iku titi mangsane Walanda oncat saka
bumi Jawa. Mesthi wae CF Winter ora ngerti apa sing dikarepake. Apa ana
pring ori kok awoh pari gaga lan Gusti Patih kok ora duwe isin.
Sing dikarepake unen-unen mau, Ori dudu pring nanging jenenge
Gubernur Jendral Belanda. Gaga dudu pari nanging aksara Jawa “ga” jejer
loro, kang tegese angka 11 (sewelas), yaiku samangsa rajane Paku Buwana
XI (1939-1945). Ya ing wanci kuwi Landa bakal oncat saka Jawa. Dene sing
dikarepake Gusti Patih wuda, yaiku patihe PB XI ingkang asma
Jayanagara. Sing dikarepake wuda yaiku jenenge kang nglegena
(Jayanagara), aksara Jawa yen ora disandhangi disebut nglegena (wuda).
PERANG DUNIA I LAN II
Kang pungkasan, yaiku sesambungane aksara Jawa klawan Perang Dunia I
lan II. Perang Dunia I suwene limang taun, yaiku 1914-1918. Angka taun
1914 yen digunggung ketemu angka 15 (1+9+1+4). Angka 15 kagunggung maneh
candhakane angka 6.
Sabanjure angka taun 1915, 1916, 1917, lan 1918, yen digunggung kaya
cara ing dhuwur iku bakal ketemu candhakan angka, 7, 8, 9, lan 10.
Angka-angka candhakan 6, 7, 8, 9, 10, yen dilebokake ing wilangan aksara
Jawa ketemu aksara Da, Ta, Sa, Wa, La (padha padu utawa perang). Pancen
bener, taun 1914-1918 ana perang.
Semono uga tumrap mbledhose perang Dunia II kang uga 5 taun suwene,
yaiku 1941-1945. Yen angka-angka taun 1941-1945 kita gunggung nganggo
cara ing ndhuwur, uga bakal ketemu angka 6, 7, 8, 9, 10. Persis uga
kepethuk maneh aksara Datasawala kang ateges ing taun-taun iku dumadi
perang.
Apa besuk yen bledhos Perang Dunia III taune uga cocog maneh kaya ing dhuwur iku? Mung Gusti Allah sing pirsa.
source : jaya baya
Posting Komentar untuk "Aksara Jawa Lan Perang Dunia"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.