Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI TEKS EKSPOSISI ADAT MANTU BASA JAWA

 

TEKS EKSPOSISI ADAT MANTU

Dening : Evi Wijayanti, S.Pd

 

KOMPETENSI DASAR

3.4  MEMAHAMI ISI TEKS EKSPOSISI TENTANG ADAT TRADISI MANTU

4.4 MENANGGAPI ISI DAN MENULIS TEKS  EKSPOSISI TENTANG ADAT TRADISI MANTU

PANGERTENE EKSPOSISI

Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangretene pamaos bisa mundhak. Mula saka iku karangan eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane bisa ditindakake nganggo cara apa wae ing antarane wedharan proses lan wedharan ilustrasi.

Bab kang diinformasikaken ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

       Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata kedadeyan, ana lan bisa asipat historis (bisa dicritakake kanthi cetha)

       Sawijining analisis utawa penapsiran objektif saprangkat fakta

       Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan

TRAP-TRAPAN MEKARAKE CENGKORONGAN DADI PARAGRAF EKSPOSISI

NEMTOKAKE TEMA

Sakabehe pikiran utama saka pikiran kang kamot sajroning cengkorongan tulisan mekarake dadi ukara utama lan ukara katrangan.

NEMTOKAKE ANCAS KARANGAN

Ing kene penulis njlentrehake pokok masalah kang kamot ing tema. Mula iku diprelokake fakta-fakta kang kudu dirakit kanthi becik supaya gampang kawaos.

NGLUMPUKAKE BAHAN KARANGAN

Bahan tulisan eksposisi bisa digoleki saka maneka warna sumber. Umpamane buku, majalah, layang kabar, lan sapiturute. Panulis uga bisa entuk bahan tulisan kanthi cara wawancara

GAWE CENGKORONGAN

Sajroning nulis karangan, panulis prelu gawe cengkorongan tulisan, amarga sakabehe bahan kang diklumpukake kudu dirinci lan dipithati kanthi premati.

Mekarake cengkorongan dadi paragraf kang wutuh

Supaya ora kangelan anggone nulis lan mekarake isi karangan, mula tema kang digarap aja kamban jangkane/temane. Yen tema kang bakal mekarake temane kamban becike diwatesi utawa didadekake tema-tema cekak

TATA CARA ADAT MANTU

Mantu yaiku sawijining tradhisi kang ditindakake kulawarga nalika ngomah-omahake putra-putrine kang dianggep wis dhiwasa. Diarani omah-omah sabab dadi cara kanggo nyawijekake anak wadon karo pasangane lan banjur urip dhewe manggon saomah. Manunggaling anak wadon lan lanang kaangkah bisa nemokake kamulyan sejati, lan bisa kanggo sarana antuk putra kang minangka panyambunging urip.

      Mantu mujudake upacara adat Jawa kang ditindakake kanggo ngesahake lan byawarakake sawenehing pasangan wong omah-omah (suami lan istri) klamun wis nindakake rabi. Upacara mantu ditindakake sawuse tatacara agama (nikah) wis rampung utawa wis sah.

       Miturut acarane mantu bisa diperang dadi loro, yaiku “mantu’’ lan ‘’ngundhuh mantu.” Mantu yaiku pahargyan panganten kang ditindakake ana omahe kulawarga penganten putri. Dene, ngundhuh mantu pahargyan penganten kang ditindakake ana omahe kulawarga penganten kakung kang padatan wektune pitung (7) dina sawuse upacara mantu. Umume upacara mantu ditindakake luwih regeng tinimbang upacara ngundhuh mantu.

TATA CARA ADAT MANTU

1. LAMARAN

Lamaran Pengantenan

Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

2. SIRAMAN

Siraman Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

3. MIDODARENI

Midodaren Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

4. SRAH-SRAHAN

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ana ing papasrahan yaiku dhuwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

5.IJAB KABUL

Upacara iki pratandha antarane pihak kakung lan estri sah dadi pangenten.

6. UPACARA PANGGIH

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu saka omah lan di delehake neng prapatan cedhak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman

7. UPACARA BALANGAN SURUH

Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

8. UPACARA WIJI DADI

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

9. SINDURAN
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.

10. TIMBANG

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.

11. KACAR-KUCUR

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ana pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

12. DHAHAR WALIMAH

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

13. Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara

 

Posting Komentar untuk "MATERI TEKS EKSPOSISI ADAT MANTU BASA JAWA"