Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Tuladha Pranata Cara

SUSUNAN ACARA
SARASEHAN SLASA LEGEN KE-53
07 September 2014
”Memayu Hayuning Bawana”

Pamicara               : 1. Ki Mulyana (Dosen Undip)
Tema                    : “Memayu Hayuning Bawana
Penglaras              : Bp Didik Supriyadi
Mahas ing raras    : Bp Widodo BS/................................
pambagyaharja     : Bp Indrawan Nur Cahyono
A.    Praacara
1.  Rengeng-rengeng klenengan kadang sekar dhomas.
2.  Macapatan
a.
b.
c.
d.
3. Nggurit
a.                                              c.
b.                                             d.
Wosing Adicara
1.    Pambagyaharja
2.    Adicara Sarasehan                
Moderator
3.    Acara Selingan
Ø  Gendhing ................................ (Sekar Domas Unnes)
Ø  Tari Golek Tirta Kencana
4.    atanya winangsulan                        
B.     Penutup
Mahasing raras.

1.     Nuwun…kawula nuwun…
Mahardikeng tyas ring kamardikan,. Nugraha gung wilasaning gusti kang maha agung, mugi anggung sumandha, saha tansah kesdu hambabar ing kautaman, kabegjan, saha kabagas warasan, tumanduk wontening jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja niskala…satuhu..
2.     Para sesepuh myang pinisepuh para pepundhen, ingkang pantes sinungkeman saha ingkang tansah dipuntengga menapa ingkang dados sembur-wuwur-tuturipun, para pangemban pangembating praja ingkang winantu ing basuki, para sanak kadang sentana warga pamong mitra ing UNNES ingkang tansah sinambrama ing pamboja, waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
3.     Keparenga kula pun ……………….. dalah…………………., cumanthaka wonten ing ngarsanipun panjenengan sedaya, inggih awit ngayahi jejibahan minangka pangendhaliwara sarasehan ing dalu menika.
4.     Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan keparenga kula badhe mbabar reroncen acara sarasehan ing dalu menika:
a.    Pambuka
b.    Atur pambagyaharja saking panyangkul gati
c.    Adicara Sarasehan
d.    selingan
e.    atanya Winangsulan
f.     mahasing raras
g.    Panutup
5.     Minangka purwaka utawi pambuka, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manungku pujabrata sumujud ing sahandap pepadanipun gusti ingkang maha agung anut pandam-pandom, agami, sarta gegebenganipun sowang-sowang, estining manah mugi sarasehan slasa legen dalu punika saged katindakaken kanthi gancar lancar sepi ing sambekala. Namung mligi katur dhumateng para rawuh ingkang hangrasuk agami islam sumangga panjengan sedaya kula dherekaken maos waosan tasmiyah sesarengan.
6.     Dwityatcara utawi tatacara ingkang angka kalih nuninggih atur pambagyaharja saking pangarsaning panyangkul gati ingkang badhe katindakaken dening Bapa................................................... Sumangga, nuwun
Sarasehan
7.    Nitik sasmita ingkang sampun kula tampi, sampun dungkap wahyaning mangsa kala adicara sarasehan slasa legen kanthi tema Memayu Hayuning Bawan, ingkang badhe dipunbabar dening panjenenganipun  (Ki Mulyana (Dosen Undip)), badhe kawiwitan. Adicara sarasehan mangke badhe kapandhegani panglaras/ moderator nuninggih Bp ........................................ Pramila katur panjenenganipun mangsa borong anggenipun badhe ngolah kridha lampahing sarasehan. Awit saking menika, sumangga, nuwun.
8.     Selingan
Saderengipun acara dipun lajengaken badhe wonten atur pasugatan arupi beksan “Golek Tirta Kencana” ingkang badhe katindakaken dening Mbak Yusri lan Isti Komariyah saking UKM Tari Kesenian Jawa.
9.     Atanya winangsulan
Inggih, adicara salajengipun inggih menika atanya winangsulan.
10.  Para rawuh kakung putri ingkang hambeg sadu ing budi, adicara candhakipun nuninggih Mahasing raras ingkang badhe dipun pandhegani dening Bapak Widodo Broto Sejati. kanthi menika, sumangga, nuwun.
11.  Panutup

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan. setunggal baka setunggal lampahing tatacara sarasehan ing dalu punika sampun katindaaken kanthi gancar, lancar, raharja nir ing sambekala, wahyaning mangsa kala wus ndungkap titipurnaning pahargyan. Wonten ing pungkasaning adicara sarasehan ing dalu menika , kula pun ………dalah.............ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita myang tatakrami keparenga kula nyuwun lumunturingsih samudra gung pangaksami. Pramila ndamar mancung cinupet, cekap semanten atur kula. Minangka panutuping atur, Sugeng pepanggihan malih ing adicara saresahan candhakipun, Maturnuwun, Wassalamualaikum Wr.wb,

1 komentar untuk "Tuladha Pranata Cara"