Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

RESENSI NOVEL NONA SEKRETARIS KARYA SUPARTO BRATA



RESENSI NOVEL NONA SEKRETARIS KARYA SUPARTO BRATA



Disusun Guna Memenuhi Tugas Mata Kuliah Menulis Kreatif
Dosen Pengampu : Prembayun Mijil Lestari

Oleh
EVI WIJAYANTI
2601413061
Rombel 3





PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2014
RESENSI NONA SEKRETARIS

1.      Identitas Buku
Judul Buku          : Nona Sekretaris
Penulis                :  Suparto Brata
Bahasa                : Jawa
Genre                  : Roman
Penerbit               : Penerbit Narasi
Tahun Terbit        : Cetakan Pertama 2010
Halaman              : 264 halaman
Lebar dan Tinggi Kertas        : 14,5 x 21 cm
Jenis kertas           : Hvs
ISBN                    : 979-168-247-X
  




2.      Sinopsis Cerita
Sirtu yaiku Kenya 21 taun lulusan SMA asal Sragen lunga menyang Jakarta amarga wis ora betah neng desane amarga dijodho-jodhoke karo ibune, neng Jakarta Sirtu mug nduwe modhal ketrampilan ngetik lan pinter basa inggris. Tekan Jakarta Sirtu ngekos neng daerah Lurung Tambak. Sirtu ketrima nyambutgawe neng Kantor impresario sing butuhakejuru ketik utawa sekretaris. Kantor kuwi biasa diarani Kantor Biro Pentas Artis.
Sirtu disenengi karo Bathara Nainggolan, nanging dheweke seneng karo Ugrasamsi wakil direktur neng kantore sing wis janji bakal nglamar dheweke.
Ing sawijining dina Sirtu dijak neng Night Club karo Bathara Nainggolan kanggo dikenalke karo wong tuwane. Tekan kono Bathara Nainggolan malah ngomong yen Sirtu iku calon tunangane, Sirtu kaget wong dheweke lunga menyang Night Club arep dijak mangan eeh malah di kenalke wong tuwane. Bapake Nainggolan wonge momong lan ramah dadi Sirtu sungkan arep nampik. Keluwarga Nainggolan kuwi sugih banget dadi bengi kuwi ana wartawan sing teko mawancarai Sirtu, lan Sirtu ora bisa nolak.
Isuke Sirtu ditekani karo Julaeha amarga ning koran ana berita ngenani Sirtu tunangan karo Bathara. Sirtu langsung kaget bathine piye yen Ugrasamsi ngerti. Wektu ing kantor para pegawai pada ngingeti Sirtu lan ngucapke selamat marang Sirtu. Ing njero ruangane Sirtu ya diucapke selamet karo bos lan Ugrasamsi nanging Sirtu njelaske yen Bathara ora tunangane. Amarga tresna karo Sirtu Ugra percaya wae apa sing diomongke mau.
Nalika kuwi Kantor Biro Pentas Artis enthuk proyek saka Normasari ing kutha-kutha Indonesia. Nanging ana permasalahan amarga Normasari ora gelem duet karo Lestari Dewi, mula Bathara Jarum, Ugrasamsi lan Surti pada mikir sapa sing bisa gantikake Lestari Dewi nanging ora bisa ngalahke Normasari. Banjur Surti kepikiran kancane yaiku Julaeha, lan ngomong yen piye nek penggantine Lestari Dewi kuwi Juleaha. Banjur diomongke Danan sing ngurusi artis-artis, Danang setuju anggone Sirtu amarga dheweke ya wis ngematke Juleaha pirang dina iki lan dheweke ya nduweni bakat.
Akhire ning pirang-pirang road show  Juleaha ganteni Lestari Dewi. Wektu ing Surabaya Sirtu ketemu karo Wasis bocah lanang sing gantheng lan ramah marang dhekne.
Banjur ning akhir dina Sirtu bali karo Normasari, lan 2 kancane. Banjur Wasis teka lan ngucapke salam perpisahan kanggo Sirtu. Lan nawarke supaya diterke neng Bandara. Sirtu lan kabeh mau setuju wae. Banjur wektu ing dalan Sirtu ngerti mobile Ugra, lan ing njerone ana Juleaha. Normasari lan kanca-kancane manas-manasi Sirtu yen Ugra pancen wateke ngono. Banjur Normasri ngakon Wasis supaya ngetutke mobile Ugra. Ndilalah tenan omonge Normasari Ugra lan juleaha mandheg ing njero villa.
Sirtu atine panas, awake kayak arep rubuh. Untung wae ana Wasis sing bisa gawe adheme atine Sirtu. Banjur Sirtu sadhar yen Mas Wasis sing serius karo dheweke. Lan esuke Mas Wasis karo wong tuwane teka ing Sragen nglamar Sirtu.

3.      Unsur Intrinsik
a.       Tema
Tema saka Novel Nona Sekretaris yaiku Kagigihan utawa Kaprigelan anggone wanita niti karir.
b.      Penokohan lan Watak
Tokoh ana ing novel iki yaiku :
1.      Sirtu
Srtu yaiku tokoh utama ning novel Nona Sekretaris, gadis desa saka Sragen sing lunga menyang Jakarta supaya bisa golek gawe, nduwe watak sing sregep.
Kutipan : “Heh ? wis rampung ? wah hebat! Hebat ! sinau neng ngendi korespondensi inggrismu?! Baharudin ngacungake tangane, nyalami Sirtu, digenggem kenceng, digoncang-goncang ! katone seneng banget ! (kaca : 29)

“wah, kowe pinter banget ya! Yen ora pinter mangsa gampanga ngono ndang cekel gawe ! priye ta olehmu ngangsu kaprigelan lan ketrampilan?” (kaca : 37)

2.      Juleha
Kancane Sirtu sing kapengin dadi artis tenar. Watake Juleha yaiku ceplas-ceplos nalika isih enom nanging wis dandan kayak wong dewasa.
Kutipan : sirtu waspada. Bocah mau – satemene praene lan tindak tanduke pancen isih mbocahi, mung dandanane kang niru-niru wong diwasa kaya gedhang karbitan – katone ora duwe niyat ala. Anggone nyapa grapyak lan sajake jujur/ (kaca : 10)

Juleha ngguyu wagu sadurunge mangsuli,” aku iki lola wiwit umur sepuluh taun, nalika isih klas papat. Nutugake sekolah nganti tamat dibayari lan numpang mangan nggone Bu Lik, nutugake sekolah menengah dakrewangi ider dodol panganan. (kaca 37)

3.      Normasari
Normasari yaiku penyanyi papan atas sing nduwe watak keras, clengekan, lan ora gelem kalah.
Kutipan : Normasari wateke pancen keras ! Keras nemen! Sakjane Puspita Dewi ora duwe kesalahan apa-apa. (kaca 68)

Norma kang angen-angene Sirtu digambarake kadidene wong kereng, galak , judhes, jebul marang Sirtu grapyak, semanak lan ngajak memitran. (kaca 145)

4.      Baharudin Jarum
Burhanudin yaiku direktur sing neng Kantor Biro Artis, watake bijaksana lan bisa ngayomi kabeh pegawaine.
Kutipan :Baharudin Jarum aweh sasmita marang karyawane supaya pada mundhur, bali menyang papan panggone dhewe-dhewe.. . Wasana mung kari Baharudin Jarum, Dhirekture . wong tuwa iki kanthi wicaksana kandha sareh. (kaca 124)

5.      Ugrasamsi
Ugrasamsi yaiku wakil direktur ing Kantor Pentas Artis, wonge gantheng, pinter lan gampang sesrawung karo wong liya. Nanging tukang mbliduki
Kutipan : ugrasamsi dadi kembang lambe. Luwih maneh Baharudin, anggone ngumukake keprigelan Ugra ora entek-entek. (kaca 31)

“ugra mesthi pinter masarake, embuh gawe resensi embuh pasang iklan ! akale pinter wong kuwi! Saking kumrungsunge atine Baharudin nganti ana relasi kang mertamu mrono ora digape utawa disepeleke. Cekake nomer siji wektune iki Ugrasamsi ! (kaca 32)
  
Normasari ganti elik-elik marang Sirtu, ngandhani yen Ugrasamsi kuwi ula, lanang licik, lecekan. Aja dolanan katresnan karo wong lanang ula kuwi ! (kaca 250)

6.      Bathara Nainggolan
Bathara Nainggolan yaiku wong lanang sing ngesir karo Sirtu, watake kudu kelakon apa sing dikarepke, lan semugih.
Kutipam : Bathara sanajan wong Batak, swara kagoke ora nuduhake patrap ugal-ugalan. Bisa uga marga isih nandhes disentake Baharudin mau, semangate brontak nglawan dadi luruh ngalahan. (kaca 36)

7.      Danang
Kancane Sirtu sing gumati nanging tukang selingkuh karo Juleha.
Kutipan : Danang mau rak njujug  Cempaka Putih. Kowe mau kepethuk rak ora apa-apa ta?”Danang ! Danang malem minggu rak ora ,ulih  ! rak karo Julehaque ! Eh, priye ta wong kuwi  ! mbelani Julehaque nganti gesrek karo bojone.! (kaca 166)

8.      Drs, Pambudi
Drs. Pambudi yaiku wong sing seneng marang Sirtu ning kampunge, watake ora jujur lan ndhuwurke pangkat.
Kutipan : emoh kaya Drs. Pambudi, golek pangkat, golek palungguhan ing dhinese ora merga kewasisan lan kepethelane nyambut gawe, nanging merga pintere setor rai marang Gubernur utawa Walikota ! (kaca 30)

Wong lanang Drs. Pambudi kuwi kerep wae dianggep kaduk wani kurangajar, cluthak, wani ngrudapeksa ngekep lan ngambung dheweke kanthi nyolong-nyolong. (kaca 55)

9.      Mas Wasis
Mas Wasis  yaiku wong sing senneng Sirtu nduweni paras gantheng lan Seneng tetulung marang wong. Lan cah lanang sing bisa dipercaya.
Kutipan : Wasis gage ngranggeh bangkekane Sirtu. Sortu wis meh ora kuwat ngglawat, terus niba nglendheti Wasis! Oh, wis suwi banget rasane dheweke ngulandara kepanasan, ngarep-ngarep olehe nemokake wit pengayoman ! lan saiki ketemu! Ya iki wit lanang sing digoleki saparan-paran ing ara-ara kang panase ngenthak-ngenthak. (kaca 257)

c.       Alur
Alur sing digunakake ing novel iki yaiku alur maju, ceritane runtut gampang dingerteni, nanging ya ana bagian sing flashback sithik.

d.      Latar
Latar panggon :
1.      Jakarta
Kutipan : “ urip neng Jakarta ora ngerti lijin bis kota lan ora gelem numpak bis kota, bisa cotho. Kejaba yen uripe mewah,”tuture Juleha nalika Sirtu ngesok gumune. (kaca 14)
2.      Kebon Nanas
Kutipan : Sirtu wis tau dijak mrono lan tepungan karo keluwarga Kebon Nanas kono. Klakone pitepungan nganti cukup akrabkuwi wis telung taunan kepungkur. Saiki bapake wis ora ana. Sirtu teka ing Kebon Nanas ijen. (kaca 9)
3.      Pulo Gadung
Kutipan : Ora mbuwang wektu, esuk teka saka Pulo Gadung. (kaca 9)
4.      Lurung Tambak
Kutipan : sorene Sirtu diterake nonthoni pondhokan ing Lurung Tambak. (kaca 9)
5.      Kantor Pentas Artis
Kutipan : “ Delengen Kantor Pentas Artis. Tujuanku esuk iki mrono, nglumpuk karo grupku. Kowe melu aku apa? “ ujare Juleha nalika ana njero bis kota, karo nudingi  gedhong sing arep diparani Juleha. (kaca 14)
6.      Biro Jasa Kartika
Kutipan : rada suwe sidane Sirtu lagek nemokake Kantor Biro Jasa Kartika. Gedhonge cilik yen katandhing karo gedhong sakiwa tengene, nanging platarane jembar, nganggo emperan kang cukup bawera. (kaca 15)
                        Latar Wekdal
1.      Esuk   
Kutipan : esuk kuwi wis metu dhuwit rong puluh ewu kanggo ndhaftarke thok! (kaca 18)
Sarapan esuk ing warung ijo, lagi ketemu Juleha. (kaca 27)
2.      Awan
Kutipan : awan kuwi ana rapat ing kantore. (kaca 59)
3.      Sore
Kutipan : sorene, nalika Sirtu arep budhal mangan menyang Warung Ijo, ngarep-ngarep bakal ketemu Juleha lan arep mblakani yen dheweke wis nyambutgawe melu Baharudin Jarum, . (kaca 35)
4.      Wengi
Kutipan : bengi-bengi kok maradhayoh menyang nggonku! Iki mau satemene ya mung lamis-lamis lambe!’’ ujare Sirtu nglucu. (kaca 44)

e.       Gaya Basa
Gaya basa sing digunakake yaiku simile lan metafora
Simile        :
Kutipan : nanging krungu omonge iki mau, genah yen dheweke jero segarane. (kaca 38)
Umuk-umukan kaya ngono kuwi sing marahi Sirtu tumus rasa ora seneng, lan kaya disabet-sabet awake- kaya jaran dhokar disabeti kusire supaya lakune ending-endang-supaya enggal lunga saka Sragen ! (kaca 52)

f.       Sudut Pandang
Sudut Pandang sing dienggo yaiku sudut pandang orang ketiga.
Kutipan : sirtu ngrangkul bangkekane Ugra lan nyelehake sirah kang dibuntel rambut lembut kuwi ing pundhake Ugra. (kaca 89)
g.      Amanat
Kutipan : urip ora bisa jejeg yen ora dituwak wong liya! Nggampangake. Ngurangi gregete perjuangan!

4.      Kaluwihan lan Kakurangan
1.      Kaluwihan
a)      Isi, kayata kuwalitas, kalengkapan, lan lawas orane buku.
Kualitase ya cukup apik , diterbitke neng Yogyakarta karo Penerbit Narasi. Novel iki miturut aku wis cukup lengkap, saka cover ngarepe tekan mburine. Kaanyaran, novel iki bisa diarani gak suwi-suwi banget, cetakan kapisan terbit taun 2010.
b)      Basa, kayata kalancaran, katrepan, lan komunikatif basa.
Novel iki ditulis basane lancar amarga tokoh-tokoh sing “urip” ing pirang-pirang karakter, gawe  novel iki ora mung diwaca minangka crita picisan utawa  biasa, nanging menehi pengetahuan carane urip neng kota gede. Novel iki ya pas saka anggone ngolah tembung-tembung, gawe crita ing novel iki kayata bener-bener kedadean. Basane uga komunikatif, gampang dipahami karo sing maca. Didelok saka alur ceritane uga gampang dingerteni, amarga diceritake runtut nganggo alur maju, ananging ana  bagian sing nyeritake ‘fash back’ kanggo nglengkapi kaperluan crita..
c)      Kemasan Novel.
Novel iki dikemas cukup apik. Sadurunge maca, sing maca disuguhke karo synopsis neng mburine dadi para pemaca dadi luwih kepengin maca..

2.      Kekurangan
Sing ora patio apik, pancen tokoh Sirtu. Kok gampang banget, kenya saka kutha cilik, nembe sedina neng Jakarta banjur wis entuk gawean. Banjur langsung dadi paraga penting ana ing kantor impresario. Sanadyan dudu perusahaan gedhe.
Akeh nggunakake basa sing kasar, sing durung dingerteni sing maca.

5.      Manpaat Novel
Manfaat saka novel Nona Sekretaris yaiku :
1.      Saka maca novel iki, kene bisa ngerti deskripsi ngenani kota-kota ning novel iki kayata Sragen, Surabaya, lan Jakarta
2.      Menehi tuladha sing becik ngenani angele urip neng Jakarta lan persaingan golek pegawean.
3.      Bisa kanggo hiburan nalika wektu lega.
6.      Saran Novel
Novel Nona Sekretaris iki wis becik, nanging critane kudu luwih realistis malih amarga ing crita iki akeh kedadean sing ora masuk akal.
                                                                                                                            

Posting Komentar untuk " RESENSI NOVEL NONA SEKRETARIS KARYA SUPARTO BRATA"