Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

SOAL PAWARTA KELAS 8 SMP

 


ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA PAWARTA
oleh : Evi Wijayanti, S.Pd 

A. Piliha wangsulan A, B, C utawi D kanthi menehi tandha (X) ing pilihan kang kaanggep paling leres!

 

 Kirang langkung 30 kesenian saking pinten-pinten dhaerah ing Jawa Tengah lan Yogyakarta sumadya ngramekaken “Taman Budaya Jawa Tengah” utawi “Taman Budaya Surakarta” Solo ing adicara panggung seni seribu bunga ingkang kawiwitan dina setu (24/1) ngantos dumugi dinten Jumah (30 Adicara menika dipungelar dinas pendidikan kabudayan Provinsi Jawa Tengah ingkang ngemonah TBS Solo. Sedaya kesenian dening 30 pepanthan kesenian saking tlatah Jawa Tengah lan Yogyakarta saged dipunpirsani warga kanthi lelahan/gratis, miturut ketua Bidang Pengembangan Seni TBS Solo. Pagelaran panggung seni 1000 bunga ancasipun badhe kagelar saben taun kawiwitan taun menika.

 

  1. Irah-irahan ingkang trep kangge njengkepi pawarta ing nginggil menika....

A.    Panggung seni seribu bunga ing TBS      

B.     Pagelaran ing TBS

C.     Kesenian ing TBS                                    

D.    Taman Bunga Jawa Tengah

  1. Manut pawarta ing nginggil menika, TBS menika singkatan saking Taman Budaya....

A.    Semarang

B.     Surakarta                                                  

C.     Solo                                                          

D.    Sleman

  1. Saking pawarta ing nginggil menika ingkang kalebet unsur paraga inggih menika....

A.    panggung seni seribu bunga                     

B.     adicara pagelaran

C.     Dinas Pendidikan

D.    Kesenian Yogyakarta

  1. Dipunwiwiti tanggal pinten adicara Panggung Seni Seribu menika ....

A.    29 Januari

B.     24 Januari

C.     20 Januari

D.    14 Januari

  1. Pegelaran panggung seni ‘seribu bunga’ ancasipun  kangge nglestarekaken kesenian ing Jawa Tengah. Ancas ing ukara kasebat nggadhahi teges....

A.    supados

B.     kangge

C.     tujuan

D.    miturut

Mengeti Hari Tari Dunia, Unnes mbeksa 25 Jam

Amengeti Hari Tari Dunia warsa 2016, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang, ngawontenaken pagelaran tari 25 jam.. Wiwit tabuh 09.00 enjing 29 april dumugi tabuh 10.00 enjing 30 april 2016. Pengetan menika dipungelar ing Laboratorium Budaya dan Edu wisata Kampus Unnes Sekaran Gunungpati. Kanthi nyuguhaken 171 jinis tari ingkang dipunparagakaken 2000 penari saking mahasiswa, sanggar seni, sekolah, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.

Pengetan Hari Tari Dunia 2016 menika, mawi tema “Meneguhkan Tari sebagai Media Edukasi dan Konservasi”. Pikajengipun, mugi saged mujudaken Universitas Negeri Semarang minangka Kampus Konservasi, ingkang tansah nglestantunaken kabudayan jawi. 

Awit gelaripun acara menika, Unnes kaparingan penghargaan saking Lembaga Prestasi Indonesia-Dunia utawi (LEPRID) kanthi gelar “Pagelaran Tari Dengan Varian Terbanyak Diikuti 171 Penyaji oleh 2000 Penari Secara Maraton Selama 25 jam”.

6.      Menapa tema ingkang dipunginakaken wonten ing  Hari Tari Dunia 2016?

A.    Meneguhkan Tari sebagai Media Edukasi dan Komunikasi

B.     Pagelaran Tari Dengan Varian Terbanyak Diikuti 171 Penyaji oleh 2000 Penari Secara Maraton Selama 25 jam

C.     Meneguhkan Tari sebagai Media Edukasi dan Konservasi

D.    Pagelaran Tari Dengan Varian Terbanyak Diikuti 170 Penyaji oleh 2000 Penari Secara Maraton Selama 24 jam

7.      Sinten kemawon peserta ingkang ndherek nyengkuyung wonten ing Hari Tari Dunia 2016?

A.    mahasiswa, sanggar seni, komunitas, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.

B.     mahasiswa, sanggar senam, sekolah, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.

C.     mahasiswa, sanggar seni, sekolah, lan seniman tari sanesipun Unnes.

D.    mahasiswa, sanggar seni, sekolah, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.

8.      Kapan adicara Hari Tari Dunia 2016 kalampahan?

A.    29 april dumugi 30 april 2016

B.     28 april dumugi 30 april 2016

C.     29 april dumugi 3 april 2016

D.    26 april dumugi 30 april 2016

9.      Wonten pundi pementasan tari kalampahan?

A.    Laboratorium Budaya dan Edu wisata Kampus Unnes Sekaran Gunungkidul

B.     Fakultas Bahasa dan Sastra Universitas Negeri Semarang

C.     Laboratorium Budaya dan Edu wisata Kampus Unnes Sekaran Gunungpati

D.    Lembaga Prestasi Indonesia-Dunia utawi (LEPRID)

10.  Kenging menapa adicara kasebut dipunwontenaken?

A.    Penghargaan saking Lembaga Prestasi Indonesia-Dunia utawi (LEPRID)

B.     mujudaken Universitas Negeri Semarang minangka Kampus Konservasi, ingkang tansah nglestantunaken kabudayan jawi. 

C.     Pagelaran Tari dipundhereki penari-penari ngantos 25 jam

D.    Amengeti Hari Tari Dunia warsa 2016

B. ESSAY

1. Semaken wacan kasebut banjur golekana unsur 5W+1H saka wacan pawarta kasebut!

Kepleset, Siswa SMP Tiwas

Dewu 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu Kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkang inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkang wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.

Manut katerangan ingkang dipunkempalaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Dewi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang lepen sukunipun kepleset. Dewi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun Dewi lajeng kanyut ngantos air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika.

2 komentar untuk "SOAL PAWARTA KELAS 8 SMP"