Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Asal-Usul Kota Cepu

Narasumber   : Mulyana, 1950, Jl. Aryo Jipang Lr. 2 Timur
           

            Wonten kerajaan Panolan sing dipimpin karo Pangeran Benowo lan Kerajaan Mataram sing dipimpin karo Hadiwijaya. Kerajaan Panolan mbiyene yaiku Kecamatan Kedungtuban. Pangeran Benowo isih duluran karo Hadiwijaya. Wektu kuwi Hadiwijaya ora ndhuwe putra banjur ngangkat anak sing jeneng Sutawijaya, Sutawijaya diwenehi kekuwasaan karo bapake ning daerah alas mentao, Banjur alas mau dibabat lan dibangun kerajaan sing jenenge Mataram Islam. Mataram Islam wektu kuwi ndhuwe kedudukan sing luwih dhuwur saka Pajang. Saka kuwi gawe iri antarane kerajaan panolan lan kerajaan Pajang. Banjur Sutawijaya ngakon putrane Raden Rama kanggo nekani Pangeran Benowo. Raden Rama pancen saka cilik disayang banget karo Pangeran Benowo, banjur ana konspirasi politik ning Panolan sing dilakoni Ki Balun supaya Pangeran Rama ora entuk nemoni Pangeran Benowo. Banjur kedadean perang antarane Ki Balun lan Pangeran Rama, wektu kuwi Rama kalah amarga kena tombak ning pupune. Amarga kuwi Cepu saka tembung nancep ning pupu.

Narasumber     : Choirul Anam, Guru Sejarah SMP 3 Cepu

Sejarah Kota Cepu saka perang antarane Arya Penangsang lan Sutawijaya, Arya Penangsang ndhuwe jaran jenenge Gagak Rimang, jarene kuwi ora tau diurus lan ora tau weruh jaran wedhok. Lha sing jenenge Sutawijaya kuwi mudheng, amarga jaran kuwi ora tau dikawinke, Jaka Tingkir ngakon Sutawijaya nganggo jaran wedok, saka peritungan kuwi pancen bener Jarane ora bisa dikendalike. Lan Arya Penangsang bisa dikalahke karo senjata tombake Sutawijaya lan mancep ning pupune Arya Penangsang.
            Amarga kuwi mula kita mbalik maneh ning sejarah Jipang iku awale kepiye? Jipang mbiyen awale saka kerajaan Demak sing menurut sejarah kuwi abad 1500, kaping pisan Rajane yaiku Raden Fatah, dheweke ndhuwe anak jenenge Adipati Yunus utawa Pati Unus , banjur Patah ngakon anake ben dadi Raja Demak genteni dheweke sing wis sepuh. Wektu itu armada kapal sing ditumpangi Pati Unus kena meriam saka Portugis. Lan Unus mati syahid ning kono. Banjur Yunus diganteni karo Sultan Trenggana gugur diganti Sultan Prawoto. Saka kuwi Arya Penangsang isih sedulur karo Jaka Tingkir amarga padha-padha cucu. Amarga ana kisruh politik antara kerajaan mataram karo kerajaan panolan. Akhire Bapake Arya Penangsang Pangeran Seda Lepen dipateni lan mayate dibuwang, kuwi mau sing diarani Pembuwangan Politik. Nek ngono misalke Fatah kekuwasaane 25 taun, Yunus kekuwasaane 3 taun. Dadi sekitar 1550 Jipang lair lan dikirake Cepu ana.
            Miturut prasasti di Jipang iku ana makam santri sanga, kuwi santrine Arya Penangsang sing dibantai karo Sutawijaya mau. Mayate Arya Penangsang tekan saiki ijek misterius, ora mesthi ana ning Cepu, amarga ana cerita-cerita ning Bumi ayu ana makam Arya Penangsang, ning Tegal, Kaligawe, Madura uga ana. Miturut cerita awake Arya Penangsang dimutilasi lan pretelan-pretelan awake dipencar-pencar. Amarga Arya Penangsang kuwi wong sing sakti karo pasukan Sutawijaya wedi nek awake mbalik maneh banjur awake dipencar-pencar ning penjuru-penjuru angin.
 Awit kuwi sakwise Demak ning kekuwasaane Jaka Tingkir utawa Hadiwijaya, banjur pindah ning Surakarta utawa Kartasura taun 17-18, banjur ngadhek kerajaan mataram. Tekan mataram pecah dadi 4. Lha piye kondisine Cepu? Cepu dadi suram lan mundur padahal mbiyen dadi pusat dagang/ transito antarane Surakarta karo Surabaya ning Jipang kuwi abad 16-7 Jipang kuwi daerah Transito Ekonomi Jawa. Banjur pusate pindah ning Mataram, daerah dagang mau ora nduwe fungsi amarga Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir mau nganut corak agraris (pertanian) ora dagang, nanging Surabaya tetep dagang. Makane wektu Sultan Agung sing mrintah narget kota Surabaya amarga yen Surabaya ekonomi Jawa kecekel.
Mbalik ning Jipang maneh, amarga kuwi Cepu kuwi muncul abad 19, muncul maneh karo ditemoke minyak ning Ledhok lan Kawengan, pusat kegiatane ning kono. Balun, Karangboyo, tekan Padangan lan Mbaru kuwi cikal bakale Cepu Kota.  
            Cepu kuwi berkembang ning tahun 45, minyake kuwi dadi rebutan kolonial Jepang karo RI, antara kolonial Belanda karo RI lan PKI karo TNI sing paling heboh tempur ning prapatan sing saiki bangjo Cepu ngrebutke SOS, pusate Jepang wektu mlebu Cepu gawe markas ning saiki Cafe Milenium, banjur ana Gereja Kristen jawa kanggo mantau Cepu. Perkembangan Cepu wektu jaman RI orde Baru, Cepu mlebu kecamatan karesidenan. Pemerintah Orde baru lanjut dadi Kecamatan. Taun 1996 arep didadeke Kota Madya Administratif nanging gagal amarga wilayahe kurang cukup madai, akhire jaman Reformasi mbalik awale kecamatan tekan saiki. Cepu dadi booming maneh wektu ana blok cepu, ekonomi dadi lancar maneh kaya jaman jipang mau, ana kurang luwih 3000 tenaga saka luar Cepu.

Narasumber : IBU TITIN, wartawan Lentera Kota
Cepu kuwi saka mancep ning pupu, wektu mbiyen ana perang antarane kerajaan panolan lan kerajaan mataram. Pangeran Benowo wektu kuwi Raja saka Kerajaan Mataram. Daerah Mataram mbiyene mung alas sing dibabat karo Ki Ageng Pemanahan. Jeneng alas mau yaiku alas mentao, sing ngekon ala mau dibabat yaiku Ki Ageng Hadiwijaya. Alas mau didadekake Kerajaan sing jenenge Mataram Kuna. Ning Mataram kuwi ana wong-wong penting kayata Ki Ageng Giring yaiku Penasehat Ratu Danang Sutawijayasing biasane diarani Panembahan Senopati, banjur Ki ageng Penjawi yaiku Sentono Kraton Mataram lan ana Ki Ageng Pemanahan yaiku uga dadi penasehat ing Mataram.
            Wektu kuwi wis ana konflik politik antarane Mataram lan Panolan. Amarga kuwi Pangeran Rama anak saka Sutawijaya ngajak perang Pangeran Benowo. Pangeran Benowo ndhuwe bojo sing ayune ora ana tandingane jenenge Retno Sri, banjur Rama seneng marang bojone Pangeran Benowo. Amarga Retno Sri ora gelem marang Rama, banjur Retno Sri mlayu wedi karo Rama. Rama gudhak-gudhakan karo Retno Sri, amarga ora kena-kena Rama nguncalke tombak marang Retno Sri lan nancep ning pupune Retno Sri.

Posting Komentar untuk "Asal-Usul Kota Cepu"