Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Asal-usul Kota Cepu

Crita Ngenani Raden Rangga lan Raden Rama

Asal-usul Kutha Cepu

(Penyunting : Arif Nugroho, S.Pd)

Crita iki ana gegayutane karo kemelut Kerajan Demak Bintar sapaninggalane Sultan Trenggana sing gugur sawise ngupaya naklukake Pasuruan ing taun 1546. Perebutan tahta antarane anak Pangeran Sekar yaiku Harya Penangsang sing ngrasa nduwe hak karo tahta Kerajaan Demak. Kang dilakoni kanthi cara mejahi Pangeran Prawoto putrane Sultan Trenggana minangka balas dendam arep dipateni pangeran Sekar Seda Lepen. Arya Penangsang munggah tahta ing taun 1546-1568 dadi Sultan sing ke – 4, banjur Haryo Penangsang mindahke pusat kerajaan Demak ning Kadipaten Jipang Panolan (Cepu). Wektu iku jeneng Cepu muncul yaiku saka prastawa di serete Raden Rama dening Pengeran Benawa karo nggunakake jaran, sing taline digawe saka pring sing akhire di tulung karo kangmase yaiku Raden Rangga. Kedadeyan iki njalari sikil utawa pupune kena tombak utawa kang diarani "tumancep ing pupu" banjur tlatah kasebut dijenengi Cepu.

Garwane Pangeran Benawa yaiku Raden Ayu Siti Maerah sing arep didadekake putri boyongan karo Raden Rangga, namung panjenengane ora kersa, sing akhire ngloloske dhiri lan digudak karo prajurit Raden Rangga. Raden Ayu Siti Maerah nyeberangi kali Bengawan Solo lan ndhelik ing semak-semak meh arep ketawan, amarga ngetokake sirahe utawa ing basane wong kana yaiku “ndengongok” sing banjur papan kono diwenehi jeneng dadi desa Dengok.

Banjur ngloloske dhiri maneh nyebrangi kali Bengawan Solo karo munggahi pinggiran kali kanthi kangelan sarta ngendhap-ngendhap ben ora ketawan utawa ing basa Jawane “brangkang”, banjur papan kono diwenehi jeneng Desa Brangkal. Banjur Raden Ayu Siti Maerah isih bisa ngloloske dhiri, nanging Raden Rangga ora kalah pinter dheweke wis nyiapake prajurite sing liya supaya ngadhang lan akhire Raden Ayu Siti Maerah soroh raga namung dheweke mikir menawa dadi putri boyongan luwih becik dheweke mati kanthi cara lampus dhiri, banjur desa kuwi diwenehi jeneng Sorogo. Kuburane ana ing dhaerah Sorogo cedhak KPH Perhutani Cepu.

Crita dibacutake, wis kurang luwih 3 pisowanan ora teka, sultan Sutawijaya ngakon putrane Pangeran Rama teka ning Panolan kanggo takon ana masalah apa kok wis kaping 3 pisowanan ora teka? Miturut Penolan dhewe turene ora perlu sowan asok bulu bekti ing Demak Bintara amarga kekayaanne Panolan wis kanggo kabutuhane rakyat Panolan dhewe. Nanging masalah utamane yaiku masalah kedhudhukan. Banjur Pangeran Rama teka neng Panolan, diwiwiti kanthi pirembagan dhisik nanging amarga ora ana kasile banjur kedadeyan perang antarane Kyai Balun lan Raden Rama. Pangeran Rama kalah lan mulih menyang Demak Bintara lan lapor masalah kedadeyan kang dadi dhalang utawa propokator yaiku Kyai Balun lan Metaun. Sutawijaya mrintah Pangeran Rama lan juru Mertani teka ing Panolan maneh. Ning dalan Juru Mertani ngrembug babagan Kyai Balun pancen wong kang sakti, Kyai Balun nduwe pusaka sing jenenge Kendhil Merica lan aji-aji Mrutu Sewu. Dene cara kanggo njipuk pusaka kasebut yaiku Pangeran Rama kudu ngrayu Putri Retnowati yaiku putu sing paling ditresnani Kyai Balun kanggo njipuk pusaka kasebut. 

Ing taman sari Panolan, Retnowati dipethhuk Pangeran Rama dirayu arep didadekake garwa nanging kudu gelem nglakoni salah sawijining sarat yaiku njipuk pusakane mbahe yaiku Kendhil Merica. Banjur Retnowati nyanggupi sarat saka Pangeran Rama. Saka Taman Sari Panolan ing Plunturun lumayan adoh. Nalika ngenteni Retnowati, Pangeran Rama karo Juru Mertani gawe pesanggrahan banjur teka Retnowati gawa pusaka kasebut lan diwenehake karo Rama nanging ketawan karo Kyai Balun lan malah kedadeyan perang. Kyai Balun ngerti yen Juru Mertani gawa pusaka Kendhil Merica. Banjur Kyai Balun amarga wonge sakti mlayune cat katon cat ora, amarga kuwi Juru Mertani karo prajurite sok yen ana rejaning jaman desa iki bakal diwenehi jeneng Balun Sri Katon. Banjur Kyai Balun perang karo Pangeran Rama, Pangeran Rama kena ajian Mrutu Sewu Kendang, ngerti kuwi Sutawijaya ngakon Pangeran Rangga kangmase Pangeran Rama supaya nulungi Pangeran Rama. Banjur Kyai Balun ilang ning panggon ara-ara utawa mbulak, amarga kuwi Juru Mertani ngomong yen ana rejaning jaman desa kasebut bakal dijenengi Desa Balun Mbulakan.

Posting Komentar untuk "Asal-usul Kota Cepu"