Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Padu



Padu
Dening : Evi  Wijayanti

Kabeh-kabeh padha padu
Pemerintah padu
Wong tuwa padu
Bocah-bocah padu
Urip iki mung isine padu
Ora ana sing gelem ngalah
Banjur sing arep disalahke sapa?
Yen rumangsane padha bener kabeh.
Kesenggol sithik langsung padu
Salah paham sithik padu
Ana uga sing padu nganti tekan jeruji wesi
Mung njipuk godhong gedhang ing sawah
Bisa di sidhang amarga sing nduwe ora trima
Eeaalahh
Barang sepele kok bisa dadi gedhe
Ana sing uga nganti bacok-bacokan
Merga mung gara-gara panganan
Apa ta sing dipikir manungsa iki?
Sithik-sithik kok padu.


Posting Komentar untuk "Padu"