Penak Jamanku to?
Penak
Jamanku to?
Dening
: Evi Wijayanti
Sapa sing ora ngerti tulisan iki
Tulisan sing biasane dipajang
Ing bis-bis, truk, nganti gerobak bakso
Embuh sapa sing gawe tulisan iki
Penak Jamanku to?
Awale aku ora ngerti
Apa werdine tulisan iku?
Banjur aku takon marang simbah
Simbah mangsuli
Yen tulisan iku nyindhir pemerintah saiki.
Jaman biyen apa-apa gratis
Ora kaya saiki
Biyen sekolah gratis, kabutuhan pokok murah
Nanging saiki apa-apa larang
Nganti wong akeh padha ganthung dhiri
Ora kuwat nanggung uripe
Ya, Penak Jamanku nduk.
Ujare Simbah.
Posting Komentar untuk "Penak Jamanku to?"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.