Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Piweling Saka Guru



Piweling Saka Guru
Dening : Evi Wijayanti

Urip iki sansaya kepenak
barang-barang wis cumepak
ndak ya kowe mikir, ngger?
Kepiye carane bisa ngentuke?
Apa maneh sing dadi Pejuang
Dadi pejuang kuwi ora gampang
Akeh pejuang kang pejah nalika perang
Bocah saiki bisane mung njaluk
Buk nyuwun dhuwit, Pak nyuwun dhuwit
Dikira toh, Bapak Ibune gudhang dhuwit
Sekolah ya disekolahake
Sangu ya isih disanguni
Isih kurang wae
Ngger, ngger
Jaman saiki padha nongkrong ing café lan mall
Jaman biyen bocah-bocah nyekele gaman
Ngarit sawah golek dhuwit dhewe
Wis padha ngerti ta, angele urip.
Mula ngger, sinaua kang pinter
Supaya bisa gawe seneng wong tuwa.


Posting Komentar untuk "Piweling Saka Guru"