Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Prawan Tuwa



Prawan Tuwa
Dening : Evi Wijayanti

Duh Sri. .
Jaman biyen kowe dadi idola kampung
Rambut kepang loro
Klambi kebaya lan jaritan
Kuwi dadi simbolmu
Mlaku tumut dalan
Thimik-thimik luwes disawang
Karo gawa dagangan menyang pasar.
Praupan ayu lan manis
Dadi daya tarik para kakung kampung
Wis punjul saka atusan kakung nglamar
Nanging ora ana sing kepencut atine Sri
Duh Sri. .
Saiki umurmu wis tuwa
Ora ana wong kakung seneng apa maneh nglirik’
Saiki malah bingung anggone Sri golek bojo
Amarga wis ora ayu maneh
Mula to, yen wis wayahe memitran
Aja kapangan gengsi kang bisa nyengsarakake

Posting Komentar untuk "Prawan Tuwa"