Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Prepatan Diponegoro



Prepatan Diponegoro
Dening : Evi Wijayanti

Prepatan Diponegoro
Ing dalan kene aku kelangan Rama lan Ibuku
kapundhut dening Gusti amarga aku
aku mlaku turut dalan
ora peduli kiwa tengenku
Aku arep ketabrak truk
Nanging, Rama lan Ibuku mlayu nulung aku
Rama. .Ibu. .
Anakmu iki nyuwun ngapura
Aku ora bisa, ora bisa mbayangke
Nalika Rama lan Ibu kebak getih
Awake anyep jejet ngrangkul aku
Rama. . Ibu
Mugia diwenehi Panggonan kang anyem
Aamiin. .

Posting Komentar untuk "Prepatan Diponegoro"