Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

NASKAH DRAMA BAWANG MERAH LAN BAWANG PUTIH BASA JAWA

NASKAH DRAMA BAWANG MERAH LAN BAWANG PUTIH

(BASA JAWA)
Disunting Oleh : Arif Nugroho

Ing satunggaling dhusun ana kaluwarga bahagia yaiku kaluwargane Bawang Putih. Nalika semana, bapake Bawang Putih lagi ana tugas ing luar kota lan Bawang Putih ditinggal karo ibune sing lagi gerah. Ana salah sawijining kaluwarga sing ora seneng karo kaluwargane Bawang Putih yaiku kaluwargane Bawang Merah.

* Nalika esuk

Bawang Putih : Enjing bu, kados pundi raosipun, Bu? Menapa sampun sae?
Ibu Kandung      : Alhamdulillah lumayan, Ndhuk.
Bawang Putih    : Menapa Ibu kersa  kula damelaken bubur?
Ibu Kandung      : Ya, Ndhuk. Uhuk-uhuk! (karo watuk)
Bawang Putih  : Nggih bu, ditengga sakedhap. Putih ajeng ndamel bubur rumiyin.
Ibu Kandung      : Iya, ndhuk cah ayu.

Bawang Putih lunga menyang dhapur banjur nggawe bubur. Sawise bubur wis dadi, Bawang Putih banjur menyang kamare ibune.

* Ing jero kamar

Bawang Putih    : Menika, bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung  : Iya, Ndhuk cah ayu. Ibu bangga karo bektimu marang ibu, Ndhuk.
Bawang Putih  : Raosipun sekeca boten bu bubur damelanipun Putih?
Ibu Kandung      : Iya, Ndhuk. Rasane enak tenan.

* Dina sesuke

Bawang Merah   : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngethok lawang)
Bawang Putih : Wa’alaikumsalam, eh Bawang Merah, mangga mlebet.
Bawang Merah : Iya, Ibumu ana?
Bawang Putih    : Wonten, menika saweg wonten kamar.
Bawang Merah  : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih    : Nggih, mangga Kula dherekaken.

* Tekan kamare ibu

Bawang Putih   : Bu, menika wonten Bawang Merah badhe kepanggih Ibu.
Bawang Merah   : Nggih Bulik
Ibu Kandung      : Mriki Merah, Putih lenggah kene cedhak ibu.
Bawang Merah   : Nggih.
lan Bawang
Putih
Bawang Merah   : Bulik, menika Merah Mbektakaken bubur saking Ibu Merah.
Ibu Kandung      : Oalah, repot-repot ta, Ndhuk. Matur nuwun, ya. Mengko tulung diaturake ibumu yen Bulik ngaturake panuwun. Bulik karo maem buburmu ya, Ndhuk.
Bawang Merah   : Nggih Bulik.
Bawang Putih    : Bu, kula pamit dhateng lepen rumiyin, nggih. Badhe ngumbahi rasukan ingkang reged menika. Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung      : Iya, Ndhuk. Wa’alaikum salam. Sing ngatu-ati ya.

* Sawise dhahar bubur saka Bawang Merah, ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang nganti seda. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing lagi kejang-kejang banjur ngabarake marang ibune.

Bawang Merah      : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri            : Wah tenanan? Iki kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu). Akhire mati. Hahaha
Bawang Merah     : hahahaha
Ibu Tiri       : Mengko ditiliki ya, banjur ethok-ethok nangis. Anggonmu nangis kudu sing bener, ya!
Bawang Merah    : Sip bu.

* Bawang Putih wangsul saking lepen bubar ngumbahi.

Bawang Putih    : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (mlebu kamare ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging menapa? Ampun ninggalake Putih bu! Huhuhu. (nangis sedih)

* Bawang Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing lagi kerja ing luar kota.

* Ing telfon

Bawang Putih    : Pak! Bapak cepet kondur!
Bapak                  : Ana apa ta, ndhuk Putih?
Bawang Putih    : Menika Pak. Ibu ... Ibu sampun seda.
Bapak          : Innalillahi, iya tak usahakake bapak kondur saiki ndhuk. Assalamu’alaikum
Bawang Putih    : Nggih, ingkang ngatos-atos, Pak. Wa’alaikumsalam.

* Bapakipun Bawang Putih sampun dugi griya.

Bapak                  : Putih, ibu pundi?
Bawang Putih    : (karo nangis) Menika, pak wonten kamar.
Ibu Tiri              : Putih, budhe melu belasungkawa ya. Huhuhu (ethok-ethok nangis)
Bawang Putih    : Nggih budhe, matur nuwun.
Bawang Merah  : (ethok-ethok nangis)
lan Ibu Tiri

* Sawise ibune Bawang Putih seda, akhire bapake Bawang Putih nikah karo ibune Bawang Merah banjur saiki Bawang Putih urip bareng saomah karo Bawang Merah lan ibu tirine.

Bapak                 : Putih, sesuk Bapak ana tugas maneh neng luar kota, Putih sing rukun, ya karo Bawang Merah?
Bawang Putih  : Nggih, Pak. Putih insyaallah rukun. Putih nggih sampun nganggep Bawang Merah menika make Putih.
Bawang Merah   : Nggih, Pak. Bapak tenang mawon. Boten usah kuwatir.

* Dina sesuke Bapake Bawang Putih lunga. Lungane Bapake Bawang Putih nggawe Ibune Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.

Bawang Putih        : Mbak, ayo kita masak sareng-sareng!
Bawang Merah   : Hah, ora salah krungu? Masak? Ngapa aku ndadak melu masak, ngregedi tanganku bae, wis kana masak! (karo njorogake Bawang Putih).

* Bawang Putih menyang dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sawise masakane dadi, Bawang Putih nata panganan nang meja makan.

Ibu Tiri               : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekake panganan neng raine Bawang Putih).

* Ujug-ujug Bapake Bawang Putih kondur.

Bapak                 : Assalamu’alaikum.

* Ibu tiri kaget krungu suwara Bapak ngucap salam.

Ibu Tiri              : Bawang Putih cepet resiki kabeh sadurung bapakmu weruh!
Bawang Putih   : Nggih, Buk 
Ibu Tiri       : Awas kowe, ya! Nek kowe wani ngomong karo bapakmu!
Bapak                 : Ana apa iki kok rungseb tenan?
Ibu Tiri               : Iki Pak, Bawang Putih numplekake panganan amarga kurang ati-ati. Iya ta, Bawang Putih? (ngematake mripate Bawang Putih)
Bawang Putih   : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak                 : Ya wis siki resikana. Bapak arep ngaso dhisik.
Ibu Tiri               : Bapak kersa kopi?
Bapak                 : Iya, bu ...

* Ibu nggawe kopi

Ibu Tiri               : Niki Pak kopinipun.
Bapak                 : Matur nuwun, Bu.

* Dina sesuke

Ibu Tiri             : Pak, menika Bawang Putih boten purun ngapa-ngapa. Gaweyane mung nyante-nyante thok.
Bapak                 : Ya wis, mangke Bawang Putih tak kandhanane.

* Bapak nemoni Bawang Putih

Bapak                 : Putih, mriki tak kandhani!
Bawang Putih   : Menapa pak?
Bapak             : Jere ibu, kowe neng omah ora gelem ngapa-ngapa. Ngono kuwi ta gaweyanmu nek ora ana Bapak?
Bawang Putih    : (namung meneng)
Bapak                  : Kok ora njawab? Berarti omongane ibu bener, ya!!!
Bawang Putih    : (temungkul karo nangis)
Bapak              : Putih!!! (nyekel dhadha amarga penyakit jantunge kumat banjur tiba).
Bawang Putih    : Bapak ... Bapak kenging menapa, Pak?
Ibu Tiri          : Putih, mbok apakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati, ya? Ya wis, gek ndang gawa Bapak neng kamar!

* Sawise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing lara ora mari-mari. Ibune Bawang Merah mundhut obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biaysane ngeterake obat marang bapak.
* Ing kamare bapak

Bawang Putih    : Pak, menika kula bektakaken obat.
Bapak                  : Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih    : Nggih pak.

* Sawise ngunjuk obat, bapak langsung kejang-kejang.

Bawang Putih    : Pak, Bapak kenging menapa? Ibu, Mbak mriki cepet!
Bawang Merah  : Bapak, Bapak kenging menapa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri               : Putih, Bapakmu mbok apakna maneh?!!
Bawang Putih    : Putih boten ngertos, bu. (karo nangis)

* Sawise bapak dikubur, Bawang Putih urip dhewekan karo siksanipun Ibu tiri lan Bawang Merah.

* Isuk iku Bawang Merah muring-muring.

Bawang Merah : Bu ... Ibu ... klambiku reged kabeh iki, wis ora ana sing resik, ora ana sing umbah-umbah apa, Bu?
Ibu Tiri               : kowe nengapa ta Ndhuk? Isuk-isuk kok wis muring-muring?
Bawang Merah : Iki loh buk, klambiku reged kabeh, mambu sisan.
Ibu Tiri        : Ngendi ta ngendi?! Ibu tak weruh. Hih, iya tenanan reged kabeh, klambine ibu ya reged kabeh. Neng ngendi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon ngumbahi. Putih ... Putih ... neng ngendi ta bocah iki? Bawang Putih!

* Bawang Putih teka

Bawang Putih   : Nggih bu, wonten menapa?
Ibu Tiri               : Suwe tenan ta, di undang-undang ora sumaur.
Bawang Merah : Ora duwe kuping apa piye kowe Kuwi?
Bawang Putih : Anu bu ... kula saweg wonten dhapur, saweg nggodhog wedang.
Ibu Tiri           : Alaaah.... alesan bae. Delok iki, kalmbine reged kabeh, ora ana sing bisa dianggo. Suwe-suwe ora ngnggo klambi. Saiki kowe lunga menyang kali kumbahi kabeh klambine iki lan ora usah kesuwen (karo nguncalake klambi reged neng raine Bawang Putih).
Bawang Merah : Iki kumbahi kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ora kesuwen!

* Bawang Putih njupuk klambine lan langsung lunga menyang kali, tekan kali Bawang Putih ngumbahi klambine Bawang Merah kalih nembang.

Bawang Putih : Coba yen wong tuwaku isih ana, uripku mesthi ora bakal nelangsa kaya mangkene (selendhange kendang).
Pangeran     : (ngrungokake suwarane Bawang Putih nembang, gumun lan meneng ngrungokake). Wah suwarane merdhu tenan, sapa ya iku?

* Ujug-ujug saka kadohan ketingal ibu kandhung Bawang Putih, Bawang Putih banjur kaget.

Bawang Putih    : Ibu ....
Ibu Kandhung   : Anakku kudu sabar ngadhepi kabeh iki, sabar ya Ndhuk. Mbesuk sliramu bakal nemokake bebungahing ngaurip, Ndhuk.

* Ujug-ujug bayangan iku lunga

Bawang Putih : Aneh, iku mesthi mau namung angen-angenku thok (karo nggelengna sirah). Ahh, aku kudu cepet-cepet bali.
Pangeran           : (nemokake selendhang nang kali). Iki mesthi slendhange wong sing nembang mau. Aku kudu mbalekake.

* Nalika Bawang Putih nglewati hutan, Bawang Putih ketemu peri.

Peri                 : Cah ayu, nengapa ta kok sedhih? Aku bisa mangerteni saka pasuryanmu, Yen kowe kepengin nemokake bebungahing ngaurip, sliramu kudu sabar, baliya neng muarane kali ing hutan iki!
Bawang Putih    : Tenanan peri?
Peri           : Iya ndhuk cah ayu. Temenan, kowe bakal nemoni bebungahing urip (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang Putih    : Peri .... (langsung bali menyang omah).

* Tekan omah Bawang Putih mbalekake klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.

Bawang Merah  : Ihhh .... selendhangku ngendi? Bawang Putih selendhanku ngendi? Kowe nyolong ya?
Ibu Tiri            : Bawang Putih ngendi selendhange? Kowe iki ngumbahi apa nyolong? kowe kurangan gombal ya, nganti kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin ngerti piye carane, kowe kudu mbalekake selendhang iku!
Bawang Putih    : Anu bu, selendhangipun kendang kegawa banyu.
Ibu Tiri            : Alesan, wis ora usah pasang rai melas. Ibu jeleh weruhe. Pokoke selendhang iku kudumbalik!
Bawang Merah : Dhasar, bisane ngilangake thok! Kerja ora tau beres!
Ibu Tiri             : Wis kana lunga, dina iki kowe ora oleh jatah maem lan ngombe.

* Bawang Putih menyang kamar lan nangis nganti keturon
* Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune

Ibu Kandhung.     : Bawang Putih sliramu nengapa? Kok nangis?
Bawang Putih  : Mboten menapa-menapa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandhung  : Aja sedhih anakku, sesuk sliramu arep antuk bebungahing ngaurip.

* Ujug-ujug Bawang Putih tangi saka turune karo ngomong

Bawang Putih : Neng ngendi kebungahan iku bu?

* Dina sesuke

Ibu Tiri               : Putih ....
Bawang Putih    : Menapa bu .... (nyekel sapu)
Ibu Tiri               : Wis beres-beres omah durung? Diresik!
Bawang Putih   : Niki seg nyapu bu.
Ibu Tiri               : Ya wis, sing resik, terus mengko karo nggoleki selendhang sing ilang! Cepet ora usah lelet, kaya keong bae.
Bawang Putih    : Nggih bu ....

* Bawang Putih menyang kali nggoleki selendang iku

Pangeran            : Apa iki selendhangmu? (ngecungna selendhange)
Bawang Putih    : Nggih, niki selendhang kula ingkang ical.
Pangeran            : Sapa asmamu cah ayu?
Bawang Putih    : Bawang Putih, Pangeran.
Pangeran            : Bawang Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.
Bawang Putih    : Inggih Saestu, pangeran.
Pangeran           : Tenanan, aku bakalan mboyong sliramu menyang istanaku.
Bawang Putih    : Nanging, kula kedah ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran            : Iya, Aku uga arep melu ngeterake sliramu nyuwun ijin marang ibumu.

* Bawang Putih lan Pangeran menyang omah. Tekan omah .... 

Ibu Tiri               : Bawang Putih, neng ngendi bae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang Merah : Ngendi selendhanku?
Bawang Putih    : Iki Mbak.
Pangeran      : Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin badhe nglamar Bawang Putih.
Bawang Merah  : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang Putih    : Nanging mbak .......
Bawang Merah   : Kowe ora bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu Tiri               : Iya, enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah iki?
Pangeran         : Wis-wis, kula sekaliyan ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon ing istanaku.
Bawang Putih    : Saestu, Pangeran? Matur nuwun Pangeranku.
Pangeran            : Iya Bawang Putih ...

Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.

Posting Komentar untuk "NASKAH DRAMA BAWANG MERAH LAN BAWANG PUTIH BASA JAWA"