Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Pranatacara Lamaran

 PRANATACARA LAMARAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Katentreman, kawilujengan, kabagaswarasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi. 

Nuwun, sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri ingkang  winengku suka basuki. Mliginipun wonten ngarsanipun Bp.…………… sekaliyan garwa lan gotrah, ingkang sanged kinabekten. 

Linambaran kanthi ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang Maha Mirah lan Asih, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kabahagyan saha katentreman. Katitik ing siyang punika kula panjenengan sedaya saged makempal ing ndalem  ngriki, boten wonten alangan satunggal punapa. 

Nuwun sagunging para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Keparenga kula cumanthaka marak sowan ing ngarsa panjenengan sadaya, awit awrat ngemband hawuhipun Bapa. …………… sekaliyan, kinen dados talanging basa/ pranatacara, nglantaraken titilaksana adicara lamaran ing enjang punika, nun inggih kang putra putri sesilih nimas ayu …………….

Dene rantaman adicara lamaran ing ri kalenggan punika: 

Sepisan : Pambuka

Kaping kalih : Wedharan lamaran saking kulawarga Bp. ………… ingkang dipunsulihi Bp.  …………… 

Kaping tiganipun : Waluyan lamaran saking kulawarga Bp. ………. Ingkang dipunsulihi Bp. ......

Kaping sekawan : Ular-ular/ wursitawara dening Bp. .......... 

Kaping gangsal : Sumene sawetawis/ nikmati dhahar siyang

Kaping nenem : Donga/ hastungkara dening Bp. ……… 

Kaping pitu : Panutup

Bapak ibu saha para tamu sadaya ingkang sanget kula urmati. Mekaten rantaman adicara lamaran ing siyang punika. Salajengipun, sakderengipun acara punika kawiwitan, mangga sareng-sareng manungku puja nyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, murih rancaging adicara ing siyang punika. Manungku puja kawiwitan…. 

Salajengipun ndungkap titilaksana adicara salajengipun nun inggih pangandikan/ wedharan lamaran saking kulawarga Bp. ……………, ingkang badhe dipunsulihi Bp. …………… 

kasumanggakaken. Nuwun.


Posting Komentar untuk "Pranatacara Lamaran"