Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI GEGURITAN

 

MATERI GEGURITAN

Dening                  : Evi Wijayanti, S.Pd

 

PANGERTENE GEGURITAN

 Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu. Geguritan yaiku salah sawijine karya sastra Jawa kang diripta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa panyerat.

TITIKANE GEGURITAN

1.       Ora Duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra

2.       Duweni makna utawa arti ana ing lirik-lirike

3.       Duweni basa kang endah lan mentes

4.       Ing teks geguritan ana jeneng pengarang/pangriptane, posisine neng ngisor irah-irahan geguritan

5.       Basane nggunakake basa rinengga sarta duweni sipat konotatif, simbolis, lan lambang jalaran nggambarake imajinasi panyerate.

 

UNSUR-UNSUR INTRINSIK

Tema

Basa kang ending

Citra

Irah-irahan geguritan

Purwakanthi

Dhiksi

Amanat

 

JINISING GEGURITAN

Miturut Kegunaane

1.       Jenis geguritan sing nggambarake kondisi utawa prastawa (dheskriptif)

2.       Jenis geguritan sing nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratip)

3.       Jenis geguritan sing pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

JINISING GEGURITAN Miturut Jedhule

GEGURITAN GAGRAG LAWAS

Geguritan iki nganggo basa Jawa Kuna utawa lawas, ditulis ing pupuh-pupuh tembang, ora katulis ing kertas (biasane). Geguritan iki uga klebu tembang utawi lelagon kang nganggo purwakanthi guru swara

Paugerane geguritan iki yaiku :

  1. Cacahing gatra utawa larik ora ajeg. Paling sithik 4 larik
  2. Cacahe wandane gatra siji lan liyane padha
  3. Guru lagune nganggo purwakanthi guru swara (a,I,u,e,o)
  4. Biasane nganggi kawiwitan “sun gegurit”

GEGURITAN GAGRAG ANYAR

Geguritan iki nganggo basa Jawa jaman saiki lan ditulis nganggo aksara latin. Geguritan iki ora pinathok pupuh-pupuh tembang lan ora kawiwitan “sun gegurit”, guru willangan, lan guru lagunen bebas.

CARA MACA GEGURITAN

WIRAMA (LAGU LAN INTONASI)

Tegese banter alone pocapan lan munggah mudhune intonasi kudu dilarasake karo isine geguritan

WIRAGA (EKSPRESI MIMIK)

Tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku, ora ketok digawe-gawe

WIRASA (NJIWAI)

Tegese pedhotan tembung/ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun, lan liya-liyane)

WICARA (CARA UCAP)

Tegese pocapane kudu cetha, mantep ora kena ragu-ragu, pocapan lafal (a,I,u,e,o,ta, dha, da, lan sakpiturute) sing bener lan jelas

 

CARA NULIS GEGURITAN

1. NEMTOKAKE TEMA

2. NGUBAH IDE/TEMA DADI GEGURITAN

3. GAYA BASA/MAJAS

4. BAIT, RIMA, LAN IRAMA

5. DASANAMA, PURWAKANTHI

 

Tuladha Geguritan Gagrag Lawas

 

Tuladha Geguritan Gagrag Anyar

Posting Komentar untuk "MATERI GEGURITAN"