Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Materi Pidhato Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 2

Kasunting Dening : Arif Nugroho, S.Pd

Pangertene Pidhato

Pidhato utawa tanggap wacana yaiku micara ing sangarepe wong akeh sing duweni ancas kang jelas. Nalika pidhato basa kang digunakake kudu gampang dimangerteni utawa komunikatip, nengsemake, prasaja, lan anggone ngeja tembung kudu bener lan cetha. Pidhato minangka salah sawijining ketrampilan lisan kanggo ngungkapake pikiran, perasaan, gagasan, warta, lan sapanunggalane. Pidhato uga diandharake ing swasana tartamtu, kayata mantenan, supitan, perpisahan, lan sapanunggalane. Nalika arep pidhato kang kudu digatekake yaiku intonasi, sikap, diksi utawa gaya basa, lan wirama.

A. Perangan-Perangan Pidhato

Pidhato utawa sesorah utawa tanggap wacana yaiku jlentrehake idhe utawa pokkk pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Ancas lan isi pidhato utawa tanggap wacana iku ana werna-werna. Ancas pidhato yaiku kanggo lelipur, menehi kawruh utawa informasi, lan ajak-ajak marang wong kang ngrungokake supaya nindakake apa kang dikarepake pamicara. Pidhato kanggo hiburan iku biyasane ditindakake ana ing adicara pahargyan supaya adicara pahargyan kasebut bisa sumringah lan meriah. Pidhato kanggo menehi kawruh iku isine ngandharakr babagan kang sacetha-cethane supaya pamireng mangerti lan pamicara bida nganggo tuladha, bandhingakr, lan nerangake kanggo njelasake marang pamirenge. Dene pidhato ajak-ajak yaiku dianggo ngajak pamireng supaya gelem nindakake apa kang dikarepake pamicara.

1. Ancas Pidhato

Kang dadi ancas pidhato utawa tanggap wacana yaiku kaya mangkene:

  • Atur pambagya, yaiku kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing adicara apa bae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulang taun) lan sapanunggalane.
  • Atur kabar, pawarta utawa informasi. Informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa (pangrungu utawa pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha perkara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan dadi ngerti informasi kang diwedharake. Upamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang lan sapiturute.
  • Aweh panglipur utawa lelipur, sesorah kanggo aweh panglipur iki kanthi ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe, upamane ing acara mantu, tanggap warsa lan sapiturute. Bisa uga kanggo panglipur ing adicara layatan supaya kaluwarga sing lagi bela sungkawa/ kasripahan bisa nampa kanthi tabah lan eklas.
  • Pangajak, kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut utawa melu, katut, katarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake sing sesorah. Upamane sesorah ing papan ibadah, sesorah ing babagan agama lan sapiturute.
2. Bageyane Pidhato
Kang dadi bageyane pidhato, yaiku kaya mangkene:
  • Salam pambuka utawa kasebut uluk salam yaiku salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
  • Purwaka yaiku atur pamuji sokur konjuk Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh utawa tamu sedhahan sing kepareng rawuh.
  • Isi utawa surasa basa yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh utawa para tamu sedhahan.
  • Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesaning isi pidhato kang tansah dadi wigati utawa intine apa sing diandharake.
  • Pangarep-arep yaiu pituduh lan pangajap sing diandharake marang para rawuh utawa tamu sedhahan lan sing midhangetake.
  • Wasana basa (panutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake pidhato.
3. Jinise Pidhato
Jinis-jinis pidhato manut kaperluane ana papat, yaiku kaya mangkene:

a. Atur pranatacara

Atur pranatacara yaiku tanggap wacana kang ditindakake dening panatacara utawa pambiwara sing mengku utawa memandu ing sawijining acara resmi utawa adicara upacara tradhisional kayata khitanan, panggih manten, lan sapanunggalane.

b. Atur Pambagya

Atur pambagya yaiku tanggap wacana kang ditindakake nalika mahargya utawa nyambut rawuhe para tamu utawa sedhahan ing adicara resmi, resmi utawa upacara-upacara tradhisional liyane. 

c. Sesorah

Sesorah yaiku tanggap wacana kang ditindakake kanthi ancas nyampekake sawijining informasi utawa maksud tartamtu sing kudu dimangerteni wong akeh.

d. Khotbah

Khotbah yaiku tanggap wacana kang ditindakake kanthi ancas paring pitutur, wawasan, utawa pamedhar sabda, ing adicara resmi, upacara adat, utawa acara-acara.

Pidhato duweni bageyan kang agawe runtutinh tetembungan utawa ukara-ukara kang diandharake. 

B. Maca Pidhato

Nalika maca pidhato ing sangarepe wong akeh, pamicara iku digatekake dening wong akeh. Mula kudu duweni rasa wani, teteg anggone micara, lan ora pareng wirang. Kabeh kang ana ing pamicara saka panganggon utawa klambi, carane goceki mikrofon, lan tata-cara mlaku ing podium uga digatekake dening pamireng. Carane nganggo klambi nalika arep maca pidhato iku kudu trep lan sopan. Nalika nganggo mikrofon, jarak antarane tutuk lan mikrofon aja kecedhaken utawa kadohan lan nalika ngadeg ing podium kudu ngadeg kanthi jejeg. Sadurunge ngandharake pidhato, kudu gatekake sikep sarira supaya mranani para pamireng. Bab kang kudu dadi wigati nalika ngandgarake pidhato, yaiku kaya mangkene:

  1. Swara lan lagu pocapan cetha, supaya bisa dimangerteni wong akeh.
  2. Gatekake tata rakite ukara kang becik, supaya karepe bisa dimangerteni.
  3. Mangerteni sapa bae para rawuh utawa tamu sedhahan sing rawuh lan swasanane, saengga bisa ngetrapake tata trapsila sing becik.
  4. Nggunakake unggah ungguh basa sing becik.
  5. Anggone micara ora ngambra-ambra singkat, padhet, lan duweni bobot isi.
Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan pambuka, yaiku nata pokok-pokok pikiran, ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok. Gawe cengkorongan (rangkene pidhato) lan ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata. Ana jinis metodhe kang bisa digunakake nalika ngandharake pidhato, metodhe iku ana papat, yaiku kaya mangkene:

1. Metodhe Naskah
Metodhe naskah yaiku gunakake teks utawa naskah kang diwaca langsung, supaya kakurangan lan kasalahan bisa diendhani amarga biyasane wos pidhato bab kang wigati. Metodhe iki duwe kaluwihan yaiku bisa nyawisake  teks sadurunge kanthi trep lan becik, dene kekurangane pamicara ora bisa wangun komunikasi antarane pamicara karo pamiyarsane.  
2. Metodhe Apalan
Metodhe apalan digunakake dening wong utawa bocah-bocah kang lagi sinau bab pidhato. Carane ngetrepake metodhe iki, yaiku naskah dicawisake kanthi bener, banjur diapalake kanthi runtut. Metodhe  iki duweni kakurangan, yaiku konsentrasine wong kang pidhato menyang apalan dadekake pocapaj konoton ora ana wirama, saengga pidhatone kaya wong kang maca teks. 
3. Metode Impromptu
Metodhe Impromptu digunakake nalika pidhato kanthi spontan utawa pamicara langsung jlentrehake gagasan-gagasan ana ing sangarepe pamiyarsa. Metodhe iki umume digunakake dening wong kang wis trampil lan prigel anggine pidhato amarga kanthi spontan bisa milih tema lan langsing jlentrehake gagasan-gagasan ing sangarepe wong akeh.  
4. Metode EkstemporanMetodhe ekstemporan digunakake marang pawongan kanthi cara gabungake metodge naskah lan impromptu. Pamicara sadurunge pidhato gawe cathetan cilik kang wose balungane karangan, saengga nalika pidhato bisa kanthi langsung jlentrehake balungane karangan ing sangarepe pamiyarsa

Posting Komentar untuk "Materi Pidhato Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 2"