Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI SANDIWARA BASA JAWA

 

SANDIWARA

Dening : Evi Wijayanti, S.Pd

 

KOMPETENSI DASAR & INDIKATOR

Menelaah naskah sandiwara

       Siswa dapat menjawab pertanyaan tentang sandiwara

       Siswa Membetulkan diksi/ ragam yang tidak sesuai dalam dialog sandiwara berbahasa Jawa.

       Siswa Menuliskan isi dialog sandiwara berbahasa Jawa

Menulis dan menyajikan naskah sandiwara.

       Mengidentifikasi tokoh yang ada dalam dialog.

       Mendiskusikan isi teks.

       Membuat teks dialog dengan mempertimbangkan santun berbahasa

 

SANDIWARA

Sandiwara yaiku salah sijining sastra kang nggambarake panguripan kanthi ngatonake konflik lan emosi kang diwujudake lumantar lakuning crita lan pacelathon antaraning paraga. Sandiwara dibedakake miturut wujud dramatise dadi  warna loro, yaiku sandiwara tragedhi lan komedhi.

UNSUR INTRINSIK SANDIWARA

TEMA

Underaning prakara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan

LATAR

samubarang kang ngacu marang katrangan ngenani wektu, papan panggonan, lan swasana.

PARAGA

Paraga yaiku sing nindakake ana ing crita, bisa arupa manungsa, kewan, wit-witan, utawa samubarang liyane, adhedhasar peranane ana tokoh utama lan tokoh tambahan. Adhedhasar fungsi tampilane diperang dadi tokoh protagonis, tritagonis lan antagonis.

ALUR

Alur yaiku urutaning prastawa kang kedadeyan ing sajroning crita.Jinise alur ana telu= Alur Maju, Alur Mundur, Alur Campuran

GAYA BAHASA

Tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara, lan majas    

Tetembungan  kang ana ing pementasan sandiwara.

BABAK

saben babak ditandhani dening dhekorasi beda.

ADEGAN

saben babak diperang dadi pirang-pirang adegan, lan saben adegan ora kudu ganti dekorasi.

PROLOG

pambuka sing miwiti babak sepisan lan menehi gambaran ngenani paraga drama lan konflik sing bakal kedadeyan.

DHIALOG

pacelathon antaraning paraga.

MIMIK

ekspresi utawa isyarat jumbuh karo peran kang dipentasake.

MONOLOG

pacelathon paraga marang awake dhewe utawa marang penonton.

EPILOG

panutup drama kang isi simpulan lan amanat drama.

 

WUJUDE SANDIWARA

DRAMATIKAL

Sandiwara kang diperagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi solah bawa

PANTOMIN

Sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak gerik ananging boten wonten dialog namung musik lan ekspresi saking rupane lakon

KOMEDI

Sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sipate nyindir lan pungkasane seneng-seneng

PARODI

Satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi

 

KANG KUDU DIGATEKAKE ING SANDIWARA

1.       Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga

2.       Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe.

3.       Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane.

4.       Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.

 

CARA DADI LAKON NALIKA ING SANDIWARA

a.       Gladhen olah watak

b.      Gladhen swara

c.       Gladhen konsentrasi

d.      Gladhen teknik pementasan

e.      Gladhen sistem acting

f.        Nglancarake keprigelan lan gladhen

g.       Gladhen observasi lan imajinasi

 

Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang dadi 6

1.  Sandiwara panggung, diparagakake ing panggung pertunjukan lan penonton wonten ing sakiwa tengene panggung saengga penonton saged mirsani, mirengake, lan ngraba para paragane. Sacara langsung.

2.  Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saget dipun mirengaken ananging boten saget dipunpirsani.

3.   Sandiwara TV, drama TV sadet dimirengake lan dipersani nanging boten saged dipunraba. Pamentasanipun saget sacara langsung lan uga saged sacara rekaman.

4.   Sandiwara Film, drama kang migunakake layar lebar lan pertunjukane biasane digelar ing jero bioskop.

5.   Sandiwara wayang, ciri khas tontonan drama inggih punika wonten cerita lan dialog. Para paraga digambarake nganggo wayang. Lan biasane dimainake dening dhalang.

6.    Sandiwara boneka

 

MITURUT ARANE NASKAH, SANDIWARA KEPERANG DADI 2

SANDIWARA TRADISIONAL

yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah. Watak, tokoh, dialog, lan gerak-gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga.ex. kethoprak (Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi)

SANDIWARA MODERN

yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog lan gerak-gerike para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/gerak-gerik kang ditampilake padha karo naskah kang diapalake.

Unsur Pementasan Drama

1.       NASKAH DRAMA

2.       TATA PENONTON

3.       PEMAIN/LAKON

4.       SUTRADARA

5.       TATA SWARA

6.       TATA RIAS

7.       TATA BUSANA

8.       TATA PANGGUNG

9.       TATA LAMPU

 

 

 

 

 

 

Posting Komentar untuk "MATERI SANDIWARA BASA JAWA"