Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG

 

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Dening : Evi Wijayanti, S.Pd

 

INDIKATOR

1.       Siswa saged madosi isi pupuh Pocung

2.       Siswa saged nemokaken pitutur luhur pupuh Pocung

3.       Siswa saged damel tembang Pocung ngangge    basanipun piyambak

Pangertene Tembang Pocung

Tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocung utawa mati

Serat Wedhatama Pupuh Pocung

Tembang

Tegese

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku

 

Lekase lawan kas

 

tegese kas nyantosani

 

setya budya pangkese dur angkara

Ilmu (hakekat) iku digayuh kanthi cara njingglengi saben tumindak

Diwiwiti kanthi niyat kang utama

 

Krenteg amemangun kasajahtraning tumrap sasama

Teguh mbudidaya nyirnakake angkara murka

 

 

PITUTUR LUHUR

Sedaya tumindak kedah dipuntindakaken kanthi kekarepan

ISI/SURASANE TEMBANG

Madosi ilmu kedah dipuntindakaken kanthi perbuatan lan kedah dipunwiwiti kanthi kekarepan

PAUGERANE TEMBANG

Guru lagu: u, a, i, a

Guru Wilangan: 12, 6, 8, 12

Guru Gatra: 4

WATEK

Sakpenake dhewe

Guyon

Menehi pitutur

Posting Komentar untuk "MATERI SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG"