Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI TEKS CRITA RAKYAT BASA JAWA

TEKS CERITA RAKYAT

Dening : Evi Wijayanti, S.Pd

 

KOMPETENSI DASAR & INDIKATOR

3.3 Memahami isi teks cerita rakyat.

       Siswa dapat mendengarkan dan mencatat kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam teks cerita rakyat

       Siswa mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi wacana yang didengarkan dalam ragam krama

       Siswa dapat menceritakan kembali isi/amanat cerita.

4.3 Menceritakan kembali isi teks cerita rakyat dengan ragam ngoko

       Menuliskan pokok- pokok isi bacaan teks cerita rakyat.

       Menceritakan kembali teks cerita rakyat secara lisan dalam ragam krama.

 

PANGERTENE CRITA RAKYAT

Crita rakyat yaiku crita kang asale saka masyarakat lan ngrembaka ana ning satengahing masyarakat kang bisa awujud lisan lan tulisan. Jinising crita rakyat yaiku dongeng.

PANGERTENE DONGENG

Dongeng yaiku anggitan kang awujud gancaran, critane ngayawara/ kang mokal kelakone. Dongeng iku sok ana gegayutane karo alam, kewan, mula bukane sawijining bab, kapercayaan jaman kuna kadadeyan kang sarwa aneh lan ora klebu nalar.

JENISE DONGENG MENAPA MAWON???

Fabel, yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan, kang adat tata carane kaya manungsa. Umpamane:

1. Serat Kancil tanpa Sekar, dening Ki Padmasusastra,

2. Dongeng Sato Kewan, dening dr. Priyana Winduwinata,

3. Peksi Glanthik, dening Ki Yasawidagda.

Legenda, yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam utawa sawijining bab, kang critane mung diganthuk-ganthukake. Umpamane:

1. Dongeng Rawa Pening,

2. Guwa Parang Tritis,

3. Dongeng Kali Serayu.

Mite, yaiku dongeng kapercayaan jaman kuna, gegayutan karo dewa-dewi lan manungsa. Umpamane:

1. Dongeng Dumadine Jagad,

2. Dongeng Dumadine Grahana,

3. Dongeng Nyai Rara Kidul.

Sage, yaiku dongeng kang awewaton sejarah, nanging akeh wuwuhane, umpamane:

1. Dongeng Rara Jonggrang,

2. Dongeng Candhi Sewu,

3. Dongeng Kembang Wijayakusuma.

Wiracarita, yaiku dongeng wiracarita uga diarani dongeng Gegendhung, yaiku dongeng kang ngandharake para linuwih ing jaman kuna. Dedongenge diwuwuh-wuwuhi. Sing dadi jejering crita banjut dipundhi-pundhi banget, critane sok digathuk-gathukake karo babad, nanging wis worsuh, umpamane:

1. Raden Panji Asmarabangun,

2. Kanjeng Panembahan Senapati,

3. Siyung Wanara,

4. Ramayana,

5. Mahabarata.

Dongeng lugu, yaiku cerita kang sarwa aneh, ora klebu nalar, mau-maune saka piandeling wong dek jaman kuna, ana uga kang piridan saka dongeng kahananing alam utawa para sudira ing perang. Sing diperlokake anehing cerita. Umpamane:

1. Jaka Kendil,

2. Timun Mas,

3. Cindhe Laras,

4. Mbok Randha ing Karang Wulusan,

5. Malin Kundang.

Ciri-ciri crita rakyat:

       Anonim, ora dingerteni sapa sejatine sing ngarang/gawe

       Kalebu karya kolektif, dianggep duwene rakyat bareng-bareng

       Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kadadosan-kadadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi)

       Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun.

FUNGSI CRITA RAKYAT

Fungsi carita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane carita-carita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh carita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun. 

UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT

Tema yaiku gagasan penting sajroning carita

Alur yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas. Alur ana 3= Maju, Mundur, lan Campuran

Penokohan yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga

Latar yaiku ngrembug papan panggonan, wektu, lan swasana jroning carita

Punjering Crita/Sudut Pandang dibagi dadi 3:

       Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama)

       Purusa katiga (orang katiga)

       Sarwi mangertos (serba tahu)

Amanat yaiku Piwelinge panganggit marang kang maca carita iku/Pesan moral ing sakjerone crita.

 

 

 

 

 

 

Posting Komentar untuk "MATERI TEKS CRITA RAKYAT BASA JAWA"