MATERI TEKS DESKRIPSI OMAH ADAT JAWA
MATERI TEKS DESKRIPSI OMAH ADAT JAWA
BAB
4
Saben dhaerah ing Indonesia nggadhai wangunan arupi omah ingkang dados simbol utawi ciri khas dhaerah kasebut ingkang dipunwastani omah adat. Wonten ing Jawa tengah ugi nggadhai omah adat inggih menika Joglo. Omah adat Joglo nggadhai 9 jenis inggih menika Joglo Limasan Lawakan, Joglo Sinom, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, Joglo Mangkurat, Joglo Hageng, Joglo Semar Tinandhu, Joglo Kudus, Joglo Jepara, lan Joglo Pati.
Omah Joglo
inggih menika jenis omah adat suku Jawi ingkang dipunginakaken minangka
pralambang utawi pananda status sosial priyayi utawi bangsawan Jawi. Omah
menika nggadhahi ciri khas piyambak inggih menika nggadhahi 4 pilar saka guru. Sekawan
pilar menika
pralambang arah mata angin. Pranata utami
jroning omah
Joglo kapareng
dados
sekawan perangan. Ngajeng piyambak sinebut pendhapa, pringgitan, dalem ageng, wonten malih tigang senthong sinebut senthong tengah, senthong kiwa
lan senthong tengen, lan pungkasan
wonten
gandhok lan pawon.
1. Pendapa
Sajroning omah ngajeng ingkang tinarbuka, sinebut pendhapa. Miturut piwulang filosofi lan spiritual kejawen, kajaba
minangka papan panggulawentah kabagian kulawarga lan karukunaning bebrayan
agung, pendapa ugi minangka papan ngrembag lan mbangun religiusitas, tinemu
ompak watu cacah 16 mapan satengah-tengahing jogan, mubeng sapinggiring
wewangunan. Patang ompak kagem nyangga cagak sekawan ing tengahing wewangunan, ingkang sinebut saka guru sejatosipun minangka pralambang kekuwatan
spiritual positip saking
keblat papat (penjuru mata angin). Tumpangsari utawi trap-trapan kayu blandar tinumpuk ingkang mapan sakinggilipun pendhapa, mujudaken trap-traping manungsa tumuju pucuking
spiritual religious.
2. Pringgitan
Miturut sorosilahing tembung ing Basa
Jawi, ‘pringgitan’ menika saking tembung ‘ringgit’ amargi pikantuk sufik pa – an dados tembung ‘paringgitan’, saksampunipun
ngalami owah-owahan dadosipun
‘pringgitan’. Tembung
‘ringgit’ menika
basa kramanipun
‘wayang’, nuwuhaken
tembung ‘wayangan’ [nanggap wayang] lajeng
dipunkramainggilaken dados ‘ringgitan’.
Wayang kulit kajawi
kaangep seni budaya ingkang
adiluhung sanget ugi minangka tontonan lan tuntunan
kautamaning gesang
ing alam kalanggengan.
3. Dalem
Agung
Dalem Agung
ingkang minangka sumbering panggonan ing omah Joglo, mupangat utaminipun
kagem
kumpuling kulawarga.
Kajaba minangka panggonan
ingkang sinengker, swasananipun ugi tentrem lan kebak kawibawan. Manungsa, omah lan sakehing gagasan ingkang mengku baleomah satemene mujudaken triatunggal kang ora bisa
kapantha-pantha antarane siji lan sijine.
4.
Krobongan
utawi Senthong
Senthong dipun
perang dados 3, inggih menika sentong kiwa, senthong tengah lan Senthong tengen. Senthong Kiwa dipunginakaken
kangge nyimpen bakal-bakal kebutuhan baku kaluwarga, kados pari, palawija lan nyimpen
maneka wujud pusaka nyimpen maneka wujud pusaka. Senthong tengah fungsinipun
kangge papan ibadah. Ruwangan menika nggadahi teges nuduhaken menawi
manungsa menika tansah eling dateng gusti ingkang paring kanugrahan. Lan senthong tengen dipunginakaken kangge sare.
Senthong
kiwa |
Senthong
tengah |
Senthong
tengen |
|
|
|
5.
Gandhok
utawi pawon
Dipunginaaken kangge masak, dhahar lan
siram. Ruwangan menika asipat pribadhi lan nggadahi nilai luhur. Panggenanipun
pawon wonten wingking piyambak supados tiyang sanes boten mangertos ingkang
gadhah omah reresik dhiri lan dhahar. Pawon nggadhahi teges nuduhaken menawi
manugsa menika nggadhahi sipat gemi, setiti lan ngati-ati tegesipun boten boros
lan tansah njagi kapribadenipun kang siningit.
Posting Komentar untuk " MATERI TEKS DESKRIPSI OMAH ADAT JAWA"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.