Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI TEKS EKSPOSISI GAMELAN KELAS 12 SEMESTER GASAL

 


Wacana Eksposisi Bab Gamelan

SMA/SMK kelas 12 Semester 1


Gamelan Jawa iku sawijining utawa corak gamelan sing urip ing tlatah Yogyakarta uga Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge ngiringgi mawarni-warni Kesenian Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional liyanipun. Musik Gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa lumrahenduwe nada luwih lembut, lembut lan nganggo laya luwih alon, beda karo musik Gamelan Bali ingkang layane luwih cepet, uga musik gamelan sundha ingkang rasa musikke “nglaras” banget (mendayu-dayu) lan didominasi swara suling.

Gamelan Jawa iku ndue nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku nduweni 2 laras yaiku: Laras Slendro lan Laras pelog, Laras Slendro nduweni urutan nada-nada 123567, menawi Laras Pelog nduweni nada-nada 1234567. Gamelan Jawa ndue aturan-aturang ingkang wis pakem, antarane katata saka pirang-pirang rambahan utawa puteran utawa pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampek utawa cepet rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan Gongan lan melodine wis diatur nig bageyang-bageyan sing saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti ndue fungsi dewe-dewe sing nuntun swara yaiku rebab, sing nunutn irama diarani kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan iku diarani pengrawit, panayagan utawa nayagautama wiyogo, sing nembang priya diarani wira-swara, sing wanita arane pesinden utawa swarawati.

Wonten ing jaman modern iki, Gamelan menika kadang kala mboten dados remenipun para mudha. Kathah para mudha ingkang mboten mangertos babagan gamelan amargi para mudha wonten ing kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel alat musik modern kayata Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun, tinimbang nyekel utawa main alat musik Gamelan. Para mudha mboten gumyak pengen bisa maen Gamelan, mbokmenawi Gamelan ing pikiran paramudha yaiku alat musik ingkang ndadekke deweke katrok, cupu, lan ketinggalan jaman. Sedaya iku kleru Gaemlan iku salah setunggal alat musik ingkang kedhah diremeni uga dimangerteni tumrap sedaya tiyang, Gamelan iku alat musik khas Jawa uga warisan budaya Indonesia.

 

Konsep:

Gamelan lan gunane

          Gamelan, basa kramane gangsa lan basa kawine pradangga. Gangsa satemene tembung camboran-wancahan, wutuhe murni tembaga + raja + sa. Tembaga lan rajasa iku arane pelican logam, dicampir lan diluluh digawe gamelan.

Gunane seperangkat racikan gamelan

1.      Kendhang, gunane kanggo pamurba irama

2.      Kethuk, kenong, kepyak,gong, gunane kanggo pamangku irama

3.      Barung, boning gedhe, gunane kanggo pamurba lagu

4.      Demung, slenthem, gunane kanggo pamangku lagu

5.      Gender,gambang,cemplung, gunane kanggo pamangku yatmaka

6.      Rebab, gunane kango pambuka pathet

7.      Suling,siter,keprak,kecer, gunane kanggo murih gayenge swasana.

Laras lan Pathet

1.      Laras, yaiku swara gamelan kang tumata kanthi gumathok. Gumathok kanthi mungguhing rikating kedhere ing dalem wektu kang tertemtu, gumathok mungguhing dhuwure. (Nada Dasar)

Laras Pelog          : 1234567Ä°

Laras Slendro       : 12356Ä°

2.      Pathet, yaiku ukuran endhek-dhuwuring gndhing. Ya pathet iku sing nemtokake mapane gendhing ln matesi munggah-mudhuning panabuhe gamelan.

Prinsip:

Bentuk (Racikan) Gamelan

1.      Wilahan, yaiku gambang, gender, demung, barung, peking, lan slenthem (Cara maine yaiku kanthi cara Dithuthuk)

2.      Blebekan, yaiku gong, kempul, kethuk, kenong, bonang, lsp (Cara maine yaiku kanthi cara Dithuthuk)

3.      Kebukan, yaiku kendhang (Cara maine yaiku kanthi cara Dikeplak)

4.      Sebulan, yaiku suling, terompet (Cara maine yaiku kanthi cara Disebul)

5.      Saka kawat, yaiku rebab, cemplung, siter (Cara maine yaiku kanthi cara Digesek)

 

Prosedural:

     Langkah-langkah menyusun teks eksposisi.

Wacana Eksposisi

Wacana Eksposisi nduweni teges wacana sing isine ide, pendapat, buah pikiran, informasi, utawa pengetahuan sing ditulis tujuane kanggo njembarake kawruh (memperluas wawasan) sing maca. Isine wacana eksposisi yaiku kanggo njlentrehake bab marang sing maca lan ora meksa sing maca supaya percaya utawa melu apa sing dikarepake saka isi karangan mau.

            Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi:

  • Arupa wacan informasi.
  • Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
  • Wasananing wacan ana penjelasan.

Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.

Tuladha Wacan Eksposisi:

Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, dll.

Jenis Wacan eksposisi:

  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tuladha.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.

Carane nulis wacan eksposisi:

  1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
  2. Nemtokake tujuwan.
  3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
  4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
  5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.

Jenis Paragraf eksposisi:

  1. Eksposisi Definisi
  2. Eksposisi Klasifikasi
  3. Eksposisi Klasifikasi
  4. Eksposisi ilustrasi
  5. Eksposisi Perbandingan
  6. Eksposisi Laporan

Posting Komentar untuk "MATERI TEKS EKSPOSISI GAMELAN KELAS 12 SEMESTER GASAL"