Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI TEKS EKSPOSISI GAMELAN BASA JAWA

 

TEKS EKSPOSISI GAMELAN

Dening : Evi Wijayanti, S.Pd

KOMPETENSI DASAR

          Memahami isi teks eksposisi tentang gamelan.

          Menanggapi isi dan menulis teks eksposisi tentang gamelan.

PANGERTENE TEKS EKSPOSISI

Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangretene pamaos bisa mundhak. Mula saka iku karangan eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane bisa ditindakake nganggo cara apa wae ing antarane wedharan proses lan wedharan ilustrasi.

Bab kang diinformasikaken ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

       Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata kedadeyan, ana lan bisa asipat historis (bisa dicritakake kanthi cetha)

       Sawijining analisis utawa penapsiran objektif saprangkat fakta

       Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan

TRAP-TRAPAN MEKARAKE CENGKORONGAN DADI PARAGRAF EKSPOSISI

Nemtokake Tema

Sakabehe pikiran utama saka pikiran kang kamot sajroning cengkorongan tulisan mekarake dadi ukara utama lan ukara katrangan.

Nemtokake Ancas Karangan

Ing kene penulis njlentrehake pokok masalah kang kamot ing tema. Mula iku diprelokake fakta-fakta kang kudu dirakit kanthi becik supaya gampang kawaos.

Nglumpukake Bahan Karangan

Bahan tulisan eksposisi bisa digoleki saka maneka warna sumber. Umpamane buku, majalah, layang kabar, lan sapiturute. Panulis uga bisa entuk bahan tulisan kanthi cara wawancara.

Gawe Cengkorongan

Sajroning nulis karangan, panulis prelu gawe cengkorongan tulisan, amarga sakabehe bahan kang diklumpukake kudu dirinci lan dipithati kanthi premati.

Mekarake cengkorongan dadi paragraf kang wutuh

Supaya ora kangelan anggone nulis lan mekarake isi karangan, mula tema kang digarap aja kamban jangkane/temane. Yen tema kang bakal mekarake temane kamban becike diwatesi utawa didadekake tema-tema cekak

 

GAMELAN JAWA

Gamelan Jawa iku sawijining utawa corak gamelan sing urip ing tlatah Yogyakarta uga Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged dingge ngiringgi mawarni-warni Kesenian Tradisional kayata dingge ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional liyanipun. Musik Gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan saka dhaerah liya, yen musik gamelan Jawa lumrahenduwe nada luwih lembut, lembut lan nganggo laya luwih alon, beda karo musik Gamelan Bali ingkang layane luwih cepet, uga musik gamelan sundha ingkang rasa musikke “nglaras” banget (mendayu-dayu) lan didominasi swara suling

GAMELAN LAN GUNANE

Gamelan, basa kramane gangsa lan basa kawine pradangga. Gangsa satemene tembung camboran-wancahan, wutuhe murni tembaga + raja + sa. Tembaga lan rajasa iku arane pelican logam, dicampir lan diluluh digawe gamelan.

GUNANE SEPERANGKAT RACIKAN GAMELAN

1.  Kendhang, gunane kanggo pamurba irama

2. Kethuk, kenong, kepyak,gong, gunane kanggo pamangku irama

3.Barung, boning gedhe, gunane kanggo pamurba lagu

4.  Demung, slenthem, gunane kanggo pamangku lagu

5. Gender,gambang,cemplung, gunane kanggo pamangku yatmaka

6.   Rebab, gunane kango pambuka pathet

7.  Suling,siter,keprak,kecer, gunane kanggo murih gayenge swasana.

BAGEYAN GAMELAN

          KENDHANG

          DEMUNG

          SARON

          PEKING

          GONG

          BONANG

          SLENTHEM

          KETHUK

          KENONG

          GENDER

          GAMBANG

          REBAB

          SITER

          SULING

BENTUK (RACIKAN) GAMELAN

Bentuk (Racikan) Gamelan

1.       Wilahan, yaiku gambang, gender, demung, barung, peking, lan slenthem (Cara maine yaiku kanthi cara Dithuthuk)

2.       Blebekan, yaiku gong, kempul, kethuk, kenong, bonang, lsp (Cara maine yaiku kanthi cara Dithuthuk)

3.       Kebukan, yaiku kendhang (Cara maine yaiku kanthi cara Dikeplak)

4.       Sebulan, yaiku suling, terompet (Cara maine yaiku kanthi cara Disebul)

5.       Saka kawat, yaiku rebab, cemplung, siter (Cara maine yaiku kanthi cara Digesek)

 

 

Posting Komentar untuk "MATERI TEKS EKSPOSISI GAMELAN BASA JAWA"