Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

MATERI TEKS NOVEL BERBAHASA JAWA

 

TEKS NOVEL BERBAHASA JAWA

Dening : Evi Wijayanti, S.Pd

PANGERTENE NOVEL

Novel yaiku karya sastra prosa (karangan bebas) kang popular. Kaya dene karya sastra crita liyane, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang-pirang crita, dene saben babak iku ngandarake surasa kang beda-beda

UNSUR INSTRINSIK NOVEL

TEMA

yaiku Ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita novel.

SETTING/LATAR

latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan /panggonan.

PENOKOHAN

Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.

SUDUT PANDANG

orang pertama (wong kapisan) : penulis nggunakake sudut pandang paraga utamalan tembung sesulih wong kapisan, nyritakake apa sing dilakoni, lan ngetokake apa sing dirasake.

orang ketiga (wong katelu) : dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita.

impersonal : dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungoke lan ngerti.

ALUR

rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing novel. Alur diperang dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi saka kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.

GAYA BAHASA

Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut

 

UNSUR EKSTRINSIK NOVEL

Tegese unsur ekstrinsik yaiku unsur karya sastra kang ana njaba crita (Unsur–unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra). Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapiturute, sanjabane unsur intrinsik (maksude Kayata pangripta novel utawa latar belakang penciptaane). Nggatekake marang unsur–unsur iki bakal mbiyantu kanggo napsirake surasa sawijining karya sastra.

 

NILAI-NILAI KANG KAMOT ING NOVEL

1.       NILAI SOSIAL

Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.

2.       NILAI ETHIK

Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa ngewongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna ing dhiri pribadine.

3.       NILAI HEDORIK

Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita.

4.       NILAI SPIRIT

Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca duwe kapribaden kang percaya marang dhiri pribadine dhewe.

5.       NILAI KOLEKSI

Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni novel iku.

6.         NILAI KULTURAL

Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.

 

JINIS NOVEL HIBURAN

  1. Novel detektif (crita focus nggoleki bukti/ barang bukti).
  2. Novel roman (crita focus babagan percintaan utawa kasih sayang).
  3. Novel misteri (crita kang nimbulake rasa penasaran).
  4. Novel Gotik(penggabungan crita misteri/ horror dengan cerita percintaan)
  5. Novel Criminal (crita focus kasus kriminal).
  6. Novel fiksi ilmiah (crita focus babagan imajinasi).

 

Posting Komentar untuk "MATERI TEKS NOVEL BERBAHASA JAWA"