Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

RESENSI NOVEL GADIS KRETEK KARYA RATIH KUMALA

 


RESENSI NOVEL GADIS KRETEK

KARYA RATIH KUMALA

 

Disusun Guna Memenuhi Tugas Mata Kuliah Menulis Kreatif

Dosen Pengampu : Prembayun Mijil Lestari

 

Oleh

ARIF NUGROHO

2601413083

Rombel 3

 

 

 

 

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

2014

Resensi Novel Gadis Kretek

 

Irah-irahan        : Gadis Kretek
Sing Nyerat       : Ratih Kumala
Sing Nerbitke    : PT Gramedia Pustaka Utama, Kompas Gramedia Building Blok I Lt. 5 Jl. Palmerah

  Barat No. 29-37 Jakarta 10270

Cetakan             : Cetakan Kepisan Maret 2012

              Cetakan Kepindho Oktober 2012
ISBN                : 978-979-22-8141-5
Kandel              : 274 kaca
Genre                historical fiction

Dimensi                        : 14,5 x 21 cm

Jenis Kertas       : HVS 70g

Sinopsis

kaya wangi mbako, sarat ganda katrisnan

Soeraja, sing nduweni pabrik rokok kretek Djagad Soeraja sekarat amarga stroke. Setengah sadar dheknen nglantur sawijining jeneng sing ora tau keprungu ana ing omahe: Jeng Yah. Jeneng kuwi dudu duwekke bojone. Omah dadi geger. Purwanti, bojone Soeraja panas lan gething. Dheknen ora ngentuki sapa wae takon lan mbahas babagan kuwi. Sapa Jeng Yah? Sapaa dheknen, ketelu anake ngerti yen wong wadon kuwi sing pengen ditemoni bapake sadurunge mati. Ora mungkin kanggoTegar, Lebas, dan Karim nakokake iku marang ibune, kabeh padha nggolek cara kanggo ngerti sapa kuwi Jeng Yah. Nanging, kanggo nemokake Jeng Yah, gelem ora gelem kabeh kudu nglakoni napak tilas sejarah kejayaane pabrik kretek duwekke bapakne lan jenate mbahne kanthi cara marang Jogja, Magelang, Kudus tekan Kutha M.

Banjur crita ngalih saka flashback tumuju tokoh sing arane Idroes Moeria, salah sawijining buruh kretek klobot taun 40-an. Idroes dicritakake minangka pemudha sing gigih. Rasa trisnane kanggo Roemaisa sing nyebabake dheknen bisa ngubah uripe dadi mulya, lan mutusi yen dheknen kudu nggawe pabrik rokok saka nol maneh. Soejagad, asline kancane IM gething awit ngerti yen Idroes Moeria sing bisa ngrebut atine bocah wadon kuwi mau. Salebare Idroes nuku bahan kretek saka juragane, dheknen ngrasa yen kalah. Kekalahane Soejagad yaiku asal mulane persaingan bisnis karo intrik sing rada edan ana ing wektu-wektu salebare. Sasuwine Idroes bisnis, Soejagad dadi pesaing.

Kadadeyan baka kadadeyan Idroes lan Roemaisa jungkir walik. Padahal kretek Merdeka nembe wae populer. Nanging iku ora nggawe Idroes mandhek nyiptaake formula anyar, lan prodhuk anyar. Luwih-luwih salebare laire Dasiyah, putri kepisane wong loro kuwi mau. Pabrik rokok tetep ngalami perkembangan, lan Soejagad tetep dadi saingan. Tekan tibane generasi sakbacute.

Dasiyah sing wis padhatane ngrewangi nggawe kretek, akhire dadi tangan kanane Idroes. Malah nganti bisa nggawe formula sing marake rokok dadi luwih enak tinimbang liyane. Malah Idroes dadi seneng karo gaweyane. Dasiyah nduweni bakat entrepreneur sing ngedap-edapi. Kariere iku sing nemokake karo Soeraja, bocah kere sing seneng banting tulang kaya bapakne rikala jaman biyen. Wong loro kuwi mau bisnisan bareng nganti thukul rasa trisna lan nduweni rencana arep kawin. Nanging ana kedadeyan kang ora dinyana nalika lagi nyiyapake kawinane karo Soeraja. Kadadeyan geger G30S PKI nggawekake bisnise Idroes kaancem amarga werna abang ana ing etikete dituduh komunis padahal werna etiket wis ana wiwit jaman kamrdikan. Kahanan politik sing nggawe resah Dasiyah lan Soeraja kudu pisah. Aku ora bisa nglalekake nalika maca tulisan gegeran PKI iku.

Crita mbalik maneh ana ing jaman saiki, nalika Lebas, Tegar, lan Karim tumuju ana ing Kutha M, lan nemokake keluarga Dasiyah, nganti crita ngalih alur sing nggawe pamaca ora bakal ngalih saka wacanan iki sadurunge bar. Lan jarang tenan aku nemokake buku sing marakake nganti geleng-geleng ngene iki, kadhang lucu, kadhang marake nyemput, lan kadhang ya kaget. Luwih-luwih pas pungkasane akhire konangan kenapa jenengane bapakne bisa sandhing karo jeneng gedhi simbahne. Bekas luka ana ing bathuke Soeraja, lan rahasia-rahasia liyane. Oh jebule… :)

 

Unsur Intrinsik

Unsur Intrinsik Novel Gadis Kretek

1.      Tema

Gadis Kretek yaiku salah sawijining novel karya Ratih Kumala sing temane katrisnan ana ing sajroning bisnis kretek. Kisah katrisnan segitiga antarane rong perusahaan kretek ana ing salah sawijining kutha cilik ing Jawa saka jaman penjajahan Belanda tekan kamardikan lan perkembangan industry kretek ing Indonesia.

 

2.      Alur

Novel iki nggunakake alur maju lan diseseli cerita jaman mbiyen utawa flashbackBab iki bisa dimangerteni amarga sing nyerat nguraiake kadadeyan lan malah konflik kanthi cara kronologis. Saka prastawa lan kadadeyan sing kepisan banjur disusul karo prastawa sabacute.

Saka bab-bab kuwi mau nduweni dalan crita sing nggawa dhewe bali maneh ing jaman dhisik lan wektu saiki. Alur crita ing novel iki kawiwitan saka saingan bisnis ing industri kretek ora lali uga  saingan babagan katrisnan antarane rong kanca kenthel sing dadi pesaing iki njalari wasana dadi tansaya ora karuwan. Kawiwitan saka jaman penjajahan Belanda tekan kamardikan.

Kutipan :

 

“Jeneng kuwi ora dinyana nggugah setan jaman biyen sing aku dhewe ora tau ngerti yen ana. Setan sing dikubur rapet karo ibuku taunan kepungkur...”(hal.1)

“Rama namung crita, dhek jaman dhisik tau padu karo wong, lan wong kuwi nggawa semprong petromaks sing banjur diantemke neng sirahe...”(kaca : 13)

 Penokohan lan Watak

1.      Jeng Yah

Jeng Yah/Dasiyah yaiku kenya sing apik atine lan pegaweanne dadi pelinting kretek gadis sing terkenal ing masane, lan Jeng Yah yaiku kenya sing digolek-goleki saka crita iki. Karakter Jeng Yah yaiku kenya sing prigel, rajin, dan patuh karo printah wong tuwane. Jeng Yah dadi teka-teki sing digoleki ing kisah wektu goleki ketelu dulur Lebas, Tegar lan karim, kaya kutipan ing ngisor iki :

 

“Kula Karim,menika kangmas kula Mas Tegar, kaliyan adhi kula Lebas.”

“inggih, wonten menapa nggih?”

“Kita badhe kepanggih kaliyan Jeng Yah.”

“oh Jeng Yah. Sekedhap nggih,mangga pinarak” (kaca : 255)

 

2.      Romo/Soeraja

Soeraja yaiku sing nduwe pabrik rokok Kretek Djagat Raja,kretek sing nguwasani nalika jaman semana. Soeraja nduweni watek tegas lan ora ragu nalika njupuk keputusan. Persaingan produksi kretek sing ndominasi crita ing novel iki marakake bab katrisnan Soeraja tansaya cetha. Bapak saka Lebas, Karim lan Tegar iki lara, lan pengin ketemu karo Jeng Yah, kaya kutipan ing ngisor iki :

 

“iya aku ngimpi Jeng Yah. Apa ibumu ngerti yen aku nglindur Jeng Yah?”

“ngerti.” “Rama pengin ketemu Jeng Yah?”

“iya…nanging aja kandha ibumu, ya. Ibumu mesthi nesu.”(kaca : 15)

 

3.      Ibu/Purwanti

Purwanti yaiku anake Soejagad karo bojone, persaingan antarane produksi kretek wong tuwane sing diteruske karo bojone Soeraja. Ibu saka Karim, Lebas, lan Tegar nduweni watek merinan lan sensitif, kaya kutipan ing ngisor iki :

 

“Aku sing ngopeni dheknen lara, kenya kuwi sing diundang-undang!” ibu nesu, tutuke miring-miring lan monyong-monyong saking jengkele.”

 

4.      Idroes Moeria

Idroes Moeria asline buruh linting klobot sing nduweni niyatan arep nglamar  Roemaisa, wateke gigih lan tlatennalika kerja nggawe kanca sakperjuwangane saingan kanthi sehat babagan katrisnan utawa bisnis.

 

5.      Roemaisa

Roemaisa yaiku kenya incerane Soejagad lan Idroes Moeria, Roemaisa yaiku kenya sing apik atine sing didhemeni akeh wong lanang, nanging trisnane namung kanggo Idreos Moeria. Kasetyane trisnane iku kebukti nalika ditinggal bojone sing ditangkap penjajah Jepang rikala jaman semana. Kasetyane kagambar ing kutipan ngisor iki :

 

“aja pisan-pisan nyedhaki aku maneh! Aku dudu randha!” ungele Roemaisa marang Djagad sing nyuba ngrayu.

 

 

 

6.      Soejagad

Nduweni sipat sing arep menange dhewe lan njupuk idene wong liya, kaya ana ing  prathelan ngisor iki :

 

“klobotku luwih apik saka klobotmu, emang kuwi dalah idemu, nanging aku sing luwih apik saka kowe” Bentake Soejagad.

 

7.      Lebas

Lebas nduwe watek apik atine, nggatheke lan ora seneng nyerah, sipate kabukti saka kutipan ing ngisor iki :

 

“aja pisan-pisan kowe nglarake wong wedok kuwi, tindhakanmu marang wong wedok kuwi  kurang pantes”

“aku yakin banget karo film sing tak garap iki , tulung, aku diwenehi kesempatan kanggo nduduhake karyaku iki.

8.      Tegar

Tegar kangmase Lebas lan Karim sing dipercaya ramane kanggo dadi penerus bisnis Kreteke. Sipate teges lan manut karo aturan, kayata saka kutipan ing ngisor iki :

 

“ayo bareng-bareng nguncarakake lan nyuksesake pabrik sing wis nduweni sejarah iki, tinggalna hobimu sing seneng nggawe film kuwi” ujare.

“namung aku sing diwenehi ngerti ngenani resep klobot kuwi karo rama, mula saka kuwi aku semangat temenan karo pabrik iki.”

9.      Karim

Karim nduweni sipat dewasa lan sok misah nalika Tegar lan Lebas lagi tukaran, kaya pratelan ing ngisor iki :

 

“he, saiki dhewe fokus nggoleki Jeng Yah kanggo rama sing lagi sekarat, tulung aja tukaran ing wayah kaya mangkene iki” kethok Karim

 

2.      Latar

a.       Papan

Ø  Novel iki digawe kanthi papan ana ing

Ø  Kutha M,

Ø  Kudus,

Ø  Jakarta,

Ø  Saka jaman penjajahan Belanda tekan kamardikan.

b.      Wektu

-           Nalika awan

“Nalika awan Idroes Moeria bali, nggawa apalan bentuk-bentuk huruf abjad ing njero sirahe, karo nggenjot sepedhane.” (kaca : 60)

-           Nalika wengi

“wengi iku Idroes Moeria ora bisa turu. Ing njaba udan, nadyan ta ing awan mau padhang njingglang.”(kaca : 54)

 

c.       Sosial

Tokoh ana ing novel iki saka kalangan wong sing urip ana ing kutha. Nanging ing sawijining dina nglakoni perjalanan sing nglewati lan kudu ana ing kutha-kutha cilik iku. Bukti prathelane ana ing ngisor iki :

“banjur, mbok simpen melathine?” (kaca 15).

“aku ngematne layar Blacberry, ana ing grup bbm deretan pesen njedhul terus.” (kaca 38).

 

3.      Sudut Pandang

Sudut pandang ana ing novel “Gadis Kretek” nggunakake sudhut pandhang wong eksternal amarga nggunakake tembung genti wong ketelu.

 

 

4.      Amanat

Amanat sing arep dikandhake panyerat yaiku nguduhake dayane wong wedok ana ing donya iki sing dikira namung dikuwasani wong lanang thok babagan bisnis industri kretek.

 

 

 

 

 

Kaluwihan

Nonton cover ngarepe, meh kaya kisahe Roro Mendut lan Pranacitra. Nanging  sawise maca, jebule novel iki luwih njlimet. Nganggo latar belakang sejarah, tradisi, suasana politik, nganti kisah-kisah babagan katrisnan sing sederhana nanging jeru maknane.

Crita Gadis Kretek dituturake kanthi akeh Pov. Diwiwiti kanthi sudut pandhang tokoh Lebas, salah sawijining putu Soejagad, banjur ana ing bab salebare sudut pandang ganti dadi sudut pandang ketelu berbagai tokoh sahingga pamaca bisa ngerti alur ceritane. Novel ngenani telung generasi iki nampilake macem-macem karakterkanthi latar belakang pagesangan lan cara mikir sing madeg dhewe-dhewe. lan penulis nguraiake kanthi lancar bab ngenani kretek tekan cara nggawene, saka nglinting nganggo klobot (godhong jagung sing digaringake) banjur diisi mbako campur cengkeh, nganggo klobot klembak menyan, lan akhire nggunakake papier (kaya kertas bungkus campuran mbako). Ora lali proses nggawene rokok kanthi cara manual sakambiyen tekan saiki malahan ditambahi kaya saus sing marakake rokok kretek aromane luwih sedhap.

Nganti dicritakake yen rokok uga didol ana ing tokoobat amaraga kandhungan cengkihe sing bisa ngobati asma. Beda karo saiki sing malah bisa ngrusak kesehatan.

Biyen, ing Kudus ana Pak Haji Jamari. Gesang taun 1980-an. Sawijining dina Pak Haji Jamari sesek napase, lan nggolek cara nglebokake woor (cengkeh) neng paru-parune. Dheknen ngrajang cengkeh lan nyampurake karo mbako rajang sing dilinting nganggo klobot. Nalika geni diempakake lan ngentekake lintingan kuwi, keprungu suwara kretek-kretek amarga saka cengkeh rajangan kuwi mau. Iku asale rokok kretek. (hlm. 179)

 

Manfaat Isi Buku

Maca Gadis Kretek, nggawe aku ngerti, yen jaman biyen kretek nduweni sipat universal lan ora ana gegayutane karo gender. Ora lanang ora wadon wis ora ana bedane ngrokok utawa ora. Kebukti saka pagesangane Roemaisa sing adol kretek nalika bojone dicidhuk ana ing Soerabaja, lan Dasiyah sing minangka bos Kretek Gadis, amarga kuwi, barang mesthi kabeh kuwi padha njajal rokok. Bab kuwi uga nyethakake yen rokok kuwi prodhuk universal. Diskriminasi Gender malah kawiwitan maneh nalika jaman orede baru. Malah okeh wong sing nyenengi kretek gaweyane Dasiyah. Luwih-luwih bapakne. Momen nalika bapakne seneng banget karo kretek anak gadhise njangkepi tema novel iki kanthi nuwansa trisna lan kaluwarga.

Detail setting diseratake Ratih Kumala kanthi menarik, sing kayane wis ngalami riset sing dawa lan ngati-ati. Wasan vintage sing meh sempurna nggawekake aku mikir yen aku piknik ana ing jaman biyen lan nguthik-uthik sejarah lan tradhisi masyarakate. Sanadyan temane kretek (rokok) novel iki uga nyritakake sejarah nasional, amarga jarene perkembangan rokok bisa dadi tandha-tandhane sejarah nasional, kayata merk lan iklane. Bahasane uga lugas, entheng, lan cendherung gojeg dadi nduweni daya tarik dhewe. Novel iki dadi ora mboseni yen diwaca. Nyatane iki wis kaping telune aku maca noveliki awit aku tuku telung sasi kwpungkur. Sanadyan aku ora patek seneng karo rokok nanging yo asik wae ngerteni sejarah rokok ana ing Indhonesia iki. Gabungan crita sing luwes, kebak maknane, lan pengetahuan uga twist-twist sing marake penasaran lan kaget nggawekake aku ngrasa beja banget aku nemu novel iki. Kekurangane ora patek akeh. Ya nek e wis pancen apik saka awal, kekurangane dadi ora paek tak gagas. Nanging istilah-istilah basa inggrise luwih becik yen didokok footnote, ora nang mburi bab, supaya nggampangake pamaca sing ora patek dhong basa inggris. Uga ana sithik typo ing kana kene lan uga ana sing kayane jenengane tokoh kuwalik-walik. Kakeyan mbahas sejarah rokok kretek lan bagiyan Idroes Muria dan Soejagad ketimbang sing liyane. Gadis Kretek malah porsine sithik. Sanadyan kaya ngono, si gadhis mau kayane pancen pas diposisike minangka kunci pambuka rahasia rikala jaman biyene. Sahingga secara kesuluruhan novel iki dadi salah sawijining favorite aku lan luwes yen dikeki bintang 5.

Sugeng maca..

Posting Komentar untuk "RESENSI NOVEL GADIS KRETEK KARYA RATIH KUMALA"