Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

SINOPSIS DEWA RUCI BAHASA JAWA

SINOPSIS DEWA RUCI BAHASA JAWA

Halo sahabat Duniaku Duniamu, semoga kaliyan semua dalam keadaan sehat dan diberikan segala kebaikan oleh Allah SWT. aamiin. Kali ini kami akan membagikan sedikit teks sinopsis Dewa Ruci dalam bahasa Jawa. Tentunya banyak sekali cerita pewayangan yang memiliki kesan dan pesan mendalam. Salah satunya adalah kisah Dewa Ruci ini.  Dalam cerita ini yang menjadi tokoh utama adalah Brantasena/ Werkudara/ Bima. 

Brantasena merupakan bagian dari Pandhawa Lima yang sangat terkenal di kalangan masyarakat umum. Ia adalah tokoh pewayangan yang dikenal dengan bahasa "ngoko lan blaka suta/ apa anane". Brantasena memiliki senjata sakti yaitu Pancanaka. Ia adalah tokoh Pandhawa yang paling kuat diantara saudaranya yang lain. Ia mampu mengalahkan Duryodhana dan Kurawa lainnya. Ketika perang tanding antara Bima dan Kurawa, pihak Kurawa selalu kalah dan dihajar habis-habisan. Duryodhana, yang tertua dari Kurawa sangat membenci Bima dan selalu mencari cara untuk membinasakan Bima. Kebencian ini semakin bertambah karena ketakutan akan lepasnya tahta dari tangannya. Mungkin itu sedikit gambaran mengenai tokoh wayang yang satu ini.

Kemudian, mari kita simak bagaimana kisah dari Brantasena ini dalam mencari jati dirinya dalam lakon Dewa Ruci ini. Berikut sinopsisnya, semoga bermanfaat untuk teman-teman semua. Selamat membaca dan berimajinasi.


“DEWA RUCI”

Penyunting : Arif Nugroho, S.Pd

Nalika semana, Ing dalem padhepokan Sokalima, Resi Drona kaeling marang Brantasena kang laire wungkusan, mula bisa maujudake Brantasena duweni kedigdayan kang kuwat lan gagah prakasa. Ing wektu semana Sengkuni mangertos yen Brantasena kangsenan ketemu marang Resi Drona. Ing dalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudara utawi Brantasena, yen dhewekke kudu madosi “Kayu Gung Susuhing Angin.” ing kawah Candradimuka.

Brantasena tanpa risa-risi banjur mangkat nyuwun pangestu dening Resi Drona. Nalika iku uga Sengkuni wonten ing mriku, lan mangertosi paguneman Resi Drona marang Brantasena. Sawise Brantasena budhal, Sengkuni medal lan nyuwun pirsa marang Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli marang Sengkuni yen dheweke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi “Kayu Gung Susuhing Angin.” lan Drona uga jrumusake Brantasena.

Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supaya dadi telik sandi ngawasi Brantasena. Ing wektu semana uga Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sabanjure wonten Buta kalih kang ngalangi Brantasena, akhire Buta kalih menika lan Brantasena perang. Banjur pungkasane Buta mau kalah. Buta maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara kalih mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena tangklet marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,

“Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?”

Bathara mangsuli,

“Umpamanipun barang kang ala saged dikalahake marang ati kang tulus iklas lan donga marang Gusti Kang Maha Kuwasa.”

Minangka atur panuwun, Branthasena diparingi bebungah, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene kagunanipun Cincin mau yaiku, ngirangi dhasar samudra kang jero lan amba. Banjur Brantasena tangklet malih,

“Apa tegese Kayu Gung Susuhing Angin?”

Bathara Indra mangsuli, ”yen tegese, punjering ambegan tentreming ati lan pikiran.”

Banjur, Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu, lan arep tangklet malih marang Resi Drona (gurune). Ing padhepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, apa kabeh sing kedaden marang awake, uga Brantasena tangklet malih babagan ilmu kasampurnan. Banjur Drona mangsuli, ”isih ana syarat kang kaping loro, yaiku Tirta Pawitra (tirta kesucian) kang ana ing jero samudra minangkalbu.” Banjur Brantasena pamit marang gurune.

Brantasena miwiti nyuwun pangestu marang ibune Dewi Kunthi. Ananging Dewi Kunthi ngalang-alangi tekadipun Brantasena. Babagan tekad Brantasena kang kuwat, Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi mewehi restu, lan uga para Pandhawa ngrestoni Branthasena.

Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dipuncegat Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten saged dipunendhani, akhire Branthasena kang menangke perang menika. Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha matur marang Brantasena supaya kudu ngati-ati sajroning lelaku kang ditindakake.

Brantasena mbacutake lelakune, sasampunipun Brantasena dumugi pinggiring samudra kang mboten enten pinggire, ombak kang gedhe, lan bledheg kang nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dhasar samudra, kanthi niyatan pikantuk Tirta Pawitra. Ing dhasar samudra Brantasena dicegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung antarane Brantasena klawan naga boten saged kaendhani. Ananging Brantasena saged ngalahke naga mau.

Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhiri Brantasena, kaliyan Brantasena saged ngalahken naga kang ngadhang-adhangi paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci, lan nyuwun pirsa,

“Kados pundi carane tumuju kasampurnaning ngaurip?”

Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing sajroning raganing Dewa Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, ayem lan tentrem. Banjur Dewa Ruci ngendikan,

“Tegese, awakmu wis bisa menep lan nyikapi pitedah saking Gusti Kang Maha Agung, lan aja kaged karo cahya kang werna-werni, amerga atimu kang suci.”

Ing Sokalima, Permadi utawi Sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena dereng uga wangsul. Banjur Drona sadhar marang awake. Banjur Drona nyusul Brantasena lan akhire Drona nemokake Brantasena gumlhetak ing pinggiring samudra. Sasampunipun, Drona nyesel uga nemoni keponakane lan sumpah aprajanji bakal ngrumat Brantasena.

 

###


Demikian kisah singkat dari Brantasena dalam mencari jati dirinya. Semoga segala hikmah dalam cerita dapat dijadikan motivasi kita dalam menjalani hidup di dunia ini. Aamiin. Okay, jangan lupa teman-teman semua juga dapat membaca tulisan-tulisan kami yang lainnya. Silahkan klik menu Daftar Isi untuk melihat tulisan kami. Terima kasih sudah membaca hari ini. Salam Dunia Kita.

Wassalamualaikum wr. wb.



Posting Komentar untuk "SINOPSIS DEWA RUCI BAHASA JAWA"