SOAL PACELATHON BASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 2
SOAL PACELATHON BASA JAWA
Oleh: Evi Wijayanti, S.Pd
Kompetensi Dasar :
Menelaah dan Menangkap isi pacelathon
Kelas :
VIII/ Semester 2
Indikator :
1. - Mengajukan dan menjawab pertanyaan
wacana pacelathon.
2. - Mampu
menyimpulkan isi wacana pacelathon.
G GOLEK GAWEYAN
Cuk: Kulanuwun....
Pak Slamet: Sapa?
Cuk: Kula...
Pak Slamet: Kula sapa?
Cuk: Kulanuwun...
Pak Slamet: Maksute
jenenge sampean iku sapa?
Cuk: Kula Cuk...
Pak Slamet: We lha dalah...
bocah iki kenthir tenan. Ditakoni jenenge kok malah misuh!
Cuk: Sinten sing misuh?
Jenenge kula niku pancen Cuk... Cukijan bin Cukirman. Lha njenengan sinten?
Pak Slamet: Oalah...
tak kira misuh. Aku Pak Slamet. ana perlu apa?
Cuk: Badhe nglamar
Pak Slamet: Nglamar
aku?
Cuk: Nggih mboten to,
pak... Lha lah napa kula nglamar sampeyan niku?
Pak Slamet: Sapa ngerti
kowe arep nglamar padha lanange
Cuk: Wah... panjenengan
niki jian pinter nek ngenyek. Elek elek ngaten niki kula sek normal, pak...
Pak Slamet: Wahaha...
kon iki elek kok bangga
Cuk: Masio elek tapi
kulo niki kathah randha sing madosi lho pak...
Pak Slamet: Walah!!
Modelmu... randha tukang nagih utang to?
Cuk: Bapak niku ngertos
mawon hahaha...
Pak Slamet: Wis, aja
cengengesan. Kon mrene iku arep nglamar sapa?
Cuk: Nglamar gawean,
pak...
Pak Slamet: Kon salah
alamat. Nok kene ora ana arek wedok sing jenenge Gawean. Anane Mbah Gowang,
umure wis 70 tahun. Gelem ngrabi tah?
Cuk: Maksud kula
nglamar kerjaan, pak... Mboten nglamar embah embah...
Pak Slamet: Oo... gak
ngomong kaet mau
Cuk: Lha kula sampun
matur sampeyan malah ngajak guyon
Pak Slamet: Mending
diajak guyon to timbang diajak gelut?
Cuk: Panjenengan saget
mawon... Pripun pak?
Pak Slamet: Pripun yo’
apa maksudmu?
Cuk: Wonten lowongan
mboten?
Pak Slamet: Awakmu iki
sakjane golek lowongan apa kerjaan?
Cuk: Kan sami mawon ta,
Pak?
Pak Slamet: Beda... nek
kerjaan iku nggone wong kerja. Nek lowongan iku panggonan sing lowong. Contone
sumur, lawang... Termasuk lambemu barang iku jenenge lowongan
Cuk: Sak karepe sampean
mpun... sing waras ngalah
Pak Slamet: iYa mesti
sing waras kudu ngalah... nek wong lara kongkon ngalah, dipan rumah sakit kae
kebek wong waras. Sing lara malah turu nok ngisor
Cuk: Nggih mpun kula
nurut. Sak niki wonten kerjaan mboten?
Pak Slamet: Akeh. Nok
njero kantor kae panggonane wong kerja thok. Sak karepmu milih kerja sing endi?
Sing bagean nduwuran apa sing ngisoran?
Cuk: Nek sing nduwuran
niku bagean napa, pak?
Pak Slamet: Bagian
nyekeli penangkal petir. Dadi awakmu nangkring nok nduwur kono pas wayah udan.
Nek ana bledek, ndang sauten trus jupukana.
Cuk: Weh... lak modar
aku!!
Pak Slamet: Lha jarene
njaluk kerja bagian nduwur...
Cuk: Mboten siyos nek
ngoten. Dereng sempet gajian kok wis matek disik
Pak Slamet: apa kerja
sing bagian ngisor wae?
Cuk: Bagean napa niku?
Nduduk lemah damel ngubur sampean ngoten tah?
Pak Slamet: Wahaha...
Kowe iku sembarangan ae. Bojoku isek ayu kinyis kinyis mosok arep tak tinggal
matek, Cuk!!
Cuk: Mboten usah
kuatir, pak... Nek sampeyan mati kula siap nampani randhane kok
Pak Slamet: Ngomong
karo wong tuwek sak penake dhewe wae. Durung pernah dibalang watu wong buntung
yo?
Cuk: Lha kerja ngisoran niku teng pundi?
Pak Slamet: Sek tak
takoni disik. Sak durunge kowe duwe pengalaman kerja apa?
Cuk: Tukang becak
Pak Slamet: wahhh. .
kene nampane lulusan sarjana niku, ora level lulusan tukang becak.
Cuk : woalaahh, Pak Pak
ora gelem ngomong kaet mau.
3 wulan sawise, Pak Cak
lan Cuk ketemu ing dalan. .
Cuk : Pak….lho sampeyan
Pak Cak to?
Pak Slamet : iyaa, lha kowe ngapa ing kene? Kok gawa tas
jinjing mbarang?
Cuk : ya wong kerjaanku
ngene ki Pak.
Pak Slamet : tak
tebake, mesthi kerjamu dadi babune direktur ta?
Cuk : boten Pak salahh,
ayoo ditebak malih. . .
Pak Slamet : sek. . sek
. . sek .. mesthi kerjamu sales obat pinggir dalan ta?
Cuk : emmm, dipikir
piyambak mawon.
Pak Slamet : woalaah,
ditakoni kok malah lunga, paling kerjamu sales.
Cuk : kula…. Direktur
Perusahaan wonten ngajeng kantoripun Bapak.
Gladhen soal
A. Wangsulana pitakenan-pitakenan menika kanthi pratitis!
1.
Sinten kemawon paraga wonten ing
pacelathonkalawau?
Pitakenan
nomor kalih ….
2.
Kenging menapa Cuk pepanggihan kaliyan
Pak Slamet?
Pitakenan
nomor tiga …
3.
Kados pundi (tanggapan) Pak Slamet
marang Cuk?
Pitakenan
nomor sekawan ….
4.
Kapan Cuk kapanggih malih kaliyan Pak
Slamet?
5.
Sinten kemawon paraga wonten ing
pacelathonkalawau?
6.
Kenging menapa Cuk pepanggihan kaliyan
Pak Slamet?
7.
Kados pundi (tanggapan) Pak Slamet
marang Cuk?
8.
Kapan Cuk kapanggih malih kaliyan Pak
Slamet?
B. para siswa kedah nyerat dudutan saking pacelathon kanthi ngginakaken basa ingkang trep. Sumangga!
Posting Komentar untuk "SOAL PACELATHON BASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 2"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.