SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS 8 SEMESTER 1
SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS 8 SEMESTER 1
Waosan
ing ngandhap menika kangge mangsuli soal nomer 1 ngantos 5
Rara
Jonggrang ingkang sejatosipun boten remen lajeng pados cara supados Bandung Bandawasa boten kasil ngrampungaken sewu candhi. Jonggrang nyuwun pitulungan dhateng ibu-ibu
kangge nuthuki lesung supados jagonipun sami kluruk. Nalika jago kluruk, jin-jin sami ajrih lan nilar pedamelanipun amargi dipunkinten sampun enjang. Kamangka dereng rampung anggenipun mbangun candhi.
Bandung ingkang rumaos dipunapusi Rara
Jonggrang murka. Awit saking menika, Bandung nyumpahi Rara Jonggrang
dados watu kagem ngganepi candhi ingkang kirang setunggal.
Sakmenika Bandung
Bandawasa saged
ngrampungaken syaratipun mbangun
candhi ingkang cacahipun sewu. Ananging piyambakipun boten saged nggarwa Rara
Jonggrang, amargi Jonggrang sampun dados sela/watu. Candhi sewu
sakmenika dipunwastani candhi
Prambanan ingkang wonten ing Desa
Prambanan, Daerah Istimewa Yogyakarta.
- Sinten ingkang kagungan watak
licik lan mblenjani janji ....
A. Prabu Baka C. Jin
B. Rara Jonggrong D.
Bandung Bandawasa
- Irah-irahan menapa ingkang trep
kaliyan cariyos ing nginggil menika....
A. Asal-usul Candhi Prambanan C. Rara Jonggrang
B. Candhi Sewu D. Bandung Bandawasa
- Piwulang saking cariyos ing
nginggil, inggih menika ....
A. manungsa kedah gadhah jin supados
padamelan dados entheng.
B. dados manungsa ampun remen mbangun
candi
C. tiyang menika kedah ngugemi menapa
ingkang sampun dipunjanjekaken
D. manungsa kedah nyenyuwun, supados
tiyang sanes gagal ngayahi kewajibanipun.
- Ing ngandhap jumbuh kaliyan
isinipun waosan ing nginggil, kajawi....
A. Roro Jonggrang nyuwun dipundamelaken
candi sewu cacahipun.
B. Bandung Bandawoso nyanggupi
panyuwunipun Roro Jonggrang bangun candi
sewu.
C. Roro Jonggrang saestu dados
garwanipun Bandung Bandawoso, amargi candi sampun dados.
D. Roro Jonggrang dipunsedakaken dados
sela/watu amargi sampun nulayani janji.
- Rara Jonggrang menika esemipun pait madu.
Tegesipun sanepa “pait madu”
ing ukara wau inggih menika . . .
A. sepet sanget
B. manis sanget
C. galak sanget
D. jujur sanget
Waosan
ing ngandhap menika kangge mangsuli soal nomer 6 ngantos 10.
“. . . Perang saudara sampun lerem,
Pangeran Benawa dados ratu ing Pajang. Benawa kemutan sedherekipun inggih
menika Ki Sedhayu ingkang sampun dangu ngumbara lan boten cetha papan
panggenanipun. Benawa lajeng ngutus prajurit kangge madosi Ki Sedhayu. Wusana kasil mrangguli Ki Sedhayu
ingkang mapan ing dhusun Teteguall. Ki
Sedhayu kasuwun kondur dening Benawa boten kasil, amargi Ki Sedhayu langkung
remen gesang kaliyan masyarakat dhusun Teteguall,
tinimbang dados patih ing Pajang. Benawa saged nampi niyat sae Ki Sedhayu,
pramila Pangeran Benawa lajeng misuda Ki Sedhayu dados demang utawi sesepuh ing
dhusun Teteguall. Anggenipun misuda
kala Hijriyah utawi taun 588 Ehe, inggih rikala 12 April 1540 Masehi. Dinten
kasebat ngantos samenika dipundadosaken ‘hari
jadi’ kitha Tegal kanthi Perda No. 5 taun 1988 surya 28 Juli 1988 ...”
- Sedherekipun Benawa kaparingan
asma ....
A. Ratu Pajang
B. Ki Teteguall
A. Ki Demang
B. Ki Sedhayu
- Kangge madosi Ki Sedhayu
ingkang sampun dangu ngumbara, Ki Benawa ngutus ....
A. prajurit
B. tiyang dhusun
C. sesepuh dhusun
D. punggawa kraton
- Ki Sedhayu kasuwun kondur
dening Benawa tuwin badhe kaangkat dados ....
A. patih
B. ratu
C. demang
D. Sesepuh dhusun
- Wusana Benawa misuda Ki Sedhayu
dados ….
A.
patih
B.
bupati
C.
ratu
D.
demang
- Ing ngandhap menika jumbuh
kaliyan isinipun carios ing nginggil inggih menika....
A.
Ki
Sedhayu purun dipunangkat dados patih ing Pajang
B.
Benawa
angkat Ki Sedhayu dados demang ing dhusun Teteguall
C.
Teteguall
sakmenika dados kerajaan Pajang
D.
Pajang
dados andhahanipun Teteguall, ingkang dipunpimpin dening Ki Sedhayu
Tembang macapat
gambuh menika kangge mangsuli nomer 11 ngantos 14)
Adiguna puniku,
ngendelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipundheweki,
sapa bisa kaya ingsun,
togging prana nora enjoh.
- Adigang, adigung, adiguna ing
tembang gambuh menika nggandhahi teges....
A. apikan, jujur
B. nglembah manah, ajur ajer
C. srei, dengki
D. gumedhe/sok-sokan
- Watek adiguna ing tembang gambuh
ngandelaken ....
A. jabatan
B. kasektian
C. kapinteran
D. kasugihan
- Sapa
bisa kaya ingsun. Tembung ingsun tegesipun ....
A. aku
B. dheweke
C. panjenengan
D. kita
- Ing tembe buri tiyang ingkang nggadhahi watak adiguna menika dados....
A. manungsa ingkang migunani
B. dermawan kaliyan masyarakat
C. katingal bodhonipun/mboten saged
menapa-napa
D. remen mblenjani janji
Tembang Gambuh ing ngandhap menika
kangge mangsuli soal nomer 15 ngantos 17
sekar
gambuh ping catur,
kang
cinatur polah kang kalantur,
tanpa
tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa
katutuh,
kapatuh
pan dadi awon.
15. Cacahe gatra tembang gambuh yaiku....
A. 4
B. 5
C. 6
D. 7
16. Guru lagu lan guru wilangan saka tembang gambuh
yaiku....
A. 8u, 8a, 12i, 10u, 8a
B. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
C. 7u, 10u, 12a, 8u, 8u
D. 8u, 10a, 12u, 8u, 9o
- Wos saka tembang gambuh ing dhuwur yaiku....
A. Urip bebarengan sing rukun
B. Tata krama marang wong tuwa
C. Wong sing duwe gegayuhan dhuwur
D. solah bawa sing becik supaya ngadohi saka
tumindak awon/ala
Tembang Gambuh ing ngandhap kangge mangsuli soal nomer 18 ngantos 22.
wonten
pocapanipun
adiguna
adigang adigung
pan
adigang kidang adigung pan esthi
adiguna
ula iku
telu
pisan mati sampyoh
- Manut pethilan tembang gambuh ing dhuwur,
watak adigang yaiku watak kang ngendelake....
A. kaluhuran
B. kaluwihane
C. kekuwatane
D. mupangate
- Wong kang duweni sifat adigung
diibaratake kewan....
A. gajah
B. ula
C. kidang
D. semut
- Wong gumedhe/sombong, wusana bakal...
kaya sing diupamakake kewan kidang, gajah, lan ula.
A. urip bareng
B. mati bareng
C. mulya jiwa raga
D. mlayu bareng
- Wosipun saking tembang macapat
ing nginggil inggih menika ....
A. ula, kidang, lan gajah gadhah kakiyatanipun
piyamba-piyambak.
B. ampun niru tumindakipun kidang, gajah,
lan ula.
C. kidang, gajah, lan ula kagungan
kekiyatan ingkang sami.
D. kedah niru tumindakipun kidang, gajah,
lan ula.
- Nilai moral kang bisa dijupuk saka
pethikan tembang gambuh ing dhuwur yaiku....
A. manungsa kena sombong
B. manungsa aja kaya kewan
C. manungsa kang watake kaya kewan kidang, gajah,
lan ula
D. manungsa ora prayoga yen gumendhe utawa
sombong
Tembang kangge mangsuli soal nomer 23 ngantos 26
(1) Lamun becik wurukipun,
(2) Sayektine apantes tiniru,
(3) Pitutur bener iku,
(4) Iku pantes sira anggo.
(5) Nadyan metu saking wong sudra pepeki,
- Urutan tembang gambuh ingkang leres
yaiku....
A. (3), (2), (5), (4), (1) C. (3), (1), (5), (3), (4)
B. (3), (5), (2), (1), (4) D. (3), (2), (5), (1), (4)
- Tegesipun “wong sudra pepeki” inggih
menika tiyang ingkang....
A. Adiluhung/sugih C. pinter lan wasis
B. drajatipun andhap /mlarat D.
Clemer/seneng njupuk
- Isinipun Tembang Gambuh ing nginggil
inggih menika...
A. kawruh saged pikantuk saking tiyang ingkang
ala tindhak-tandhukipun
B. sinau kedah kaliyan tiyang ingkang sampun
misuwur ilmu lan kawruhipun
C. sinau saged saking pundi kemawon sinaosa
saking tiyang andhap
- Kumpulan Materi Bahasa Jawa
- Rantaman Adicara Ijab Kabul
- Kumpulan referensi soal USBN SMA/MA/SMK K13
- SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL BASA JAWA KELAS 7 SEMESTER 1
- SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS XI BAHASA JAWA
- Ramayana: Epik Klasik dan Watak Pewayangan Beserta Silsilah Keluarga
- Tips Cara Cepat Bermain Piano
D. kawruh ingkang sae prayoganipun kedah
dipunsinauni kaliyan manungsa
- Piwulang luhur ingkang saged kapundhut
saking tembang ing nginggil inggih menika...
A. sinaua babagan kabecikan kaliyan sinten
kemawon
B. saben dinten ngucapa bab pitutur ingkang becik
C. miliha tiyang ingkang bener supados boten
keblinger
D. sinaua pitutur ingkang bener kaliyan tiyang
bener ugi
Pawarta menika kangge mangsuli soal nomer 27 ngantos 30
Kirang langkung 30 kesenian saking pinten-pinten dhaerah ing Jawa Tengah lan Yogyakarta sumadya
ngramekaken “Taman Budaya Jawa Tengah” utawi “Taman Budaya Surakarta” Solo ing
adicara panggung seni seribu bunga ingkang kawiwitan dina setu (24/1) ngantos
dumugi dinten Jumah (30/1).
Adicara menika dipungelar dinas pendidikan kabudayan
Provinsi Jawa Tengah ingkang ngemonah TBS Solo. Sedaya kesenian dening 30
pepanthan kesenian saking tlatah Jawa Tengah lan Yogyakarta saged dipunpirsani warga kanthi lelahan/gratis, miturut ketua Bidang Pengembangan Seni TBS Solo. Pagelaran panggung seni 1000 bunga ancasipun badhe kagelar saben
taun kawiwitan taun menika.
- Irah-irahan ingkang trep kangge
njengkepi pawarta ing nginggil menika....
A. Panggung seni seribu bunga ing TBS
B. Pagelaran ing TBS
C. Kesenian ing TBS
D. Taman Bunga Jawa Tengah
- Manut pawarta ing nginggil
menika, TBS menika singkatan saking Taman Budaya....
A. Semarang
B. Surakarta
C. Solo
D. Sleman
- Saking pawarta ing nginggil
menika ingkang kalebet unsur paraga inggih menika....
A. panggung seni seribu bunga
B. adicara pagelaran
C. Dinas Pendidikan
D. Kesenian Yogyakarta
- Pegelaran panggung seni ‘seribu
bunga’ ancasipun kangge
nglestarekaken kesenian ing Jawa Tengah. Ancas ing ukara kasebat nggadhahi
teges....
A. supados
B. kangge
C. tujuan
D. miturut
Pariwara
ing ngandhap kangge mangsuli soal nomer 30 ngantos 33
- Pariwara ing nginggil mujudaken
salah satunggaling pariwara ing babagan ...
A. olahraga
B. kesehatan
C. pendidikan
D. sosial
- Wosipun pariwara kasebut inggih
menika ....
A. setunggal kaluwarga satunggap
panggenan sampah
B. ayo buwang sampah ing lepen/kali,
supaya sampahe ora numpuk
C. reresik lepen/kali supados gesangipun
sehat
D. ayo, padha ngumbahi ing kali supaya
kaline ora sepi
- Ndamel pariwara menika boten
namung angger kemawon, liripun wonten aturanipun, pramila nalika damel
pariwara ingkang kedah dipun-gatosaken, inggih menika ....
A. Ukaranipun dawa, boten wonten
gambaripun, basanipun saged dipunmangertosi (komunikatif).
B. Ukaranipun cekak lan aos, ngangge
gambar boten wonten seratan, basanipun saged dipunmangertosi (komunikatif).
C. Ukaranipun cekak lan aos, ngangge
seratan lan gambar ingkang narik kawigatosan, basanipun gampil dipunmangertosi/komunikatif
D. Ukaranipun cekak lan aos, ngangge
seratan lan gambar ingkang narik kawigatosan, basanipun njlimet
- Ancasipun pariwara inggih
menika ....
A. supados masyarakat
kesengsem purun tumbas utawi ngginakaken barang utawi jasa
kasebut
B. supados ingkang maos saged
ngandharaken panyaruwe saking teks menika
C.
maringi
ngertos masyarakat ngengengi barang utawi jasa
D.
narik
kawigatosan masyarakat ngginakaken produk kasebut
Pacelathon bab atur-atur menika kangge mangsuli soal nomer 34
ngantos 37.
Dheka : “Assalamualaikum”
Pak Jono : “Waalaikumsalam. Eee, Mas Dheka ana kersa apa, Mas?”
Dheka : “Makaten, Pak Jono. Sowan kula dhateng ngriki
dipunutus Bapak Jalu, menawi Pak Jono wonten wekdal saha lodhang ing penggalih,
katuran rawuh dhateng dalemipun Pak Jalu saprelu ngestreni/ngrawuhi adicara
tasyukuran supitan putranipun nama Adhik Hastomo, benjang Setu, 29 November
2014 wanci tabuh 4 sonten.”
35. Pacelathon ing nginggil dereng
jangkep, pramila kangge njangkepi ceceg-ceceg ing pecelathon nginggil tembung ingkang trep inggih menika….
A.
dipunsuwun,
rawuh
B.
diakon,
teka
C. diaturi, mangkat
D. dipunutus, rawuh
36. Nitik suraosipun ingkang badhe kagungan
kersa tasyakuran inggih menika....
A. Pak Jono
B. Pak Jalu
C. Mas Dheka
D. Adhik Hastomo
37. Dheka
sowan wonten dalemipun Pak Jono angkahipun inggih menika....
A.
amargi
dipuntujuk dados ketua panitia supitan
B.
saperlu
ngaturi ulem adicara supitan
C.
ngestreni
adicara selapanan
D.
kangge
sosialisasi 17 Agustusan
38. Basa ingkang dipun-ginakaken Dheka dhumateng
Pak Jono inggih menika ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
39. ?finlai/[rt=gl\;20;mxt\;2007;.
Umuripun Dina samenika....
A.
7 taun. C. 10 taun
B.
9 taun. D.
12 taun.
- Indonesia
mardika nalika tanggal....
A.
;19;agusÒ|s\;2017;.
B.
;17;AgusÒ|s\;2017;.
C.
;19;agusÒ|s\;1945;.
D.
;17;AgusÒ|s\;1945;.
Aksara Jawi kangge mangsuli soal nomer 40 ngantos 42.
?nlikfinmi=gu,rudimev=[aomh[adidik\.kek[ro[nbklMev=ps/axpÒ|kupirnTik=[gop]k/y,kek[ro[nmev=ps/numPkH=[kot\,swi[sSteknPs/kek[ro[nbvJ|/bLvJpirnTik=[gop]k/yae[nTk\;58;[awurupiyh.
41. Kekalihipun
dhateng peken ing dinten....
A.
Setu
B.
Minggu
C.
Senin
D.
Selasa
42. Rudhi menyang
omahe...ing dinten minggu.
A.
Dedik
B.
Dhidhi
C.
Dhidhik
D.
Budi
- Kekalihipun
dhateng peken numpak....
A.
sepedha
B.
bis
C.
motor
D.
angkot
- Rudhi
lan kancanipun dhateng peken tumbas piranti prakarya telas .... ewu
rupiah.
A.
28
B.
38
C.
48
D.
58
- Aksara rekan yaiku aksara kang
direka kanggo nulis aksara kang ing aksara Jawa ora ana tuladhane yaiku z,
dz, gh, kh, sh, lan liya-liyane. Tembung ing ngandhap menika ingkang boten
ngginakake aksara rekan inggih menika....
A. E[rop negr mvC
B. sitigu+l[akh
C. Ahmfg+[alni
D. Af+nMg+]ib\
- ?gnF[nwzibzet\.
Menawi dipunserat ngangge aksara
latin ingkang leres inggih menika ...
A. Gandhange wangi banget
B. Mandine obat mujarab
C. Gandane wis ilang
D. Gandani wangi banget
- “Sekar gambuh ping catur”
menawi dipunserat ngangge aksara Jawa ingkang leres dados....
A.
?sek/gMbuhpi=ctu/.
B.
?[sk/gmB|hpi=ctu/.
C.
?sekrGmB|hpi=ctu/.
D.
?sek/gmB|hpi=ctu/.
Pethikan atur-atur kanggo mangsuli soal nomer 48 ngantos 50.
Kabeh bocah kelas VIII supaya upacara HUT
Kemerdekaan RI sesuk dina Minggu, tanggal 7 Agustus 2017 ing Lapangan Kecamatan
Gunungpati, Semarang, nganggo seragam Pramuka
lengkap. Dene kelas VII lan kelas IX upacara ing sekolahan, nganggo seragam
OSIS lengkap.
48. Atur-atur kasebat ngginakaken basa....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
- Bocah kang kudu nganggo seragam Pramuka
lengkap, kang melu upacara yaiku bocah kelas...
A. VI
B. VII
C. VIII
D. IX
- Anggone upacara kelas VII ana ing
lapangan....
A. sekolahan SMP
Gunungpati C.
Simpang Lima, Semarang
B. Kecamatan
Gunungpati D.
Plalangan, Gunungpati
Posting Komentar untuk " SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS 8 SEMESTER 1"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.