TATA CARA NULIS TEMBANG KINANTHI
NYERAT TEMBANG KINANTHI
Salah sawijining babagan sing perlu dimangerteni kanggo
uwong sing arep nyerat tembang macapat yaiku paugerane. Menawa kita nyerat
utawa nulis tembang ora among dititeni saka guru gatra, guru lagu, guru
wilangan. Jalaran tembang macapat kang endah iku tembang kang bisa digawe
sengsem panyemak lan duweni daya nikmat kang nyelaras. Bab-bab kang prelu
digatekake kanggo nyerat terbang macapat kayata ing ngisor iki.
1.
Trape ukara kaya nggawe ukara gancaran, aja
nganti kuwalik-walik pangetrapane.
2.
Sajrone sapada lingsa aja ana panambang kang
rangkep.
3.
Saben sapada surasane wutuh
4.
Prayogane ing bebuka ana sasmita tembange. Dene
sasmitane tembang kinanthi yaiku kinanthi, kanthi, gandheng, lan kanthil.
5.
Prayogane basa kang digunakake ing tembang kudu
luwes, pantes, nggugah rasa endah,
6.
Andhege ukara sajrone tembang kudu rujuk karo
selehe swara. sengsem, sarta nyenengake marang pamaca lan kang padha
ngrungokake
7.
Manise tembang jumbuh karo wateke tembang. Dene wateke
tembang Kinanthi yaiku gembira, mesra, tresna, lan asih,
8.
Susastra kang kerep kanggo memanis tembang,
awujud paugeran anggitan Paugeran anggitan tembang macapat kayadene ing ngisor
iki.
A. Sandiasma
Sandiasma yaiku jenenge
penganggit kang didhelikake ing sajrone tembang. Sandiasma bisa mapan ing
wiwitan pupuh, wiwitan pada, wiwitan gatra, pedhotan, wanda wiwitan tembung,
gatra, lan pungkasane gatra. Tuladhane kayata serat sing ditulis Ranggawarsita
ing ngisor iki.
Tuladha:
Rongeh jleg tumiba gagaran santosa wartane wus teka sikara karudha tatage tan katon |
Saka tembang kasebut, nudhuhake bilih sing nganggit tembang
yaiku Ranggawarsita.
B. Sengkalan
Sengkalan utawa candra sengkalan
yaiku tetenger taun kang sinawung ing tembung-tembung sajroning tembang.
Paugerane maca sengkalan yaiku diwalik utawa diwaca saka mburi.
Tuladha: "Mangesthi Luhur Ambangun Nagara",
nudhuhake angka yaiku Mangesthi = 6,
Luhur = 7. Ambangun = 9, Negara = 1. Dadi sengkalan kasebut
nudhuhake taun 1976.
C.
Plutan
Plutan yaiku tembung siji kang
diringkes cacahing wanda. Gunane kanggo njumbuhake paugeran guru wilangan
Tuladha: Uwit ->
Wit
Abot
-> Bot
D.
Uluran
Uluran iki kanggo nambah wanda. Carane kanthi nambah
ater-ater (a-), (ma-), (nya-). (ma-), (nga-), (na-).
Tuladha:- Mangun → amemangun
•
Riyin -> rumiyin
E.
Wancahan
Wancahan fungsine ngilangi wanda kanggo nyuda guru wilangan.
Lumrahe wanda ngarep kang dilangi.
Tuladha: Kangmas → mas
F.
Baliswara
Baliswara yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji,
tembung sing nerangake manggon ing sangarepe tembung kang diterangake. Gunane
baliswara kanggo njumbuhake pathokan guru lagu.
Tuladha: Bayusuta → Sutabayu.
9.
Tembang supaya katon edi endah lan manis,
prayogane kawuwuhan purwakanthi. Pajlen- trehane kayata ing ngisor iki.
a.
Purwakanthi guru swara, yaiku purwakanthi kang
padha swara ing pungkasaning tembung.
Tuladha: Desa mawa cara, negara
mawa tata. Ciri wanci, lila ginawamati.
b.
Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi kang
padha tulisan utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha: Aja dhemen memada sameng
dumadi.
Ruruh, ririh,
rereh, ing wewarah.
c.
Purwakanthi guru basa (lumaksita), yaiku
purwakanthi kang padha tembunge, tegese tembung pungkasan ukara kang ngarep
dadi tembung wiwitan ukara candhake.
Tuladha: Raja putra, Putra daleme
Ngastina.
Bayem arda,
ardane ngrasuk busana.
Tuladhane nulis tembang kinanthi.
KINANTHI Kabeh kudu nuntut, kanggo pedomane urip. ing dunya ing akhirat, kehe ilmu digantosi, mulah akeh keuntungan, lah katenteraman ing urip. |
KINANTHI Apa iki wis dalanmu, nyawang kowe nyikat dhuwit, dhuwit rakyat sing kokpangan, iku kang aran korupsi, rakyate mlarat kesakat, dipangan tikus berdasi". Pendidikan Antikorupsi |
Posting Komentar untuk "TATA CARA NULIS TEMBANG KINANTHI"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.