Tuladha Tanggap Wacana Waluyan Lamaran lan Paningsetan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Halo, sahabat duniaku. Senang sekali bisa berjumpa dengan kalian semua melalui tuisan-tulisan terbaru kami. Semoga kita selalu dilindungi oleh Allah SWT di manapun berada, ya. Aamiin.
Kali ini saya akan membagikan contoh teks pranatacara yaitu Tanggap Wacana Waluyan Lamaran lan Paningsetan. Semoga apa yang saya bagikan bermanfaat untuk teman-teman semua dan dapat dikembangkan sesuai dengan kebutuhan. Teks ini digunakan untuk menerima lamara dari calon pengantin laki-laki.
Langsung saja kita simak isi teks berikut.
Tuladha Tanggap Wacana Waluyan Lamaran lan Paningsetan
Mugi katentreman, karaharja, saha kawidadan tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin sagung dumadi, amin.
Nuwun, panjenengan Bapak …………… sekaliyan garwa dalasan brayat agung ingkang kula urmati, kula pun …………… minangka talanging basa …………… sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan. Namung saderengipun matur, mangga-mangga ngunjukaken raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kawilujengan temah kula panjenengan sadaya sesarengan lenggah wonten ndalem ngriki kanthi wilujeng, nirbaya, nirsangsaya.
Nuwun, panjenenganipun …………… sekaliyan, kula keparenga matur bilih,
Sepisan:
Bapak …………… sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan ing griya ngriki kanthi boten wonten rubeda menapa-menapa.
Kaping kalih:
Menggah paringipun salam taklimipun saking Bp. …………… sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun Bp. ……............ sekaliyan garwa.
- Pengertian Cerita Pendek dan Ciri-cirinya
- Becak dan Jamu Bertemu dalam Rindu
- Tahukah Kalian 5 Tempat Terseram di Dunia
- Pulau Poveglia Italia Misteri dan Sejarah di Pulau Terasing yang Menyimpan Rahasia
- Edinburgh Castle Benteng yang Megah di Jantung Skotlandia
- Mercusuar St Augustine Jantung Sejarah Maritim di Pantai Timur Amerika Serikat
- Wisata Kota Semarang
Kaping tiganipun:
Menggah lamaranipun anak mas …………… putranipun Bp/ Ibu …………… ingkang ngayunaken nimas ayu …………… estu damel kejoting/ kageting manah kula, bebasan yayah kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu bombonging manah kula tanpa pepindhan.
Ngengeti anak kula …………… menika tebih saking rupi lan ngelmi, pramila ingkang menika panjenenganipun Bp. ……………sekaliyan iklas, menawi putrinipun badhe kadhaup kaliyan nakmas …………… minangka tetimbanganing gesang sesarengan.
Matur nuwun ugi sedaya peparingipun tandha sih katresnan ingkang dipunparingaken dhumateng Bp. …………… sakrimbit.
Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan gambuh, tumunten kalajengaken liru kalpika minangka tandha pangiketing raos lahir batin antawisipun nak mas …………… saha nimas ayu …………… Pamuji kula mugi-mugi tetep dados jodhonipun saklami-laminipun. Amin.
Puput pepuntoning atur, wonten solah bawa, muna muni ingkang boten damel sarjuning penggalih panjenengan, kula ngaturaken santen peresan klapa, nyuwun pangapunten sedaya lepat kula, nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Demikian contoh teks tanggap wacana waluyan lamaran LAN paningsetan. Semoga dapat bermanfaat untuk media belajar teman-teman semua. Apabila masih ada kesalahan maupun kekhilafan dalam penulisan kami sangat menerima masukan dari para pembaca sekalian. Jangan lupa share dan ikuti postingan terbaru kami. Salam Dunia Kita.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Posting Komentar untuk "Tuladha Tanggap Wacana Waluyan Lamaran lan Paningsetan"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.