Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Rantaman Adicara Ijab Kabul


 Rantaman Adicara Ijab Qabul

Penulis: Arif Nugroho, S.Pd.

Assalamu'alaikum Wr. Wb. Halo, teman-teman semoga kita dalam keadaan yang baik dan selalu dirahmati Allah Swt. Kali ini Duniaku Duniamu akan membagikan susunan acara ijab qabul dalam bahasa Jawa secara sederhana. Semoga contoh susunan acara ini dapat bermanfaat untuk teman-teman semua. Aamiin

Berikut adalah serangkaian acara Ijab dan Qabul sederhana yang pernah saya buat dan saya terapkan ke tetangga yang meminta bantuan untuk dipandu saya, yuk langsung kita simak!

1.   Pambuka

Assalamualaikum warahmatullahi wbarakatu

Innalhamdalillahi nahmaduhu wanasta’iinuhu wanastaghfiruhu Wana’udzubiillah minsyurruri ‘anfusinaa waminsayyi’ati ‘amaalinnaa Manyahdihillah falah mudhillalah Wa man yudhlil falaa haadiyalah Wa asyhadu allaa ilaaha illallaah wahdahu laa syariikalah wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu wa rasuuluh.


Mahardikeng Tyas ring kamardikan Nugrahagung sih wilasaning Gusti ingkang maha agung Mugi kajiwa kasarira tumanduk wontening jiwangga kita sawegung waradin Sagung dumadi raharja, nisakala, satuhu.

       

Ingkang kinurmatan para sesepuh myang pinesepuh, para pepundhen, para pangemban pangembating praja dhusun Jubug ingkang satuhu Kula hormati. Ingkang kinurmatan kluwarga ageng Bp. Muh Soni lan Bp. Muh Yasin lan sedherek sekaliyan, ingkang kinurmatan kaluwarga Ageng Bp. Irfa'i sarimbit lan sapangombyong, ingkang kinurmatan para sanak kadang Sentana lan Sedaya para rawuh ingkang tansah sinudarsana.


Para rawuh, mangga-mangga kula dherekaken samya manengku puja brata wonten ing ngarsanipun pepada ampeyan Gusti Allah ingkang maha Mirah lan asih ingkang sampun paring pinten- pinten kanikmatan, kabahagyan, Saha kabagaswarasan tumrap Kula panjenengan Sedaya. Katitik ing enjang menika Kula lan panjenengan Sedaya saged makempal Ing papan menika tanpa alangan satunggal menapa.


Sholawat sarta salam ugi tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun Ing Yaumil akhir benjang. aamiin YRA.


Para rawuh ingkang tansah Bagya Mulya, Kula pun Arif Nugroho lenggah Ing ngarsanipun panjenengan Sedaya inggih Awit ngayahi jejibahan minangka pangandaliwara/pranatacara ing adicara Ijab lan Kobul calon pinanganten nenggih Nimas Ayu Tyas Arizky putra putrinipun Bp. Muh Yasin sarimbit ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Nak Mas Afta Dwi Prada putra kakungipun Bp. Irfa'i sarimbit. Keparenga Kula Badhe maosaken rantaman adicara ing Enjang menika. 


1.   Pambuka

2.   Rawuhipun Calon Pinanganten Kakung

       

(Nak Mas Afta Dwi Prada, putra kakungipun Bapa Irfa'i sarimbit, ingkang pidalem ing tlatah Balun-Kandangan)


3.   Ijab qobul

4.   Papriksan saking petugas KUA

5.   Doa nikah

6.  Janji nikah (siqot taklik)

7.   Srah tampi buku nikah


       (Sedaya tata caranipun mangsa borong kapasrahaken dhumateng Bp Sukron Wahid Minangka petugas KUA Kec. Parakan)

       

8.   Atur Pambagyaharja


      (Kapandhegani dening panjenenganipun Bp. H. Bambang Pracoyo)

      

9.   Pasrah tampi


      (Pasrah : kapandhegani dening sulih salira saking kaluwargi pinanganten kakung, Bp...............)


Tatas, titis, gamblang, tur Wijang pangandikan anggenipun sulih salira saking Bp. Irfa'i.


      (Tampi. : Kapandhegani dening sulih salira saking kaluwargi pinanganten putri, Bp Rofi'i)


       

10. Hastungkara/donga


      (Kapandhegani dening panjenenganipun Bapa H. Muh Soni/sulih sariranipun)

      

11. Panutup

Para rawuh ingkang tansah Widada Basuki, katingal sampun paripurna adicara ijab lan kobulipun pinanganten kekalih, katitik Ing pungkasaning adicara hastungkara kala wau. Mugi pinanganten kekalih pinaringan berkah lan barokah saking Gusti Kang Murbeng Jagad Allah SWT, Mugi sageda dados pacangan ingkang sakinah, mawadah, warahmah. Aamiin YRA.


Katingal cekap atur Kula, hambok bilih kathah cecer cewet anggen Kula matur lan kiranging subasita lan Solah bawa kawula ingkang kirang mranani, Kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami. Ndamar mancung cinupet.


Sura dira Jayaningrat lebur dening pangastuti, sing sapa mbibiti ala Ing Kono wahyune bakal sirna. 

Wabilahitaufik wal hidayah wasallammualaikum wr.wb. nuwun.


Keluarga Jubug : Bp. Muh Yasin & Ibu Andriyani

Keluarga Balun-Kandangan : Bp. Irfa'i & Ibu Khotik'ah

Posting Komentar untuk "Rantaman Adicara Ijab Kabul"