SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL BASA JAWA KELAS 7 SEMESTER 1
SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL BASA JAWA KELAS 7 SEMESTER 1
Pilihen A, B, C utawa
D kanthi menehi tandha (X) ing pilihan kang kokanggep paling
bener!
Nalika
surya kaping 13 Pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190. Gempa vulkanik
mau luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti 442. Nalika jam
21.15 menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah iki
warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka kawah Kelud wis disterilake
saka kegiatan manungsa. Kurang luwih jam 10 bengi, kegiatan manungsa diendheg
utawa disterialake kang maune radius
5 km, saiki dadi 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga Gunung Kelud wis
ngetokake lahar panas lan awu vulkanik.
Udan
krikil saka Gunung Kelud sansaya ndadi, saengga para warga kumudu-kudu
diungsekake, mligine warga ing tlatah Kecamatan Ngancar, Kediri, lan Kota Pare,
Kediri. Miturut rekomendasi saka
pusat Vulkanologi, Mitigasi, lan Bencana Geologi (PVMBG), tlatah Wates didadekake
panggonan ngungsi warga kang mapan ing tlatah radius 10 km saka Gunung Kelud
amarga erupsi tipe eksplosit kaya ing
taun 1990 bisa dumadi kanthi dahsyat.
Wacan ing ndhuwur iki kanggo mangsuli soal nomer 1-5
1.
Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik saya dahsyat nalika jam....
A. 10 bengi
B. 12.00 nganti 18.00
C. 21.15
D. 24.00
2.
Kegiyatan manungsa diendheg utawa disterilake saka radius 5 km dadi 10
km amarga....
A. Gunung Kelud njeblug maneh
B. Eruspsi tipe eksplosif Gunung Kelud
C. Gunung Kelud wis ngetokake lahar panas lan awu
vulkanik
D. Kudu ngungsi ing papan kang aman saka gunung
kang njeblug
3.
Kang digunakake kanggo ngungsi para warga yaiku ing tlatah....
A. Kediri
B. Wates
C. Pare
D. Ngancar
4.
Kurang luwih jam 10 bengi, kegiatan manungsa diendheg utawa
disterialake kang maune radius 5 km,
saiki dadi 10 km. Saka ukara kasebut ana tembung kang entuk wuwuhan yaiku....
A. kurang luwih
B. manungsa
C. disterilake
D. radius
5.
Gunung Kelud ngamuk ngetokake lahar vulkanik kang saya nggegirisi. Tembung
nggegirisi menawa dirimbag adhedhasar tembung linggane sing bener yaiku....
A. ng + giris + i
B. ngge + ris + i
C. ng + ge + ris + i
D. ngge + gi + ris + i
Wacan kanggo mangsuli soal no. 6 ngantos 10.
Aku
banjur menyang kamar lan dikancani Pak Jaya. Mripatku ngantuk banget bola-bali
aku angop. Aku (turu) ing dhipan, Pak Jaya ora (turu) mung (lungguh) ing
sisihku. Sanajan aku ngantuk banget, anging aku durung bisa turu amarga saking
kesele lan kagawa rasa wedi ngelingi prastawa kang dumadi ing kamar mandi.
Prastawa mau ora dakcritakke marang Pak Jaya , amarga aku wedi menawa Pak Jaya
dadi tersinggung. Aku meneng wae. Mripatku dakcoba dakremake nanging angel
banget. Sikilku krasa pegel banget amarga wiwit esuk nganti bengi tansah mubeng
ngalor ngidul sakiwa tengene Malioborongantos tuntas. Pak Jaya isih (lungguh)
ing sisihku saperlu ngancani aku.
6.
Manut wacan ing ndhuwur, nitik saka paraga utamane crita kasebut
kalebu crita....
A.
pengalaman pribadi
B.
rakyat Jawa Tengah
C.
legendha
D.
fabel
7.
Paraga utamane yaiku....
A.
Pak Jaya
B.
Tikus
C.
Memedi
D.
Aku
8.
Nitik surasane anggone mlaku-mlaku mau ana ing....
A.
Semarang
B.
Jakarta
C.
Solo
D.
Yogyakarta
9.
Ukara ing ngisor iki jumbuh karo isine crita yaiku....
A.
Aku dolan meyang Yogyakarta saperlu reunian
B.
Aku karo kanca-kanca sakelasku mlaku-mlaku ing Malioboro
C.
Ing Malioboro Aku tuku tas karo sepatu khas Yogya
D.
Aku nginep ing daleme Pak Jaya nalika mlaku-mlaku ing Yogya
10.
Tembung ing sajerone kurung ing crita mau sing bener yaiku....
A.
turu, sare, pinarak
B.
sare, turu, lungguh
C.
sare, sare, pinarak
D.
turu, turu, lungguh
Wacan
kanggo mangsuli nomer 11 karo 12.
Crita
rakyat kang ana ing tlatah Jawa Tengah iku akeh banget. Crita rakyat kang
sumebar ing saindhenging Jaw Tengah iku minangka aset lan khazanah budaya.
Tuladhane crita rakyat “Keong Emas”, “Jaka Tarub”, “Timun Emas”, lan “Bawang
Abang lan Bawang Putih”. Crita rakyat sumbering ora cetha asal-usule, mung
asipat lesan utawa dari mulut-ke mulut.
Cerita rakyat ora dingerteni sapa sing ngarang.
11.
Crita rakyat sumebar saindhenging Jawa Tengah minangka....
A.
khazanah budaya nasional
B.
aset lan khazanah budaya
C.
aruming budaya
D.
luhuring budaya
12.
Manut andharan ing dhuwur ciri-ciri crita rakyat ana ing ngisor iki,
kajaba....
A.
Asipat lisan lan cetha asal-usule
B.
Asipat lisan, ora cetha asal-usule
C.
Tinulis lan sumebar karana lisan
D.
ora dingerteni sapa sing nganggit
Wacan ing ngisor kanggo mangsuli soal nomer13 nganti 17.
Gugur
gunung iku gotong royong kang dadi tembung lumrahe kerja bakti. Para
warga padha gotong royong gawe pos kamling utawa gardhu rondha, ditandangi
bareng-bareng amarga gardhu rondha kalebu kebutuhane warga kanggo njaga
keamanan lan keslametane desa. Kabeh warga lanang lan wadon, tuwa enom padha melu
gugur gunung. Sing lanang gawe gardhu, sing wadon padha olah-olah gawe wedang,
panganan, sega lan jangan kanggo dhahar kang padha gugur gunung. Kabeh ragad
prabeya gawe gardhu disangga bebarengan kanthi cara urunan. Anggone urunan mau
kekuatane dhewe-dhewe. Sing rumangsa rejekine akeh urun akeh, dene kang ora
duwe lan duwene mung tenaga ya urun tenaga. Kabeh mau digawe kepenak lan ora
duwe rasa kapeksa uga ora nuwuhake pikiran sing ala.
Urip ing bebrayan utawa ing masyarakat iku kudu bisa ngudi rasa ayem tentrem,
seneng, ngedohake rasa jail methakil, iri, dengki, srei, lan sapanunggalane.
Yen tumindak iku bisa diilangi, rasa kemasyarakatan bisa sayuk rukun nyambut gawe
bebarengan.
13. Kang ditindakake para
warga yaiku . . . .
A. urunan dhuwit
B. masak-masak
C. gotong royong
D. srei marang tangga
14.
Gunane pos kamling yaiku kanggo....
A. ngukur kesejahteraane
para warga
B. pos kanggo ngumpule wong nalika jaga keamanan
C. papan pakumpulane
ibu-ibu ngrasani tanggane
D. papan nonton tv gratis
15.
Nalika ana gugur gunung/kerja bakti, sikape warga kang becik jumbuh
karo wacan ing dhuwur yaiku ....
A. nyengkuyung
B. urunan dhuwit wae
C. urun tenaga thok wae
D. nglungani nalika
dianakake gugur gunung
16.
Kabeh warga lanang lan wadon, tuwa enom padha
melu gugur gunung. Saka ukara mau gugur gunung iku mujudake kuwajiban kanggo ....
A. ngrekasake warga
B. bapak-bapak
C. kabeh warga
D. wong tuwa-tuwa tua wae
17.
Manut panemumu menawa ana wong kang nduweni watak jail methakil, iri,
dengki, lan srei yaiku....
A. dirasani C.
diwales
B. diladeni D.
diumbarake
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 18-20
Ing tlatah Madiun lan Magetan,
dalan-dalan ora katon amarga katutupan awu vulkanik. Jarak pandhang kanggo
pengendhara rodha loro lan rodha papat watara mung telu nganti limang meter. Kanggo njaga keamanan, mula kendharaan
kang padha liwat supaya alon-alon kanggo ngindhari tabrakan, nanging ora sithik
warga kang ora wani metu numpak kendharaan amarga erupsi kasebut. Warga padha miris
atine, mlayu mrana mrene
padha nggolek kaselametane dhewe-dhewe, bebasan polahe
anteng kitiran kaya mengkono, nanging isih ana warga kang kapeksa dadi
kurban Gunung Kelud, kalebu warga ing pengungsian uga
ana kang dadi kurban. Kacathet kurang luwih 24 warga dadi kurban Gunung Kelud lan
kira-kira 100.248 kudu padha ngungsi.
No. |
Tembung |
|
Tegese |
1 |
tlatah |
A |
antarane |
2 |
Watara |
B |
termasuk |
3 |
miris atine |
C |
mubeng munyer |
4 |
polahe anteng kitiran |
D |
dhaerah |
5 |
kalebu |
E |
wedi |
|
|
F |
wedhi |
18.
Saka tabel ing dhuwur, tembung ingkang cocok yaiku....
A. 1-A, 2-B, 3-C, 4-D, 5-E C.
1-D, 2-C, 3-A, 4-E,
5-B
B. 1-D, 2-A, 3-F, 4-C,
5-B D.
1-D, 2-A, 3-E, 4-C,
5-B
19.
Yen
meruhi ana musibah kaya mangkono iku, tumindak kang
jumbuh karo kamungsan yaiku....
A. ngrewangi, sukur yen duwe dhuwit linuwih disumbangake kanggo kabutuhan para korban
Gunung Kelud
B. mung dedonga supaya papan panggonanmu ora ana kedadeyan
kaya mengkono kuwi
C. gawe dp gambar bencana
alam lan pm “muga-muga korban gunung kelud ditampa amal lan ibadahe, aamiin.” ing bbm supaya
dikira uptodate
D. meneng wae lan
nglungani, amarga yen weruh ora tegel nyawang kaya mengkono
20. “.... padha nggolek kaslametane dhewe-dhewe bebasan polahe anteng kitiran kaya mengkono,....” Tembung polahe anteng kitiran, kosok balene yaiku polahe....
A. ora bisa meneng
B. anteng lan meneng
C. mubeng munyer
D. pethakilan
21. Mbok Randha: “Ndhuk, kae Buto Ijo wis tekan
latar, kowe enggala mlayu metu lawang mburi, aja lali iki buntelan werna 4
gawenen, samangsa kowe arep kecekel, buangen buntekan iki siji baka siji.”
Timun Emas: “.....”
Wangsulane Timun Emas sing manut unggah-ungguh
kang trep yaiku....
A. “Iya Mbok, aku pamit, aku njaluk pamit.”
B. “Iya Mbok, aku njaluk ngapura.”
C. “Inggih Mbok, Kula nyuwun pamit, Kula nyuwun
pangestu.”
D. “Nggih Mbok, pengestune ya.”
Gambar ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 22-24
Cathetan : Budi kuwi sing dadi paraga utama
(bocah sing gawa bal ing gambar nomer 1)
22.
Irah-irahan kang trep karo gambar ing dhuwur yaiku....
A. Budi Bocah Sregep
B. Dolanan Bal-balan Wayah Udan
C. Dolanan Bal-balan
D. Budi Bocah Mandhiri
23.
Teks narasi singkat sing bener lan padha karo gambar ing dhuwur yaiku....
A. Nalika Budi bali sekolah dheweke kepingin
dolanan bal, banjur dheweke ngajak kanca-kancane dolanan bal ing lapangan desa
sebelah, amarga cacah bocahe ora jangkep mula Budi ora sida bal-balan, Budi bali banjur umbah-umbah.
B. Nalika dina minggu Budi lan kanca-kancane
dolanan bal-balan, amarga saking senenge udan angin dheweke tetep dolanan
bal-balan nganti sore,
nganti lali ora umbah-umbah.
C. Nalika prei sekolah Budi ngajaki kanca-kancane
dolanan bal-balan. Budi lan kanca-kancane ngrasakake seneng banget. Budi iku
lincah banget dolanan bal-balan, nalika arep nyundhul bal dheweke ora ngerti yen ana
peceren ing ngisore banjur dheweke tiba ngglangsur, Budi bali banjur adus karo ngumbahi.
D. Nalika prei sekolah Budi ngajaki kanca-kancane
dolanan bal-balan. Budi lan kanca-kancane
ngrasakake seneng banget. Budi iku lincah banget dolanan bal-balan, Nalika arep
nyundhul bal dheweke ora ngerti yen ana peceren ing ngisore. Dheweke kepleset lan tiba, awake suker kebak lendhut. Sawise leren anggone dolanan bal-balan, Budi bali omah banjur ngumbahi klambine sing reged mau.
24.
Manut gambar ing dhuwur, watake Budi yaiku....
A. tanggung jawab
B. kesed sinau
C. ora iling wayah
D. sakpenake dhewe
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 25 karo 26.
Esuk iku hawa ing desaku Polaman, Boja, seger.
Esuk umun-umun aku wis tangi amargi sawengi anggonku turu ora bisa angler. Klisak-klisik
wae ora amarga akeh nyamuke, nanging kagawa rasa seneng amarga bocah ndesa arep
diajak out bound gurune, atiku mesthi seneng banget. Sawengi ngeling-eling kok
ora padhang-padhang kesusu arep lunga out bound bareng karo kanca-kancane. Rencana anggonku out bound dina iki menyang
Museum Ranggawarsita Semarang, Palagan Ambarawa, lan Museum Kereta Api,
Ambarawa.
25.
Nitik cuplikan crita ing dhuwur aku ora bisa turu amarga....
A.
akeh nyamuk
B.
arep lunga out bound menyang Semarang
C.
arep lunga karo kanca-kanca
D.
akeh nyamuk ditambah arep lunga karo kanca-kanca
26.
Crita mau latar panggonane yaiku....
A.
Ambarawa
B.
Polaman, Boja
C.
Semarang
- Kumpulan referensi soal USBN SMA/MA/SMK K13
- SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS 8 SEMESTER 1
- SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS XI BAHASA JAWA
- Ramayana: Epik Klasik dan Watak Pewayangan Beserta Silsilah Keluarga
- Tips Cara Cepat Bermain Piano
- Rantaman Adicara Ijab Kabul
- KURIKULUM MERDEKA MAPEL BAHASA JAWA UNTUK SMA/MA/SMK
D.
Museum Ranggawarsita, Palagan Ambarawa, Museum Kereta Api
Wacan ing ngisor iki kanggo garap soal nomer 27 lan 28
Wong wadon iku diwajibake nutup aurate, tegese menganggo busana kang sopan. Kanthi
menganggo kang nutup aurate iku dheweke bisa jaga harkat martabate awake dhewe. Saliyane iku, uga bisa jaga jenenge wong tuwane. Ora mung kuwi, yen
awake dhewe bisa nutup aurat iku uga bisa nyisihi tumindak kadurjanan
lan angkara murka.
27.
Paribasan ing ngisor iki kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku....
A. ajining dhiri saka
lathi.
B. jer basuki mawa bea
C. ajining raga saka busana
D. anak polah bapak
kepradah
28.
Wong wadon iku diwajibake menganggo busana kang sopan, lan rapet.
Tembung diwajibake menawa dirimbag
adhedhasar tembung lingggane sing bener yaiku . . . .
A. di + wajibake
B.di + wajib + ake
C.di + wa + jib + ake
D. diwajib + ake
29.
Kala wau Bapak taksih sare, samenika bapak sampun ....
A. wungu
B. tangi
C. tindak
D. jumeneng
Serat Wulangreh Pupuh
Pangkur ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 30-34
Tembang Pangkur
Sekar pangkur kang
winarna
Lelabuhan kang kanggo
wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipunkadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang
ratri
30.
Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata)
saben sa gatra. Guru
lagu yaiku tibane
swara ing pungkasane gatra. Guru wilangan Serat Wulangreh pupuh Pangkur kang bener
yaiku....
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
B. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 7a, 8i
C. 8a, 11p, 8a, 8u, 12u, 8a, 8i
D. 8i, 11i, 7u, 8a, 12u, 8a, 8i
31.
Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada
utawa bait. Guru gatra Serat Wulangreh
pupuh Pangkur sing bener yaiku....
A. 10
B. 8
C. 9
D. 7
32.
Isine tembang Pangkur ing dhuwur yaiku....
A. kita kudu
eling marang Gusti, sembahyang lima wektu lan aja tumindak kadurjanan.
B. kuwajibane wong
urip yaiku kudu ngerti mbedakake apik lan ala, uga ngerti bab adat, tata krama, tansah diudi saben dina (awan lan wengi).
C. wong urip
iku kudu tumindak becik, aja tumindak ala lan aja tumindak angkara murka.
D. manungsa
iku tumindake ana aturane kang sinebut tata krama, mula anggone tumindak kudu
ngati-ati
33.
Piwulang luhur sing bisa kajupuk saka Serat Wulangreh pupuh Pangkur yaiku....
A. sembahyang iku wajib katindakake dening wong
kang nganut agama Islam.
B. dadi anak kudu bekti marang wong tuwa.
C. awake dhewe kudu sinau babagan sing ala uga
sing becik.
D. sinau iku kuwajibane bocah sekolah.
34.
Kang dikarepake miwah ingkang tata karma, den kaesthi siyang rantri saka Serat
Wulangreh pupuh Pangkur ing ndhuwur yaiku....
A. supaya ngerti yen ing
pupuh pangkur kuwi sinau babagan tata krama.
B. tata krama iku kudu dilakoni saben dina ing endi wae, kapan
wae, lan ing ngarepe sapa wae.
C. tata krama iku mung
ana ing sekolahan.
D. wong sing ora nduwe
tata krama iku wong sing ora sopan.
Serat Wulangreh
pupuh Pangkur ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 35 lan 36.
Mapan watake manungsa
Pan ketemu ing laku lawan linggih
Solah muna-muninipun
Pan dadi panengeran ingkang
Kang apinter kang bodho miwah kang luhur
Kang sugih lan kang mlaat
Tanapi manungsa singgih
35. Manut tembang kasebut, titikane tindak-tanduk
iku bisa dingerteni lumantar carane....
A. mlaku, lungguh, lan carane ngomong
B. lungguh, mlaku, lan carane mangan
C. ngomong, tata laku, lan ngadi busana
D. ngadi busana, lungguh, lan ngomong
36. Gatra kaping lima saka tembang macapat
kasebut, manawa tindak-tanduk iku wigati/ penting kanggone wong kang....
A. pinter, bodho, lan dhuwur dedege
B. pinter, bodho, lan sugih
C. bodho, pinter, lan dhuwur drajate
D. bodho, pinter, lan sengsara
Wacan ing ngisor iki
kanggomangsuli soal nomer 37 nganti 39
Wingi sore Budi didukani karo bapake, amarga dheweke ora duwe solah bawa lan tata trapsila
ing ngarepe Pak Lurah. Nalika Pak Lurah lagi dhahar ing warung, dheweke ora
sengaja nyenggol piring dhaharane Pak Lurah nganti numplek saparan-paran. Budi ora nyuwun
ngapura malah ngunekake Pak Lurah nganggo basa sing ora becik.
37.
Manut wacan ing ndhuwur, tegese ‘ora duwe solah bawa lan tata trapsila’ yaiku....
A. ora duwe sopan santun
B. ora duwe rasa welas
asih
C. ora duwe isin
D. trunyukan
38.
Saka wacan ing dhuwur, tumindak samesthine
sing kudu dilakoni Budi ing ngarepe pak
Lurah yaiku....
A. meneng wae
B. nggenti dhaharane pak
lurah
C. nyuwun pangapura
D. ethok-ethok ora ngerti
39.
Budi ora nyuwun ngapura malah ngunekake Pak Lurah nganggo basa sing ora becik. Saka ukara kasebut bisa didelok watake Budi
kang ora bisa ditiru yaiku....
A. mbantah pangendikane
bapake.
B. nglungani bapake ning
kamar nalika didukani.
C. nyuwun pangapura ing marang Pak Lurah
D. ora duwe suba sita lan tata krama
40. ?fesmwcr
,negrmwtt.
Aksara Jawane ukara ing dhuwur yaiku....
A. desa cara, negara mowo tata
B. desa mawa cara nagara mawa tata
C. dasa cara, nagara mawa tata
D. desa mawa cara, negara mawa tata
41. ?bebs[nN;kc=[aorni=glLnj/rn\;
Bebasan ing dhuwur tegese yaiku....
A. anak iku kudu bekti marang wong tuwa.
B. apa kang dadi lakune wong tuwa bakal ditiru
anak.
C. wong tuwa iku kudu bisa ngayomi anak-anake.
D. wong sing becik iku bakal urip mulya.
42. ?akulgimzn\,
[f[nbpkLgi....
A. da/
B. mzn\
C. ned
D. wuzu
43. ?g/w[n[fwisinTyaiku....
A. Pandhu
B. Kresna
C. Ramawijaya
D. Karna
44. Lelene lemu-lemu
Ukara
ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku....
A. ?lelene lemulemu.
B. ?[l[l[nXmuXmu.
C. ?[l[l[nlemulemu.
D. ?lele[n[lmu[lmu.
45. Bocah kuwi munggah gunung.
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa
sing bener
yaiku....
A. ?[bochkuwimu=ghgunu=.
B. ?[bochkuwimuzGhgunu=.
C. ?[bochluwimu=gaG|nu=.
D. ?[bochkuwimu=ga\gunu=.
46. ?pitikWlikSb....”
A. als\
B. swh
C. ps/
D. ke[bon\
47. ?tpkKe[bo[l[lstus\.
Ukara iku yen didadekake cangkriman dadi....
A. pakkenthus.
B.pakboletus.
C.tapaksatus.
D. Paktitus
48. ?jen=gul,[ko[waj....
Tembung kang trep kanggo ngganepi wangsalan
ing dhuwur yaiku....
A. lunga
B. bali
C. teka
D. lali
49.
Negara Indonesia iki kawentar minangka negara kang tata titi tentrem gemah ripah loh
jinawi.
Tegese tembung kang kacithak miring yaiku . . . .
A. atine ayem banget
B. urip sarwa susah
C. subur, makmur
D. urip kacringkrangan
50.
Wong kudu bisa milah-milah endi sing apik, endi sing ala, bebasan becik ketitik
ala
ketara. Bebasan iku yen ditrepake ing panguripan sadina-dina, kayata....
A. Susi iku bocah kang
senengane njupuki dhuwite kancane, amarga kanca-kancane iku padha ngerti, mula dheweke
ora duwe kanca.
B. Dwi iku bocahe ayu
banget, ananging dheweke seneng pamer ing kanca-kancane.
C. Satrio bacahe bagus
tur gagah prakasa, saliyane iku uga dheweke grapyak karo wong liya.
D. Pak Lurah Sukaharja
iku kawentar sugih banget, saliyane iku
uga dadi blantik.
Posting Komentar untuk "SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL BASA JAWA KELAS 7 SEMESTER 1"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.