Bung Karno Dikunjara Merga Ngramal Indonesia Mardika
Bung
Karno piyambak sejatine ora ngaku yen iku ramalan. Nanging ramalan apa nujum,
Bung Karno ngetung, nganalisa, mungguh tan kena ora, sawijining dina Indonesia
bakal uwal saka imperalis Walanda. Bung Karno ngendika ngono iku dhek taun
1929. Manut analisane Bung Karno, bakal kedadeyan perang gedhe sing diarani
Perang Pasifik. Ing Samodra Pasifik, Lautan Teduh antarane benua Asia lan benua
Amerika, samodra sing paling jembar, ing kana bakal kedadeyan perang gedhe
antarane imperalis karo imperalis. Yen perang iku bener kelakon, ngendikane
Bung Karno dhek taun 1929 kuwi, ing wektu kuwi Indonesia bakal mardika.
Marga analisa kuwi, Bung Karno ditangkep polisi Belanda, di-landraaddening Mr. Siegenbeej van Heukelom, kapatrapan ukuman kunjara patang taun lawase. Manut penggalihane Bung Karno etungan bab bakal pecahe perang Pasifik iku etungan obyektif. Imperalis karo imperalis jor-joran, bersaing, tansah jor-joran sing diarani innerlijk confkicten. Konflik sajrone organ imperalisme iku dhewe. Imperalisme, kapitalisme tan kena ora bakal pecah dhewe amarga innerlijk conflicten antarane imperalis karo imperalis, antarane kapitalis karo kapitalis. Iku tan kena ora bakal nuwuhake paperangan. Mulane ora maido yen Bung Karno uga nganggep mungguh kapitalisme is peperangan, imperalisne is peperangan minangka wohe kapitalisme lan imperalisme iku dhewe.

Ing
Ende, Flores, nalika dibuwang mrana Bung Karno nemu etungan maneh. Ngetung,
ngetung, ngetung, nganalisa, mengko taun 1945 Indonesia mesthi mardika. Ing
tanah buwangan iku Bung Karno dadi peramal kapindho.
Bung
Karno yasa crita tonil, judhule “Indonesia 1945” sing dadi peran utama Ibrahim.
Crita tonil yasane Bung Karno kang dipanggungake, kejaba sing kasebut mau ana
maneh, yakuwi “Doktor Setan”, “Kutkutbi”, “Aero Dinamika”, “Rahasia Kilimutu”,
“Rainbow”, “Doktor Djulianbodi”, lan “Sjanghai Rumba”. Crita-crita mau ora
digawe buku lan ora karuwan ing endi naskah-naskah lakone saiki. Bung Karno
piyambak mung nate ngendika, mungguh crita-crita mau diterbitake dadi buku,
panjenengane bisa dadi milioner.
Kepriye Bung Karno ngetung yen taun 1945 Indonesia bakal mardika? Maneh Bung Karno ngarani iku etungan obyektif. Soale ing kene panas, imperalisme kene panas, imperalisme kono panas, panas, panas, kana panas, panas, mengko kira-kira taun patang puluh sijian bakal tabrakan kekuatan loro ing sajrone paprangan gedhe. Paprangan iku bakal kelakon semene taun lawase, akibat saka paprangan iku ana imperalisme siji sing tanpa daya.
Imperalisme iku saweneh hubungan internasional, mulane imperalisme iku mujudake kekuatan internasional sing dayan-dinayan siji lan sijine wujud rante dawa reroncene ali-ali sing akeh cacahe. Imperalisme Belanda ora madeg dhewe, Inggris ora madeg dhewe, Amerika ora madeg dhewe, Perancis ora madeg dhewe.

Nalika
Perang Donya I, kapitalisme meh ambruk babarpisan. Sabab saka ambruke kapitalisme
iku, wusana dening Hitler dianakake gerakan anyar sing jenenge National
Socialismus utawa Fascisme. Fascismer Hitler iku mungsuhe demokrasi
parlementer. Fascisme iku ing dalem basa manca diarani “Laatste reddingspoging
van het kapitalisme”. Jarwane: “saweneh budidaya kanggo ngangkat maneh,
nguripake maneh, nylametake maneh kapitalisme sing meh runtuh”, minangka akibat
perang sawise perang donya I taun 1914-1918.
Ing wektu kuwi etungan obyektif imperalisne Belanda paling tanpa daya, dene kekuatan subyektif, kita sing pengin mardika, tumindak lumawan ngancur leburake. Mulane nalika taun 1935 ing Ende Bung Karno ngendika, ing taun 1945 Indonesia mardika babarpisan. Etungane Bung Karno iku etungan obyektif, dudu ramalan utawa nujum!
RAMALAN PUJANGGA
Ratu Adil sing diarep-arep tekane iku tinemu ing dalem Jangka Jaya Baya. Kaum pergerakan migunakake ramalan kasebut kanggo menehi semangat rakyat lumawan penjajah. Ora nggumunake yen Pangeran Diponegoro uga diwedeni penjajah Walanda. Ature: Anie Soemarno
Jaya Baya 49/LX, 6-12 Agustus 2006 Akibat kuwi uga bakal kelakon yen kedadeyan perang gedhe, perang donya II ing Samodra Pasifik. Ora kena ora imperalisme mesthi tanpa daya kaya sawise perang donya I. Ali-ali imperalisme ing dalem rante dawa iku sing paling tanpa daya yaiku imperalisme Belanda. Sabab Belanda iku negara cilik, kurang kuwat industrine, ora duwe basis grondstoffen, ora duwe bahan-bahan dasar. Mulane tan kena ora, yen rante iku pedhot, ali-ali Belanda bakal coplok. Ing taun 1945, ali-ali iku paling tanpa daya, sawise perang lumaku patang taun lawase. Imperalisme Belanda megap-megap,exhausted, tanpa daya babarpisan.

Sadurunge Bung Karno kagungan etungan sing meh kaya ramalan, sejatine wong Jawa
wis percaya bakal tekane Ratu Adil minangka kekuatan subyektif yakuwi
pepenginan mardika lan mentas saka urip sangsara.
Ratu Adil sing diarep-arep tekane iku tinemu ing dalem Jangka Jaya Baya. Kaum pergerakan migunakake ramalan kasebut kanggo menehi semangat rakyat lumawan penjajah. Ora nggumunake yen Pangeran Diponegoro uga diwedeni penjajah Walanda. Ature: Anie Soemarno
Jaya Baya 49/LX, 6-12 Agustus 2006 Akibat kuwi uga bakal kelakon yen kedadeyan perang gedhe, perang donya II ing Samodra Pasifik. Ora kena ora imperalisme mesthi tanpa daya kaya sawise perang donya I. Ali-ali imperalisme ing dalem rante dawa iku sing paling tanpa daya yaiku imperalisme Belanda. Sabab Belanda iku negara cilik, kurang kuwat industrine, ora duwe basis grondstoffen, ora duwe bahan-bahan dasar. Mulane tan kena ora, yen rante iku pedhot, ali-ali Belanda bakal coplok. Ing taun 1945, ali-ali iku paling tanpa daya, sawise perang lumaku patang taun lawase. Imperalisme Belanda megap-megap,exhausted, tanpa daya babarpisan.
Posting Komentar untuk "Bung Karno Dikunjara Merga Ngramal Indonesia Mardika"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.