Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

NASKAH SANDIWARA KETOPRAK SRI TANJUNG: GANDA ARUM KASETYAN

 

SRI TANJUNG: GANDA ARUM KASETYAN

Tokoh:

1.      Sri Tanjung

2.      Patih Sidapeksa

3.      Prabu Sulakrama (Kerajaan Sindureja)

4.      Tumenggung Tirtalewa

5.      Prameswari Sindureja

6.      Begawan Tamba Petra

7.      Raja Indran

8.      Cingkarabala (merangkap begalan)

9.      Bala Upada (merangkap begalan)

10.  Emban Sri Tanjung (2)

11.  Juru taman

12.  Prajurit sindureja

13.  Embok Sindureja

 

Adegan 1

Setting                         : Prang Alas

Paraga                         : Patih Sidapeksa, Sri Tanjung, Begalan 2.

Di dalam mimpi Sulakrama, Sri tanjung, Sidapeksa.

Sidapeksa turu, banjur ngimpi. Impen digambarke ing sawalike kelir. Ing jero ngimpi Sidapeksa didhawuhi merjaya wanita kang isih samar  identitase. Sidapeksa takon kena ngapa dheweke kudu merjaya wanita kasebut, sang Prabu Sulakrama ngendika yen wanita kasebut kang bakal nggawe rusaking kakuwasan Prabu Sulakrama lan negari Sindureja. Sidapeksa sida pamit lan merjaya wanita kasebut.

Sidapeksa tangi lan kaget.

(Ing jero ngimpi)

Sulakrama lungguh ing kursi raja, sidapeksa lungguh ing ngisor sisih kiwa raja, sisih tengen raja Sri Tanjung)

Prabu Sulakrama

:

Patih Sidapeksa..

Patih Sidapeksa

:

(sembah) Dhawuh dalem, Gusti Prabu

Prabu Sulakrama

:

Sira dakutus merjaya wanita kuwi kang bakal gawe rusaking paprentahan lan negari Sindureja. (nuduh Sri Tanjung)

Patih Sidapeksa

:

Kenging menapa wanita kasebut saged damel rusaking negari, Prabu?

Prabu Sulakrama

:

(Ngadeg) Ora perlu sira ngerti, Sidapeksa. Kang wis cetha iki minangka titahing ratu! (menehake keris marang Sidapeksa)

Patih Sidapeksa

:

Inggih, Gusti. (nampa keris)

(Sajrone ngimpi, Sidapeksa sida merjaya wanita kasebut kanthi nujep nganggo keris)

 

 

(Sidapeksa tangi kanthi ngos-ngsan, kaget)

Patih Sidapeksa

:

Dhuh Gusti, impen apa mau? Kok rasane sajak ora kepenak. Pralambang menapa menika, Gusti?

Wis telung dina iki aku ing alas gung liwang liwung, ning ora nemu siji-sijia menjangan amrih dakgawa bali. Kamangka menjangan kasebut ya dadi kekajenganipun Prameswari Sindureja, ya garwanipun Prabu Sulakrama sang nata nagari.

Ketambah iki mau ngimpi kang sajak aneh lan dadi ribeting pikiran. Muga-muga impen mau amung dadi kembange wong turu. Lhah, sajake wis wiwit surup. Becike aku golek papan kang bisa daknggo ngaso.

Sidapeksa turu mneh. Sri Tanjung mlebu dioyak begal.

Sri Tanjung

:

Tulung..tulung

(Begal 1 nututi. Sidapeksa wis mulai kegaganggu turune, melek alon, isih riyip-riyip)

Begal 2

:

Hahahaha...... Hahahaha....

Arep nangdi kowe? Saiki milih bandha apa nyawa?

Sri Tanjung

:

Ora. Ora bakal!

(Begal nyoba ngekep Sri Tanjung. Nalika arep nyekel Sri Tanjung, Begal loro mau malah padha kekepan amarga Sri Tanjung nlusup. Sri Tanjung dicekel dening Begal 1. Sidapeksa  kaget)

Begal 1

:

Yen ora gelem, sikat wae, Kang! Hahaha

Begal 2

:

Hahaha Hahaha. Mene mene, Cah Ayu…! (Begal wiwit brangasan, nguculi klambi. Nalika arep buwang klambi, ditendang/dijugrukake karo Sidapeksa)

Pungkasane sida tanding, Sidapeksa vs Begal.

Sidapeksa

:

(Sidapeksa njupuk klambi begal. Meraki Sri Tanjung kang ngadeg ing kiwa pangung. Nganggokake Sri Tanjung. Sidapeksa mbantu Sri Tanjung ngadeg)

Ora papa ta, Yayi?

Sri Tanjung

:

Boten menapa-menapa Raden.

Sidapeksa

 

(Sidapeksa ngajak Sri Tanjung maju ing ngarep panggung)

Sik, sik. Kena apa sliramu dhewekan ana ing kene?

Sri Tanjung

:

Kula wau saweg pados tetawuhan kangge jampi. Matur nuwun saking pambiyantunipun panjenengan, Kisanak.

Sidapeksa

:

Iya, padha-padha. Lak ora ana sing tatu ta, Yayi?

Sri Tanjung

:

Boten menapa.. E.. nuwun sewu, panjenengan menika sinten?

Sidapeksa

:

Oh, aku Sidapeksa, saka Negari Sindureja.

Sri Tanjung

:

Raden Sidapeksa ingkang dados Patih Negari Sindureja?

Sidapeksa

:

Iya (Sri Tanjung jengkeng nyembah). Ora papa yayi. Ngadega!

(Sidapeksa nyedhaki Sri Tanjung ngrewangi ngadeg)

Sri Tanjung

:

Walah, nyuwun pangapunten Raden. Kula boten ngertos.

Sidapeksa

:

Ora apa-apa. Dene, sliramu kuwi sejatine sapa?

Sri Tanjung

:

Kula menika Sri Tanjung, saking pertapan Prangalas mrika. Siswanipun Rama Begawan Tamba Petra. Dene panjenengan menika kenging menapa saged wonten ngriki piyambakan?

Sidapeksa

:

Ngene, sejatine aku diutus Raja Sindureja, ya Prabu Sulakrama, kanggo nggolek daging menjangan minangka tamba nyidham kang garwa. Nanging tekan saiki durung kasil anggonku ngayahi jejibahan kasebut.

Sri Tanjung

:

Oh, ngaten ta. Lajeng menika rak sampun sonten. Menawi panjenengan mbetahaken papan kangge ngaso, mbok mangga pinarak wonten gubug kula, Raden…

Sidapeksa

:

Wah, apa ora gawe repotmu lan Begawan Tamba Petra?

Sri Tanjung

:

Boten dados menapa, Raden. Mangke kula aturaken dhateng rama Begawan rumiyin nggih.

Sidapeksa

:

Kebeneran yen mangkono. Aku pancen lagi golek papan kanggo ngaso. Yen sliramu lan Begawan paring palilah, aku njaluk pambiyantu supaya bisa manggon sawetara dina ing dalem pertapan, nganti kasil anggonku ngayahi jejibahan iki.

Sri Tanjung

:

Samenika, mangga ta lajeng ndherek kula kemawon, wangsul dhateng pertapan.

Sidapeksa

:

Iya. Oh, kene, dakgawakake gawanmu. (Sidapeksa njupuk dhunak kang digawa Sri Tanjung, mlaku ing panggon tibane dhunak)

Sri Tanjung

:

Inggih, matur nuwun. Mangga.

 

Adegan 2

Setting             : Dalem Begawan Tamba Petra

Paraga             : Patih Sidapeksa, Sri Tanjung, Begawan Tamba Petra

 

Sri Tanjung

:

(Sri Tanjung resik-resik karo nembang)

(Lungguh) Wis rong dina anggone Rama Begawan lan Raden Sidapeksa mbebedhag kewan. Nanging kok durung padha kondur.

Muga-muga panjenengane kabeh wilujeng lan tansah pinaringan rahayu dening Gusti. Oh, Rama …

Sidapeksa lan Begawan mlebu saka kiwa panggung.

Bgw. Tmb. Petra

:

Sri Tanjung!

Sri Tanjung

:

Rama, Raden. Mangga Rama, mangga Raden!

(Rama lan Sidapeksa lungguh)

Rama, kados pundi kawontenan panjenengan? Rak boten menapa-menapa ta?

Bgw. Tmb. Petra

:

Ora apa-apa Sri Tanjung. Iki wis kasil anggone golek daging menjangan.

(Sri Tanjung menehake menjangan marang Sri Tanjung )

Bgw. Tmb. Petra

 

Awakmu ya ora apa-apa ta daktinggal dhewe?

Sri Tanjung

:

Inggih boten menapa-menapa. Sekedhap kula damelke unjukan rumiyin nggih.

Bgw. Tmb Petra

:

Iya. Yen mangkono, daging iki uga gawaa mamburi! (Sing menehke daging Sidapeksa, kanthi nyawang Sri Tanjung. Sri Tanjung mlebu jupuk unjukan)

Bgw. Tmb. Petra

:

Mangga Raden, kula aturi ngaso. Nuwun sewu, kula tilar rumiyin wonten wingking.

(Sidapeksa dhewean, ngudarasa marang awake dhewe)

Sidapeksa

:

(Ndelehake panah)

Matur nuwun, Gusti. Begja tenan aku ketemu wong sing becik bebudene tur gelem paring pambiyantu kanthi tulus kaya Rama Begawan lan putrine.

Dhuh… ngenani putrine, jan…. (karo ngawang-awang Sri Tanjung)

Lagi sepisan iki, aku nandhang rasa kang … ora bisa ginambar kanthi cetha. Sepira bungahe atiku, nalika adu netra, atiku kejindhet sutraning katresnan. Kamitenggengen anggonku nyawang. Apa iki sing jenenge kesengsem njur dadi tresna?

(Sri Tanjung teka ngaturake unjukan

Sri Tanjung

:

Nuwun sewu Raden, menika unjukanipun. (Ndelehake ana meja dene Sidapeksa nglamun ana ngare )

Sri Tanjung

:

Raden? Raden? Raden Sidapeksa?

(Sidapeksa kaget. Serbete Sri tanjung tiba. Kekarone bareng jupuk lan sinawangan netra. Malah tangan kekarone kang gandhengan karo ngadeg. Nalika ngerti yen kacekel tangan sing liya, padha-padha dikibaske, isin)

Nyuwun pangapunten, Raden.

Sidapeksa

:

Ora papa, Yayi Sri Tanjung. (Sidapeksa moving ning buri jagong)

Sri Tanjung

 

Kados pundi Raden, dene panjenengan menika katingal aneh. Kedahipun panjenengan menika bingah amargi sampun kasil anggenipun ngayahi jejibahan.

Sidapeksa

:

Kudune pancen mangkono. Ning, sejatine ana perkara kang kumlebat ing pikirku.

Sri Tanjung

:

Perkawis menapa Raden?

Sidapeksa

:

Perkara rasa Dhiajeng.

(Ngadeg nyeraki Sri Tanjung, ndemek tangan Sri Tanjung)

Sri Tanjung

:

Raden…?

Sidapeksa

:

Dhiajeng Sri Tanjung, endahing lintang  kang abyor ing tawang lan soroting purnama sidhi tan bisa nandhingi kasulistyanmu. Solah bawamu kang alus lan trapsila agawe sengseming atiku.

Sri Tanjung

:

Ampun makaten Raden. Panjenengan ampun banget-banget anggenipun ngalembana.

Sidapeksa

:

Wiwit aku weruh sepisanan, sejatine atiku wus goyah. Nalika nyawang netramu, trab-traban jroning atiku.

Sri Tanjung

:

Menapa inggih leres makaten Raden?

Sidapeksa

:

(Nyeraki Sri Tanjung)

Percayaa marang aku dhiajeng. Dhuwure gunung bisa kajugrug, jembaring segara bisa ciyut. Nanging  tresnaku marang sliramu tan bisa owah Dhiajeng. Mula, sineksen jagad saisine, daksuntak tresnaku marang sliramu.

(Sidapeksa nembang, banjur diterusake tari gandrungan)

Sri Tanjung

:

Panjenengan kenging menapa ta Raden, ngendikanipun kok sajak benten.

Sidapeksa

:

Iki tenanan Sri Tanjung. Aku kudu ngudhar pangrasaku. Dakajab sliramu gelem dakpundhut garwa.

Begawan Tamba Petra mlebu nanging isih ning buri.

Sri Tanjung

:

Dipunpundhut garwa?

Sidapeksa

:

Ora usah bingung, Dhiajeng, wangsulana miturut atimu.

Sri Tanjung

:

Nanging, kula boten wantun. Kula menika namung tiyang dhusun ingkang boten gadhah menapa-menapa. Kula namung saderma nglampahi gesang. Manembah mring Gusti, pados ngelmu, bekti mring Rama Begawan ingkang sampun nggulawenthah dumugi samenika, senajan ta kula namung siswa. Dereng dugi semanten pikir kula Raden. Kula a--- (dipedhot Rama Begawan)

Bgw. Tmb. Petra

:

Sri Tanjung.

Begawan Tamba Petra nyedhak, ngadeg ing ngarep meja, ing tengah-tengahe Sri Tanjung lan Sidpeksa nanging rada mburi.

Bgw. Tmb. Petra

:

Ngger anakku, ana telung perkara kang wus pesthi. Siji pati, loro rejeki, telu jodho. Kabeh iku wus ginaris dening Gusti. Titahing manungsa mung saderma nglakoni. Ngupaya kanthi temen murih nggayuh kamulyan ing donya iki.

Sri Tanjung

:

Inggih Rama.

Bgw. Tmb. Petra

:

Manungsa iku titahing Gusti. Yen Gusti wus paring kodrat kaya mangkene, awake dhewe ora bisa selak saka kersaNe. Dakrungokake anggonmu padha guneman, ya, aku bisa ngrasakake apa kang kok rasakake.

Sri Tanjung

:

Rama, nyuwun pamrayogi ngenani perkawis menika. Saestu kula bingung.

Bgw. Tmb. Petra

:

Sri Tanjung, wiwit cilik nganti tekan diwasa, sira dakopeni, dakgulawenthah amrih mbesuk dadi wong kang becik. Sira wus dakanggep kaya anakku dhewe. Nanging wus wancine sira madeg dhewe, nemtokake pilihan kanggo uripmu. Eningna pikir lan rasa. Aja mung katut nepsu blaka. (Madhep Sidapeksa) Raden Sidapeksa?

Sidapeksa

:

Kula Rama.

Bgw. Tmb. Petra

:

Menapa ingkang sampun panjenengan ngendikakaken wau saestu tulus saking batos?

Sidapeksa

:

Inggih, Rama. Saderengipun nyuwun pangapunten dene kula kumawantun matur ingkang kados mekaten. Ananging saestu, kula tresna kaliyan Sri Tanjung, boten namung lamis, nanging menika tulus saking batin kula.

Bgw. Tmb. Petra

:

Sri Tanjung, apa kang dipenggalih dening Raden Sidapeksa padha karo apa kang mbokrasakake? Kandha wae satemene.

Sri Tanjung

:

Sejatosipun ingkang kula raosaken inggih sami kaliyan ingkang dipunraosaken dening Raden Sidapeksa.

(Sidapeksa nyeraki Sri tanjung kang ana tengen panggung, dicekel tangane)

Sidapeksa

:

Apa tenan yayi? Bungahing rasaku dene sliramu bisa dakwinengku minangka garwa?

Sri Tanjung

:

Menika leres Raden.

Bgw. Tamba Petra

:

Pancen, yen perkara rasa aku ora bisa cawe-cawe maneh. Aku mung bisa andum pangestu marang sira sakloron.

Patih Sidapeksa

:

Menawi kados mekaten, kepareng kula nyuwun pangestu lan idin saking rama Begawan, Sri Tanjung badhe kula pundhut garwa lan kula boyong dhateng negari Sindureja sakmenika ugi.

Bgw. Tamba Petra

:

Pangestuku tansah mbanyu mili. Kula titip anak kula Sri Tanjung dhateng panjenengan Raden. Mugi anggenipun mbangun bale wisma tansah rahayu tebih saking rubeda.

Sidapeksa

:

Tansah kula emut piweling saking rama Begawan. Kula nyuwun pamit, Rama.

Sri Tanjung

:

Nyuwun pangestunipun, Rama.

Bgw. Tamba Petra

:

Iya, ngati-ati, Ngger…

 

Adegan 3

Setting : Pasewakan

Tokoh  : Patih Sidapeksa, Sri Tanjung, Prabu Sulakrama, Tmg. Tirtalewa, Prameswari, Prajurit, Embok.

 

Prabu Sulakrama

:

Tumenggung Tirtalewa?

Tmg. Tirtalewa

:

Kula Gusti Prabu.

Prabu Sulakrama

:

Kepriye panemumu marang Sidapeksa, apa Sidapeksa bisa ngemban jejibahan iki? Bisaa Sidapeksa tumekaning pati ing alas pertapa, awit menjangan ora gampang anggonne nyekel.

Tmg. Tirtalewa

:

Nuwun sewu Gusti Prabu, miturut pamanggih kula, Sidapeksa saged ngemban jejibahan menika, awit, Sidapeksa menika patih ingkang sekti, patih ingkang saged ngleksanani sedaya dhawuh panjenengan. Menawi panjenengan saged pirsa piyambak, kasetyanipun Sidapeksa marang nagari menika, ya Sindureja sampun boten bisa kepetung.

Prabu Sulakrama

:

Oh, iya, iya

Tmg. Tirtalewa

:

Inggih, gusti Prabu.

Prabu Sulakrama

:

Taksuwun sira sabar ya, Dhiajeng.

Permaisuri

:

Inggih kangmas, kula mangertos menawi panjenengan menika saweg ngupadaya mujudaken kekarepan kula

Prabu Sulakrama

:

Ya pancen wis samesthine, Dhiajeng, yen ta kangmas ngayemke lan mujudake kekarepanmu. Apa kang dadi kekarepanmu rak ya kekarepan putra kita kang lagi kokkandut?

Prameswari

:

Inggih, Kangmas, menika leres.

Prabu Sulakrama

:

Ya, becike saiki sira sabar ya, sedela maneh apa kang dadi kekarepanmu bakal kaleksanan, rak iya ngono Tumenggung Tirtalewa?

Tmg. Tirtalewa

:

Inggih, leres menika Gusti Prabu.

Prabu Sulakrama

:

Tumenggung Tirtalewa?

Tmg. Tirtalewa

:

Kula Gusti Prabu.

Prabu Sulakrama

:

Kepriye kahanan kang ana ing kawula Sindureja?

Tmg. Tirtalewa

:

Nyuwun pangapunten gusti prabu, kahanan kawula Sindureja samenika....

Prajurit

:

Kula ingkang sowan Gusti Prabu (Prajurit teka, sembah lan atur palapuran)

Prabu Sulakrama

:

Iya, kepiye?

Prajurit

:

Nyuwun sewu gusti prabu (nyembah), kula namung badhe atur palapuran.

Prabu Sulakrama

:

Iya, enggal  matura!

Prajurit

:

Samenika kawula patih Sidapeksa sampun kondur kanthi slamet wonten ing kedaton menika.

Prabu Sulakrama

:

Patih Sidapeksa wus bali? (sajak kaget campur seneng)

Prajurit

:

Inggih gusti prabu.

Prabu Sulakrama

:

Ya, saiki ndang matura marang Sidapeksa supaya ngadhep marang aku.

Prajurit

:

Inggih, Gusti Prabu

(Prajurit lunga njemput Sidapeksa, Sidapeksa mlebu dikanthini Sri Tanjung)

Sidapeksa

:

Kula ingkang sowan gusti prabu

Prabu Sulakrama

:

Patih Sidapeksa. (Ngadeg marani Sidapeksa, dirangkul, diterke ana lungguhane)

Lungguha.

Patih Sidapeksa, sajak ana kang beda ana kene, wong wadon kang ana ing sisihira kuwi, sapa? Sajak aku ora tau weruh.

( nyeraki Sri Tanjung. Arep nggandheng tangane)

Permaisuri

:

(Jalaran Sulakrama nggandheng tangane Sri Tanjung, banjur Prameswari ngundang Sulakrama)

Gusti Prabu

(Sulakrama kaget. Ngeculke Sri Tanjung)

Sidapeksa

:

Nuwun sewu Gusti Prabu, Menika sisihan kula.

Sulakrama

:

Sisihanmu?

(Sulakrama bali jagong)

Sidapeksa

 

Inggih Gusti Prabu. Tiyang estri menika sisihan kula. Ingkang nama Sri Tanjung.

Sri Tanjung

:

Nuwun sewu gusti prabu, kula nyuwun agunging samudra pangaksami menawi kula sampun lancang, sampun wantun ngambah nagari Sindureja menika. Kula ugi nyuwun pangapunten, kula amung manut kaliyan Kangmas Sidapeksa, awit samenika kula sampun dados sisihanipun.

Prabu Sulakrama

:

(Prabu Sulakrama tambah anggone kesengsem marang Sri Tanjung) ora Sri Tanjung, sira ora luput. Malah, kepara bombong marang kasetyanmu kang tulus Sri Tanjung.

Sri Tanjung

:

Matur nuwun gusti prabu. Menika sampun dados kuwajiban kula minangka sisihanipun Kangmas Sidapeksa.

Prabu Sulakrama

:

Ora susah matur nuwun. Iku wis dadi kuwajibanku marang Sidapeksa.

Sidapeksa

:

Nuwun sewu gusti prabu (Patih Sidapeksa nyembah), keparenga kula matur, samenika kula sampun rampung anggenipun ngleksanani jejibahan ingkang panjenengan dhawuhaken dhateng kula, sumangga Gusti (Ngaturake daging menjangan menyang raja lumantar embok)

Prameswari

:

(Prameswari sumringah rumangsa seneng) Matur nuwun ya Sidapeksa.

Sidapeksa

:

Inggih Gusti Putri, samenika sampun dados kuwajiban kula.

Prabu Sulakrama

:

Ya, taktampa Sidapeksa, sira pancen patih kang bisa dakandelake, bisa ngleksenani jejibahan kanthi gancar lancar, lan ora ana alangan apa-apa. Apa kang diandarake Tumenggung Tirtalewa pancen bener. Rak iya ta, Tumenggung Tirtalewa?

Tmg. Tirtalewa

:

Inggih, menika leres gusti prabu.

Prabu Sulakrama

:

Ya, saiki menjangan kuwi bisa dimasak.

Permaisuri

:

Inggih kangmas.

Prabu Sulakrama

:

(sulakrama ngadeg, liyane uga melu ngadeg)

Dak suwun sira kabeh ninggalake kedhaton iki.

(kabeh sembah, banjur metu. Tirtalewa lan prajurit kang metu keri, dilarang metu)

Sik, sik, aja padha lunga!


Prabu Sulakrama

:

Tumenggung Tirtalewa...

Tmg. Tirtalewa

:

Kula, Sang Prabu...

Sulakrama

:

Kene, kepara majua Tirtalewa!

Tmg. Tirtalewa           

:

Nuninggih Sang Prabu. (Mlaku maju nyedhaki Sulakrama)

Sulakrama

:

Atiku tansah tratapan yen kelingan lelakone Sidapeksa sing wis kepungkur. Kaya sing mbok mangerteni, anggonku ngutus Sidapeksa kanggo nggolek daging menjangan enom kanggo tamba ngidame permaisuriku. Eh ladalah... Tirtalewa... (nggelengake sirahe, sajak kesengsem)

Tmg. Tirtalewa           

:

Nuninggih Sang Prabu...

Sulakrama      

:

Kowe mesthine kelingan. Baline Sidapeksa ora namung gawa daging menjangan, nanging malah mboyong wanita sing jenenge Sri Tanjung saka ing pertapan Prang Alas, putrine Begawan Tamba Petra. Weih... Jan ayune kaya ngono. Aku karep nyingkirake Sidapeksa, Tirtalewa. Aku melik Sri Tanjung.

Tmg. Tirtalewa           

:

Kula ugi ngertos Sang Prabu, kados menapa tresna panjenengan kaliyan Sri Tanjung, Gusti.

Sulakrama      

:

Atiku wis kepilut karo Sri Tanjung, Tirtalewa. Ayu tur luwese, cetha kagambar ing pikiranku. Ora bisa uwal anggonku nglanggati. Sansaya gedhe penginku marang Sri Tanjung, Tirtalewa.

Tmg. Tirtalewa           

:

Menawi mekaten, kula namung ndherekaken, Gusti. 

Sulakrama      

:

Iya. Kowe kudu gelem ngewangi aku. Aku kudu bisa mboyong Sri Tanjung dadi selirku.

Tirtalewa        

:

(kaget) Menapa panjenengan badhe mejahi Sidapeksa, Gusti?

(Sulakrama ngguyu sengit banjur ngadeg mlaku pirang langkah mengarep, banjur mikir kepriye carane bisa mateni Siadpeksa. Let sedhela Sulakrama ngguyu rada banter amarga nduweni siyasat kanggo mateni Sidapeksa. Tirtalewa lan Prajurit melu ngguyu. Dieneni Sulakrama)

Tirtalewa        

:

Wonten menapa, Gusti? Kok sajakipun nganeh-nganehi, panjenengan ketingal menggalih lajeng saged gumujeng piyambakan? Wonten menapa, Gusti?

Sulakrama      

:

(Manthuk-manthuk karo ngguyu licik) Oh iya, mrene nyedhaka, Tirtalewa! (Tirtalewa ngadeg, banjur dibisiki dening Sulakrama)

Tirtalewa

:

 (Mara nyedhaki) Sendhika dhawuh.

(Sulakrama mbisiki Tirtalewa ngenani siyasat licike kanggo bisa mateni si Sidapeksa. Tirtalewa manthuk-manthuk. Banjur kekarone padha ngguyu licik amarga yakin yen siyasate saiki bisa mateni Sidapeksa. Sulakrama ngguyu, Tirtalewa lan Prajurit melu ngguyu)

Sulakrama

:

(Sulakrama lungguh)

Wis kana jupuka piranti nggo nulis nawalane! Bakal taktulis nawala kang bisa nggawe patine Sidapeksa. Tulisen, Tirtalewa!

Tmg. Tirtalewa

:

Inggih, Gusti...

Sulakrama

:

Prajurit, saiki kowe budhala menyang Ksatriyan. Aturana Sidapeksa ngadhep ing ngarsaku...

(Sasuwene prajurit ngaturi dhawuhipun Sulakrama kanggo ngundhang Sidapeksa, Tirtalewa lan Sulakrama padha ngguyu licik. Banjur, Tirtalewa nulis surat jebakan kanggo Sidapeksa dene Sulakrama rak kuwawa mbayangake siyasate bakal kelakon kanthi lancar nganti mesam-mesem dhewe)

(Sidapeksa mlebu marang ngarsa daleme Sulakrama)

Sidapeksa       

:

Kula ingkang sowan, Gusti Prabu...

Sulakrama      

:

Weih... Patih Sidapeksa. Anggonmu mara pancen takantu-antu. Mrene lungguha, Sidapeksa!

Sidapeksa       

:

Sendhika dhawuh, Gusti...

Sulakrama      

:

Mangkene, ana perkara wigati kang kudu dakandharake mring sira, Patih..

Pt. Sidapeksa

:

Inggih, Gusti..

Prabu Sulakrama

:

Patih Sidapeksa, kanggo raharjaning krajan lan para kawula mbesuke, kowe takdhawuhi golek pusaka awujud emas telung kethuk lan benang telung gelung ing kerajaan Indran. Piye Sidapeksa, dakjaluk sira gelem.

Sidapeksa       

:

Kasetyan kula namung kangge panjenengan, Gusti Prabu. Minangkaning patih, jiwa saha raga kula korbanaken kangge raharjaning Krajan Sindureja. Menawi panjenengan dhawuh mekaten, kula ndherekaken Gusti...

Sulakrama      

:

Iya. Iya... Aku ngerti yen kowe mesthi nyarujuki dhawuhku iki. Gawanen nawala iki minangka pratandha yen sira utusaning kerajaan Sindureja.

Sidapeksa

:

Sendhika dhawuh, Gusti. Menawi mekaten kula, nyuwun pamit.

Sulakrama      

:

Iya, iya Sidapeksa...

(Sidapeksa metu, budhal menyang kerajaan Indran, banjur Sulakrama lan Tirtalewa padha ngguyu sakenceng-kencenge amarga siyasate dilakoni Sidapeksa)

 

 

Adegan 4

Setting : Kapatihan

Paraga : Sri Tanjung, Emban 2, Juru Taman, Sulakrama

 

(Adegan dhagelan emban lan juru taman)

Emban 2

:

(Sri Tanjung mlebu, jagong)

Eh, eh… Lha kae Ndarane teka..!

Juru Taman

:

Teka, teka! Gundhulmu kuwi! Sing jenenge Ndara iku rawuh, yen (nyebut jenenge emban 2) ya teka…

Juru Taman lan Emban 2 padha gegeran

-----------

 

 

Emban 1

:

Wis, wis, ora usah padha geger! Kae lho Ndara Ayu kok sajak duhkita nandhang sungkawa, ana apa, ya? (ngomong mring emban sijine)

Emban 2

:

Iya.. ya, Yu… Yo direm-remi.

Emban 1

:

Ndara Ayu…oh Ndara Ayu (Emban 1 lan 2)… Menapa ingkang dados sungkawaning penggalih panjenengan, pasuryan ingkang sulistya menika kok sajak suwung?

Sri Tanjung namung meneng, pandengane kaya-kaya ngumbara adoh, sajak nglamunake perkara (mikirke garwane)

Emban 2

:

Piye iki, Yu….Ndara Ayu kok kendel wae. Sik-sik..njajal aku tak sing takon. Kutanya malam… ada apa denganmu??

Sri Tanjung tetep meneng. Emban njaluk tulung penonton supaya melu ngaruh-ngaruh Ndara Ayune. (Ndara Ayu.. Oh Ndara Ayu..) nganti banter munine.

Sri Tanjung

:

Apa ta, Mbok. Kok ndadak rame-rame barang. Wong sakampung didadekake koor kabeh.

Emban 1

:

Ngapunten, Ndara.. Kala wau panjenengan kula timbali kendel kemawon tanpa atur, panjenegan menika kok sajak sungkawa wonten menapa ta, Ndara?

Sri Tanjung

:

Apa iya..? Rumangsaku iki wiwit mau aku mung ijen ning kene, ora krungu swara apa-apa lho, Mbok. (Emban bisikan: ayu-ayu kok kopok) Mbok….lho malah aku dicuweki lho.

Emban 1

:

Inggih-inggih, Ndara, kados pundi penggalihipun panjenengan?

Sri Tanjung

:

Aku iki lagi kangen, Mbok. Awakmu rak yo ngerti ta, yen Kangmas Sidapeksa wis tindak suwe banget durung kondur-kondur. Apa kang dadi lelampahane Kakang Mas Sidapeksa nemahi alangan apa kepriye, luwih-luwih mengko yen nemahi patine kepriye, Mbok..? Kamangka jejibahan saka Prabu Sulakrama kuwi ora gampang.

Emban 2

:

Inggih, Ndara Ayu, kula mangertos. Ananging menika sampun dados wajib menawi titahipun raja kedah dipuntaati. Ndara Ayu wonten ngriki saged ngintun dedonga kemawon, mugiya Raden Sidapeksa dipunparingi slamet wilujeng, tanpa alangan setunggal menapa.

Raja Sulakrama mlebu undang-undang Sri Tanjung.

Prabu Sulakrama

:

Sri Tanjung… (Sri Tanjung jengkeng, nyembah, emban juga)

Prabu Sulakrama

:

Sri Tanjung, cah ayu… (Prabu Sulkrama bantu Sri Tanjung ngadeg. Sri Tanjung ngeculake tangane Sulakrama)

Emban, sumingkir! (ngusir emban, banjur Sulakrama duduk)

Sri Tanjung

:

Wonten dhawuh menapa Kanjeng Prabu, saengga panjenengan rawuh wonten dalem kasatreyan menika?

Prabu Sulakrama

:

(Ngguyu)

Sri Tanjung…Sri Tanjung cah ayu.

Sulistyamu kang tansah ngedap-edapi nggawe sapa wae tansah kayungyun marang sliramu, luwih-luwih solah bawamu kang tansah kebak ing tata krama lan weninge atimu sajak nambahi sumunaring sulistyamu. Ya perkara kuwi kang njalari tekaku ing kene…

Sri Tanjung

:

Boten, Kanjeng. Boten kados mekaten, kula ambali malih, kula suwun panjenengan paring wangsulan ingkang sejatosipun, Kanjeng..

Prabu Sulakrama

:

Apa prelu dakbukak dhadha iki, sira waca atiku supaya sira ngerti, cah ayu..? Mrenea! Mrenea Sri Tanjung!

 Aku wis ora kuwat yen kudu mendhem rasa iki luwih suwe maneh. Aku wis ora sabar arep nyandhing sliramu, cah ayu. Gelem ya sira dakjupuk garwa minangka selir. Aku bakal menehi apa wae kang dadi kekarepanmu. Donya, kuwasa, luwih-luwih tresna bakal tak nggo munjung sliramu. Mreneya Cah ayu…(nyedhaki Sri Tanjung, pengin ngrangkul. Sri Taanjung nlusup).

Sri Tanjung

:

Boten, Kanjeng. Sampun kados mekaten, panjenengan menika narendra sang nata nagari, patuladhan kangge sedaya kawula Sindureja. Kula aturi emut, Kanjeng…

Prabu Sulakrama

:

 (Ngguyu ngakak) Emut-emut apa?

Apa sira percaya yen Sidapeksa ing kana uga njaga katresnane kanggo sliramu, mung setya karo kowe?! Aja-aja, dheweke ora bali-bali karana wis duwe senengan liya ing kana. Apa kowe mengko ora gela yen nolak aku, Sri Tanjung?

Sri Tanjung

:

Boten. Kula pitados maring kasetyanipun Kangmas Sidapeksa!

Prabu Sulakrama

:

Yowis! yen kuwi pancen dadi pilihanmu, aku bakal lung. Nanging aja nganti kowe gela ing tembe burine. Deloken wae…titenana...! Bakal kapilara uripmu (nuding-nuding Sri Tanjung)

Prabu Sulakrama metu saka panggung setelah itu Sri Tanjung baru terjatuh duduk, nangis,

Sri Tanjung

:

Dhuh Gusti.. kenging menapa kula nglampahi gesang ingkang kados mekaten? Kangmas Sidapeksa, kula kedah pripun? Mugi menapa ingkang sampun dipunngendikaken Prabu Sulakrama boten saged ngreribeti gesang panjenengan Kangmas…

 

Adegan 5

Setting : Pasewakan Krajan Indran

 

Paraga : Sidapaksa, Prabu Indran, Cingkara Bala, Bala Upada

 

Prabu Indran

:

Bala Upada, kepiye kahanane kawula Indran?

Bala Upada

:

Dhawuh dalem, Gusti. Kahanan para kawula Krajan Indran menika sami raharja, urip kanthi tentrem awit pangestunipun panjenengan.

Prabu Indran

:

Ya, apik yen mangkono. Banjur, ngenani para tamtama negari, kaya kepiye?

Bala Upada

:

Inggih, Gusti Prabu. Para tamtama negari sami gladi olah kanuragan lan … (dipedhot Cingkara Bala)

Cingkara Bala

:

Kula ingkang sowan Gusti Prabu!

Prabu Indran

:

Cingkara Bala, ana perkara apa?

Cingkara Bala

:

Nuwun sewu, Gusti Prabu. Menika wonten satunggaling tiyang saking Krajan Sindureja kanthi asma Patih Sidapeksa. Panjenganipun badhe sowan wonten ngarsa panjenengan, Gusti.

Prabu Indran

:

Patih Sidapeksa saka Krajan Sindureja?

Cingkara Bala

:

Nun inggih, Gusti Prabu.

Prabu Indran

:

Ya, yen mangkono, gageya budhal marang Sidapeksa. Aturana dheweke sowan ing ngarsaku.

Cingkara Bala

:

Sendika dhawuh, Gusti Prabu!

Sidapaksa

:

Kula ingkang sowan, Gusti Prabu

Prabu Indran

:

Oh, Sidapaksa. Mangga-mangga. Lungguha kene..

Sidapaksa

:

Matur nuwun, Gusti Prabu.

Prabu Indran

:

Iya, kepiye Sidapeksa?

 

:

Nuwun sewu, Gusti Prabu. Sowan kula wonten ngarsa panjenengan menika ngemban dhawuh saking Prabu Sulakarama saking Krajan Sindureja.

Prabu Indran

:

Iya, ana bab pa, Sidapaksa?

 

:

Nuwun sewu, kula dipundhawuhi Prabu Sulakrama pados pusaka arupi emas telung kethuk lan benang telung gelung wonten Krajan Indran menika, Gusti. Menika nawala minangka pratandha bilih kula kautus dening Sang Nata Sindureja.

Prabu Indran

:

Ya. (Mundhut nawala, lajeng dipunwaos)

Prabu Indran

:

(Kaget marang isi nawala) Apa iki?! Bala Upada, Cingkara Bala, rangket!

 

Sidapeksa dirangket dening Cingkara Bala lan Bala Upada. Prabu Indran wis arep merjaya Sidapeksa.

 

P. Sidapeksa

:

Dhuh gusti bathara sakula, kenging menapa kula menika...

 

Prabu Indran

:

(kaget) Lohh, ana sesambungan apa sira lan Bathara Sakula?

 

P. Sidapeksa

:

Nuwun sewu gusti, panjenenganipun menika tasih leluhuring kula..

 

Prabu Indran

:

Yen pancene mangkono, ngadeg a, resikana awakmu. Aku percaya yen tedhak turune Bathara Sakula wong kang becik..

 

Pth. Sidapeksa

:

Saestu gusti? (gumun) Maturnuwun Gusti

 

Prabu Indran

:

Ya… Aku njaluk ngapura marang tumindakku kang sembrono mau, Sidapeksa. Bathara Sakula isih duwe sesambungan apik marang ingsun. Bala Upada?

 

Bala Upada

:

Dhawuh dalem, Gusti.

 

Prabu Indran

:

Ageya sira budhal jupuk apa kang dikarepake dening Sidapeksa.

 

Bala Upada

:

Sendika dhawuh, Gusti.. (Bala Upada metu panggung)

 

Prabu Indran

:

Dakjaluk sira bisa maklum. Kabeh mau mung salah praduga, Sidapeksa

 

Sidapeksa

:

Boten dados menapa, Gusti.

 

Bala Upada metu, jupuk pusaka

 

Bala Upada

:

Menika, Gusti Prabu… (menehke pusaka ning Prabu Indran)

 

Prabu Indran

:

Ya.. (madhep Sidapeksa) Sidapeksa, iki tampanana emas telung kethuk lan benang telung gulung.

 

Sidapeksa

:

Matur nuwun, Gusti..

 

Prabu Indran

:

Iya. Saiki sira bisa bali menyang Krajan Sindureja.

 

Sidapeksa

:

Inggih. Kula nyuwun pamit. (Prabu Indran manthuk)

 

 

Adegan 6

Setting             : Pidaleman Ratu

Tokoh              : Sidapeksa, Sulakrama, Tirtalewa.

 

(Dibukak kanthi tayuban)

Sulakrama lan Tirtawela padha rembugan bab Sri Tanjung kang nolak Sulakrama.

Sulakrama

:

Tirtalewa!

Tirtalewa

:

Kula Gusti Prabu.

Sulakrama

 

Kurangajar! Wingi aku wis nembung Sri Tanjung dadi selirku. Nnging dheweke ora gelem.

Tirtalewa

 

Menapa mekaten Gusti Prabu.

Sulakrama

 

Dheweke mung jaga kasetyan kanggo Sidapeksa.

Tirtalewa

 

Lajeng menapa ingkang badhe panjenengan tumindakaken.

 

 

Yen Sri tanjung ora bisa dadi selirku, Sidapeksa uga ora bisa

Tirtalewa

 

Menawi mekaten, kula namung dherekaken Gusti Prabu.

Sidapeksa

:

Kula ingkang sowan, Gusti Prabu..

Sulakrama

:

Iya, matura apa kang dadi palapuranmu

Sidapeksa

:

Nuwun sewu Gusti. (sembah) menika gusti, badhe ngaturaken pusakanipun.. (nampa pusakane)

Sulakrama

:

Iya, apik Sidapeksa, apik kerjamu... (bingung) pancene sira patih kang unggul

Sidapeksa

:

Matur nuwun, Gusti, kula namung nindakaken menapa ingkang paduka dhawuhaken.

Sulakrama

 

Iya, iya. Aku percaya marang kasetyanmu Sidapeksa. Ning ana siji perkara kang dadi pikiranku. Dene perkara iki uga ana gegayutane marang sira, Sidapeksa.

Sidapeksa

:

Perkawis menapa, Gusti Prabu?

Sulakrama

:

Mangkene, Sidapeksa. Iki babagan sisihanmu, Sri Tanjung. Nalika koktinggal lunga menyang Krajan Indran, dheweke saben dina lunga, ngadhep ing ngarsaku lan njaluk supaya dakpundhut garwa minangka selir. Aku wis nolak, ning dheweke tetep wae meksa. Pungkasane dheweke bali kanthi mingseg-mingseg lan omong yen bakal mungkasi uripe. Sajake Sri Tanjung wus kapencut marang gumebyare bandha donya lan pangkat.

Sidapeksa

:

Menapa inggih?

Sulakrama

:

Tirtalewa minangka seksi kang ngawruhi perkara iki, Sidapeksa.

Iya ta Tirtalewa?

Tirtalewa

:

Dhawuh kaleresan Gusti.

Sidapeksa

:

Menawi mekaten, kula nyuwun pamit.

Sulakrama

:

(maju mangarep panggung, ngguyu. Diiringi gendhing.)

Sri tanjung! Kabeh iki merga kowe ora nampa aku Sri Tanjung! Bakal kapilara uripmu Sri tanjung!

Hahahahaha.. (ketawa)

 


 

Adegan 7

Setting             : Pinggir Kali

Paraga             : Sri Tanjung, Sidapeksa

 

Sri Tanjung methuk garwane Sidapeksa kang wis kondur saka ngayahi jejibahan ing kerajaan Indran. Sri Tanjung lan Sidapeksa pethukan ana ing pinggire kali. Sidapeksa wis katon nesu. Sidapeksa ora langsung arep-arepan karo Sri tanjung. Dheweke ngadeg ana tengen ngarep panggung dene Sri Tanjung kiwa tengah panggung rada buri.

Sri Tanjung

:

Kangmas. Panjenengan menika sampun kondur. Kula menika mireng panjenengan sampun kondur wonten kedhaton. Kula badhe mapag konduripun panjenengan.

Kangmas, kangmas Sidapeksa! (nyeraki lan arep ngrangkul saka buri, nanging Sidapeksa menghindar ke kiri panggung)

Sri Tanjung

:

Wonten menapa ta Kangmas?

Sidapeksa

:

Saiki takjaluk sliramu ngaku! Omonga blaka apa anane.

Sri Tanjung

:

Lho, ngaku babagan menapa Kangmas?

Sidapeksa

:

Sri Tanjung.. Sri Tanjung.. (gedhek-gedhek, ngguyu ngece)

Aku kuwi gumun Sri Tanjung!

Kowe kuwi putraning pendheta. Saka Prang Alas, wiwit cilik jarene wis melek sakabehing kasampurnaning urip, dening Bapa Begawan Tamba Petra.

Sri Tanjung

:

Menika wonten perkawis menapa Kangmas? Kula boten mangertos ngendikanipun panjenengan wosipun kados pundi?

Sidapeksa

:

Aku ora nyana Sri Tanjung!

Mandang kowe wis tak papanake ing kasatriyan negara Sindureja, kok sliramu dadi blereng karo pangkat kang dhuwur, isih kepincut karo gebyaring bandha, karo panguwasa kang luhur.

Sri Tanjung

:

Lhoh?

Dos pundi pangandika panjenengan menika-

Sidapeksa

:

Kowe lak wis tumindak sedheng marang Prabu Sulakrama? (duka)

Sri Tanjung

:

Tumindak sedheng marang Sang Prabu? (kaget)

(jeda gendhing)

Kok aneh menawi wonten warta ingkang kados mekaten?

Sidapeksa

:

Wis ta Sri Tanjung! Saiki kowe ngakua!

Sri Tanjung

:

Boten, Kangmas. Boten kados ingkang panjenengan penggalih… Sejatosipun Prabu Sulakrama piyambak ingkang--- (dipedhot Sidapeksa)

Sidapeksa

:

Wis! Ora! Aku ora bakal percaya marang wanita kang wus wani nyidrani kasetyan, wanita kang wus tumindak sedheng nalika garwane ora ana ing sandhinge! Wis, ora Sri Tanjung! Ora!

Sri Tanjung

:

Kula nyuwun, Kangmas, kula nyuwun. Sampun panjenengan kalah dening nepsu, saengga panjenengan dipunwutakaken dening perkawis menika. Menika namung pitnah, Kangmas…!

Sidapeksa

:

Ora! Aku ora predhuli. Saiki wadi alamu wus kawiyak, wus kababar kabeh!

Sri Tanjung

:

Boten… boten (mingseg-mingseg)

Sidapeksa

:

Wanita kang wis nyidrani kasetyan kaya sliramu, wis ora pantes midak bantala! (mulai mengambil keris) Aluwung becik dakpungkasi nyawamu Sri Tanjung! (keris sudah diacungkan ke atas)

Sri Tanjung

:

(Sidapeksa perlahan menurunkan keris)

Menawi panjenengan boten saged nampi kasunyatan ingkang sejatosipun, aluwung kula enthengaken pati kula, Kangmas. (mulai mengambil keris dari tangan Sidapeksa) Minangka wujud kasetyan lan pangabekti kula, kula lila kangmas, kula lila..

Sri Tanjung

:

Namung atur kula, saderengipun kula nilaraken jagad raya ingkang gumelar menika Kangmas, samangke menawi kula sampun boten wonten, rah kula angganda bacin, pratandha menawi Sri Tanjung menika sampun tumindak sedheng, boten pantes kula gesang wonten jagad menika.

Nanging, menawi rah kula mangke angganda arum, pratandha menawi kula menika suci boten tumindak kados pangandikan panjenengan Kangmas.

Kula pamit Kangmas! (nyemplung kali)

Sidapeksa

:

(Noleh Sri Tanjung, kaya arep  ke blakang, bingung, madhep ngarep maneh

Sri Tanjung! Nadyan widadari pisan, trahe mesthi angganda bacin, ora ana trah kang angganda wangi. Iki kabeh ya amarga tumindakmu dhewe Sr Tanjung!

Sidapeksa isih getem-getem, ora let suwe mambu wangi saka kali. Ekspresine Sidapeksa dadi bingung. Kelingan pangucape Sri Tanjung. (Keprungu backsound Sri Tanjung). Sidapeksa nyesali apa kang wis ditindakake.

Sidapeksa

:

(bingung) Wangi! Wangi apa iki?Apa bener saka sliramu Sri Tanjung? Dadi.. Dadi..?

Ohh.. Sri Tanjung!! (bengok)

Posting Komentar untuk "NASKAH SANDIWARA KETOPRAK SRI TANJUNG: GANDA ARUM KASETYAN"