Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Suparto Brata

Suparto Brata lair ing dina setu legi19 syawal taun Jé 1862 saka 1359 Hijriyah : 27 Februari 1932 ing Rumah sakit unum Simpang Surabaya. Lair saka Raden Suratman Bratatenaya lan Raden Ajeng Jembawati. Marga nalika lair bapake lagi ora duwe penggawean lan papan panggonan. Mula wiwit umur 6 sasi digawa ibune ndherek keng pamane ibune. Pangeran Jayadiningrat sing kagungan istana ing Gajahan, Surakarta Hadiningrat. Sebanjure Suparto ora tau kumpul karo bapake. Ibune sanajan bangsawan ora duwe warisan apa-apa, lan uga ora duwe ketrampilan apa-apa. Panguripane mlembar-mlembar ndherek nyuwita para sanak kandange sing sugih, pindhah-pindhah sing didhereki lan pindhah-pindhah kuthane, yakuwi Surakarta (1932-1937), Sragen (1938-1942), Probolinggo (1945-1949), Surabaya maneh (1950). Menyang saka Probolinggo kuwi ngungsi, urip mbangun wisma wong telu karo putrane dhewe (Raden Mas Soewaondo, kangmas Suparto Brata). Bali saka ngungsi menyang Surabaya, Raden Mas Soewondo dening penggaweane dikirim studi menyang Negara Walanda, Suparto karo ibune ora ana sing ngopeni. Ibune balik ngabdi sanak kadange menyang Surakarta, Suparto ora gelem ndherek ibune maneh, tetep ing Surabaya nutugake sekolah ing SMPN II Jl. Kepanjen Surabaya, ceker-ceker urip dhewe. Suparto urip ing Surabaya kanthi penggawean pindhah-pindhah : Operator teleprinter ing Kantor Telegrap Surabaya (1952-1960), PDN Jaya Bakti (1960-1967), dagang kapuk samba ngarang cerita silat diterbitke Kho Ping Hoo (1967-1971), dadi pegawai Pemkot Surabaya (1971-1988/pensiun). Pindhah-pindhah pegawean Suparto Brata ora tau lirwa anggone ngengarang crita. Dhisike nganggo basa Indonesia dipacak ing majalah lan Koran, lan wiwit taun 1959 wiwit ngarang ngarang nganggo basa jawa. Nganti taun 2008 gunggunge karangan buku watara 130. Tau oleh bebana Rancage 2000,2001,2005 The SEA Write Award 2007 ing Thailand. Asmane wis kecathet ing Five Thousand Personalities of the World, Sixth Edition, 1998, terbitan The Ameriocan Biographical Institute, Inc, 5126 Bur Oak Circle. PO.Box 31226, Raleigh, North Corolina 27662 USA.

Posting Komentar untuk "Suparto Brata"