Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Contoh Pidhato Bahasa Jawa

Assalamualaikum warahmatullahi wabaraktuh
Halo teman-teman Duniaku Duniamu yang berbahagia, semoga kita semua senantiasa diberikan kesehatan dan keselamatan dunia akhirat oleh Allah SWT. Aamiin

Kali ini kita akan memberikan contoh-contoh teks pidato dalam berbagai macam acara ya. Sering sekali kita mendengarkan pidato yang menggugah semangat dan memotivasi. Tetapi kalau kita disuruh untuk berpidato malah bingung mau mengungkapkan apa dalam pidato tersebut. Kebingungan ini bisa mengakibatkan ketidakpercayaan diri dan sulit berkomunikasi di hadapan masyarakat umum. Padahal hal tersebut sangat penting digunakan di dalam kehidupan bermasyarakat.

Nah, untuk itu kita akan memberikan beberapa contoh teks pidato yang semoga bermanfaat untuk teman-teman semua. Silahkan teman-teman bisa membaca dan berlatih menggunakan teks tersebut. Selamat membaca!

Pidato Jawa Tema Khitanan

Penyunting : Arif Nugroho, S.Pd

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun para pepundhen, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak Ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan. Keparenga kula semela atur munggel kamardikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.

Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Gusti, dene ing wekdal menika saged nindakaken pawiwahan sunatan putranipun ingkang nama ( . . . ) Salajengipun Bapak ( . . . ) sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun nglonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.

Salajengipun kulawarga Bapak ( . . . ) ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon Bapak ( . . . ) sakulawarga mboten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agunging panuwun mugi Gusti Ingkang Akarya Jagad ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenengan wau.

Kaping sekawan, Bapak ( . . . ) sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipun ingkang dipunsunahaken inggih menika ( . . . ) ing dalem ngriki. Mugi-mugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.

Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak ( . . . ) sakulawarga menawi anggenipun nanggapi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani penggalih, kersa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

 

Pidato berbahasa Jawa Tema Sumpah Pemuda

(Penyunting : Arif Nugroho, S.Pd)

Berikut adalah contoh pidato Bahasa jawa bertemakan sumpah pemuda

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, bapak utawi ibu dwija saha karyawan sedaya ingkang kula trisnani. Mangg kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung ingkang tansah paring nikmat sehat santosa slamat tumrap kula saha panjenengan sedaya saengga kita taksih pinaringan wekdal kangge pados ngelmu, taksih saged sinau ing pawiyatan kita sedaya menika.

Kaping kalih, anggenipun kula jumeneng ing ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah babagan sumpah pemudha. Kula lan panjenengan sedaya tamtu kemawon sampun mardika. Nanging, kanthi kamardikan ingkang sampun kita sandhang menika menapa sampun cekap mekaten kemawon? Temtu kemawon kita nggadhahi tanggel jawab ingkang langkung-langkung tinimbang perjuangan para pahlawan nalika mataun-taun kepungkur. Kita nggadhahi tanggel jawab inggih menika nerasaken lan nguri-uri sedaya perjuangan para pahlawan supados persatuan ugi kesatuan Republik Indonesia tansah langgeng lan ngrembaka. 

Salah sawijining bukti perjuangan para pahlawan rumiyin inggih menika kanthi sumpah aprajanji para pamudha ing Nuswantara ingkang sinebat Sumpah Pemuda. Mbok bilih ing tanggal 20 Oktober menika bangsa indonesia mengeti dinten sumpah pemuda inggih punika salah satunggaling kadadosan dinten sarta ingkang nedahaken dhateng kita sedaya bilih bangsa Indonesia nggadhahi semangat juang ingkang inggil.

Wosipun sumpah saha prasetya menika tumrap kita inggih menika, kita kedah nuladhani lan marisaken  sedaya tuladha saking para pahlawan ingkang langkung rumiyin berjuang awit saking raos semangat juang, raos tresna marang bangsa lan negara kedah kita lestantunaken dhumateng putra wayah sahingga saged mujudaken sedaya gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah aripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja adil lan sejahtera. Kita minangka siswa Kedah nggadhahi kawajiban semangat mempeng anggenipun sinau. Awit, kita generasi penerus bangsa ingkang bakal mbangun negari kita.

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken babagan sumpah pemuda. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun anggen kula matur, Kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu

 

Pidato berbahasa Jawa tema kesehatan berharga

Penyunting : Arif Nugroho, S.Pd

Assalamualaikum wr. wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Ugi mboten kesupen kanca-kanca ingkang kawula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin kula lan panjenengan sedaya sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa , ingkang tansah paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.

Sholawat saha salam ugi tansah kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi waosan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad.

Jumeneng kula wonten ngarsanipun panjenengan sedaya inggih badhe medharaken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan menika supados dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah satunggaling upaya ingkang utama kangge nyegah maneka warna penyakit.

Kita minangka warga sekolah, pakulinan njagi karesikan lingkungan saged kita trapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik, kita ugi ingkang pikantuk dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saged ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun sumedya, ugi nindakaken piket kelas kanthi teratur.

Mbok menawi mekaten, cekap semanten atur kawula, mbok bilih wonten kirangipun ugi kekhilafanipun kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum wr. wb.


Contoh Pidato Jawa Tema Maulid Nabi

Penyunting: Arif Nugroho, S.Pd

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Dhumateng para rawuh Bapak saha Ibu hadirin wal hadirot sedaya ingkang kula hormati.

Saderengipun mangga kula lan panjenengan sedaya sami ngaturaken pudya pujining astuti syukur Alhamdulillah dhateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dhumateng kula lan panjenengan sedaya sehingga kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing papan punika, inggih majlis Maulid nabi Muhammad s.a.w kanthi sehat wal ‘afiyat.

Para rawuh ingkang winantu ing suka Basuki, wekdal samenika mangga kita niyataken lahir saha batosipun kita namung badhe ngibadah dhateng Allah SWT, niyat ta’dzim utawi hormat ing dinten kelahiranipun junjunngan kita Nabi Agung Muhammad s.a.w. salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup badhe paring syafa’at, duka menika sugih utawi melarat, duka menika rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunya utawi akhirat, mugi-mugi kula panjenengan benjang saged pikantuk rahmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Aamiin.

Para rawuh ingkang minulya.

Junjungan kita Nabi Muhammad SAW. menika salah satunggalipun Nabi ingkang kagungan sifat kemanusiaan ingkang paling sampurna. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungsa inggih punika sifat kejujuranipun saha akhlakipun ingkang mulya, ngantos Kanjeng Nabi menika dipunkenal wonten kalangan tiyang Arab dipunsebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saged dipunpitados. Ugi Allah SWT piyambak ngakeni mulyanipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipunsebat wonten Al-Qur’an surah Al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipun:

“Lan sak temene sira iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Para Bapak para Ibu ingkang minulya!

Keranten akhlak ingkang mulya lan agung, Kanjeng Nabi saged mbangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah tumuju zaman Islamiyyah, kita sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih taun sa’derengipun Kanjeng Nabi mijil utawi lahir menika dipunwastani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab ing zaman menika dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak dipunsembah, tiyang-tiyang kathah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah berhala, omben-omben arak, maen judhi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, menika sampun dados pakulinan, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan haram.

Pancene menawi dipunma’nani, “maen” menika ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, wegah nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi napa? Dadi wong mlarat! Bangkrut! Semanten ugi “kertu” “dhuwit sing ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, dhuwit kebek nang jeroneng sak. Bareng sila, nyandhak kertu, akhire dhuwit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipunlahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyampurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi dhawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد

 

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supaya nyampurnakake budi pekerti”

Para bapak saha Ibu ingkang kula hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi, saengga syi’ar kejayaan Islam mboten namung winates wonten kalang tiyang Arab mawon nanging terus meluas berkembang ngantos sak ndonya. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi menika mboten khusus wonten negeri Arab kemawon nanging ugi dhateng seluruh alam, Allah SWT dhawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

Ingkang Artosipun

“Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kejaba aweh rohmat maring wong sak alam donya.

Para rawuh ingkang minulya!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi menika merata dhateng sedaya tiyang sak alam donya. Mugi-mugi kita mbenjang sageda angsal syafa’atipun benjang ing dinten qiyamat.

Mbok menawi cekap semanten uraian singkat ngengingi Maulid Nabi ingkang saged kula aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته


Demikian beberapa contoh teks pidato yang dapat kami sampaikan. Semoga bermanfaat untuk teman-teman semua. Aamiin 

Jangan lupa  untuk ikuti kami dan  membaca tulisan kami lainnya. Salam Dunia Kita! Terimakasih

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabaraktuh


Posting Komentar untuk "Contoh Pidhato Bahasa Jawa"