RESENSI NOVEL RATU MAHADANTA
RESENSI
NOVEL RATU MAHADANTA
IDENTITAS BUKU
a.
Judul
buku : Ratu Mahadanta
b.
Pengarang
: Ahmad Syukur
c.
Penerbit
: Panji
Pustaka, Yogyakarta
d.
Tahun
terbit : 2009
e.
Tebal
buku : 246 halaman
f.
No. Seri ISBN : 979-1606-617
g.
Dimensi ukuran : 14 x 21 cm
h.
Jenis kertas : A4 buram
ISI
a.
Sinopsis
Ratu Mahadanta yaiku ratuning para kethek ing wit
waringin ana alas Bahuwreksa, wit waringin kuwi dipanggoni kethek cacahe telung
atusan. Ratu Mahadanta dipilih dadi ratu
jalaran gedhe, raos lan uga pinter, Mahadanta kuwi sawijining kethek kang wis
putus ing sawarnaning sastra. Saking pintere lan saking sastrane Mahadanta ora
mung pinter ngrembug ruwet rentenging praja nanging menawa sesorah uga pinter,
swarane kaya gludhug.
Ana ing novel kuwi
nyariyosake panguripan sosial politik ana ing kerjaan. Ing cariyos
Mahadanta nduweni juru-juru (ibarat ana ing pamerentahan kaya mentri) kang
ngewangi Mahadanta ngurusi panguripane para kethek, para juru kuwi cacahe ana papat
yaiku Juru Boga, juru iki tugase manggedheni utawa ngetuwani kethek kang
kewajibane nggolek pangan kanggo para kethek.
Banjur ana Juru Baya kang nduweni tugas njaga
keslametan para kethek upamane manungsa kena dipadhakake karo pnggedhe pulisi
lan prajurit. Nalika ana kethek sing kerah pada kethek, juru baya sing misah
lan mutusi prakarane, yen ana mungsuh teka Juru Baya ln prajurite sing
nanggulangi.
Banjur Juru Usada pegawene njaga kuwarsaning para
kethek sing lara, supaya ora kerep olehe kena lelara.
Banjur Juru Susila kang pegaweane manggedheni para
kethek sing diwajibake mulang muruk ing bab kapinteran lan kasusilaan.
Sakabehing kethek kang umure wis genep nem sasi kudu wiwit sinau bab kasusilaan
utawa tata karma. Kejaba bab kasusilaan, juru susila kuwi uga ngurus
sawarnaning wulangan bab kapinteran, kalantipan bab etung, lumpatan penekan,
milih wowohan lan gegodhongan kang kena dipangan lan sapanunggalane.
Kacariyos Juru Susila kang lagi mlaku-mlaku ngoleki
ilham metu saka tepis iringan wanarapraja banjur dheweke kepethuk macan gembong
kang lagi nggoleki pangan, Juru Susila banjur digondhol digawa mulih. Bareng
wis sawetara suwe Juru Susila ora katon mulih, Mahadanta ngutus badan
penyelidik kanggo nitipirsa ilange Juru Susila, ora let suwe badan
penyelidik mulih laporan yen ing weruh
tetesan getih kang wis garing ana uga bodholaning wulu Juru Susila ing tepis
iringan wanarapraja, banjur Mahadanta wara-wara marang sakabehing kethek menawa
juru susila tiwas.
Banjur ana kethek tuwa kang ora pyi mudeng bab
kasusilan, kapinterne uga ora pati pinter,apa meneh penekan uga wis ora
trampil, kepengin bnget dadi juru susila. Bojone kang ngongkon anantaswara
supaya dadi juru susila, banjur anantaswara lan bojone tirakat ana ing wit
waringin kang sepi.
Bareng wis rampung olehe tirakat, anantaswara karo
bojone wiwit sesorah supaya dirungokake, anggone sesorah uga wayah sore, wayahe
para kethek padha nglumpuk arep padha turu. Para kethek banjur padha
kebrebegen, Mahadanta kang manghone ing puncit wit waringin uga nganti ora bisa
turu.
Amarga padha kebrengengen para kethek banjur nekani
Mahadanta njaluk supaya Anantaswara didangkat dadi juru susila, banjur
diangkata Anantaswara dadi juru susila, sakwise diangkat dadi juru susila
Anantaswara anggone merentah amung nggedheake jabatne, ana sebutan kanggo
bojone juru dadi Paduka Nyonyah Ingkang Maha Minulya, banjur ana ing
pamerentahane juru susila panggedhe kang biasane ngurusi langsung, yen menawa
Anantaswara ora gelem mudun alessane amarga dheweke wis tuwa. Banjur ana gawe
perobahan ngedekake pawiyatan luhur barang. Bagene werna-werna ana bagean
kawruh usad, bagean kawruh tanem tuwuh, bagean ulah raga lan sapanunggalane.
b.
Keunggulan
buku
Buku iki
nduweni kaunggulan yaiku buku siji nduweni limang werna judul novel, limang
judul iku yaiku Serat Riyanta, Jago Kluruk, Jaman Kawuri, Ratu Mahadanta kang
diserat resensi lan Rembulan Ndadari. Ana ing cariyos Ratu Mahadanta iki
ngangkat cariyos kanthi tema social politik kang ana ing panguripane para
kethek, cariyos iki trep kanggo nyindir pamerentahan kang saiki jabatane lagi
kanggo rebutan dening wong-wong politik.
c.
Kelemahan
buku
Buku iki
nggunaake kertas buram dadi menawa diwaca ora pati jelas.
d.
Manfaat
Buku
Manfaat
saka buku iki salah sijine yaiku kanggo pangibur kang maca, uga akeh pesen moral
kang ana ing cariyos. Buku iki uga nduweni limang judul novel kang dijilid dadi
sebuku.
e.
Unsur intrinsik novel
·
Tema
Panguripan sosial politik bangsa kethek.
·
Tokoh lan Penokohan
Mahadanta :
yaiku tokoh kang perane dadi retuning para kethek, nduweni sipat wicaksana, peduli karo rakyate.
Juru Boga :
yaiku tokoh kang perane dadi panggedhene kethek kang
nggoleki pakan, nduweni sipat memelas karo kethek
cilik.
Juru Baya :
yaiku tokoh kang perane dadi panggedhene kethek prajurit, nduweni sipat, kewanen, gelem ngorbnake awake kanggo ngmanake wilayah.
Juru Usada :
yaiku tokoh kang perane njaga kuwarasaning para kethek.
Juru Susila :
yaiku tokoh kang perane manggedheni para kethek kang
diwajibake mulang muruk ing bab kasusilaan lan
kapinteran, nduweni sipat pasrahan.
Anantaswara : yaiku kethek kang ora pati pinter
nanging rumangsa wis pinter banjur pengin dadi juru
susila.
Tamomaji :
yaiku bojone Anantaswara, gelem tirakat kanggo bojone.
·
Seting
Latar seting
cerita iki wit waringin ing tengah alas Bahureksa.
·
Alur
Cariyos iki nduweni alur maju.
·
Amanat
Ana ing pungkasan cariyos ana amanat kang munine
mangkene tetembungan sing unine dhuwur
kukuse lan dawa pocapane disalin dadi dhuwur
kethune, dawa jubahe
Posting Komentar untuk "RESENSI NOVEL RATU MAHADANTA"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.