SOAL KELAS XII BAHASA JAWA SEMESTER 1
SOAL
UJIAN AKHIR SEMESTER 1 BAHASA JAWA
Penulis : Evi Wijayanti, S.Pd
Waosan
menika kagem nomor 1-3
AJA
KEBLINGER KULIT
Dening : Mufidatun Nasriyah
Siyang
menika srengenge umpak-umpakan. Agung ingkang kalawau jumeneng wonten ing pinggir
trotoar rasanipun sampun kados dipunoven amargi nengga angkutan. Kamangka niat
Agung badhe tes wawancara ing perusahaan Hyena. Sampun mesthi Agung bakal
telat. Sampun dangu nembe wonten angkutan liwat, lajeng Agung mlebet lan
lenggah. Supiripun kok sangar tenan,
saliranipun gagah keker, kulitipun ireng, grananipun njeber lan jambangen.
“Mas
ganteng mau turun di mana,” Supir angkot kalawau ngendika.
“Awak Security nanging Ati Hello
Kitty!” Lagonne kok mboten sumbut karo awakke.
Lajeng
wonten bocah SMA kalih badhe numpak angkot. Eseme katon manis kaya Bidadari. Lajeng
bocah wadon kalih wau sami curhat,
“Eh!
Ndes, reti ra. Mosok pacarku selingkuh, kurang ajar tenan,” Bocah SMA ingkang
putih wau curhat.
Wahdalahh
panci leres menawi duren menika ampun dipunsawang saking kulitipu, aja
keblinger kulit.
1.
Badhe menapa Agung numpak angkutan?
a. Tes wawancara wonten ing sekolah
b. Badhe tindak wonten Alun-alun
c. Tes Wawancara nglamar pagawean
d. badhe rawuh wonten rapat
e. Tes CPNS
2.
Menapa ingkang saged kapundhut saking
cerkak wonten nginggil menika
a.
Mboten angsal nilai tiyang saking
pawakan lan posturipun.
b.
Mboten angsal nilai tiyang saking
pawakanipun, nanging saking jabatanipun.
c.
Menawi numpak angkot mesthine kedah
dateng luwih gasik
d.
Ampun
numpak angkot amargi kathah copet
e.
Menawi badhe numpak angkot kedah mbekta
dompet
3.
Nalika badhe minggah wonten Angkot,
Agung kaget amarga . .
a.
Sopiripun kados Anjasmara
b.
Angkot ingkang dipuntumpangi Agung
sampun kebak
c.
Sopiripun kagungan awak ingkang gagah
nanging caranipun ngendika kemayu
d.
Sopiripun duka amarga Agung mboten
minggah-minggah
e.
Agung supe mboten mbekta dompet.
4.
Watak Tanggel Jawab, saget dipuntingali
saking andharan. .
a.
Ani bocahipun kesed saben diutus ibune
piyambakipun boten purun nindakake, Ani wonten sekolah mboten nate mirengake
Guru.
b.
Saben ana lomba futsal Dedi mesthi
wantun, senadyan ngelawan senior Dedi tetep maju.
c.
Narto sakniki sibuk amargi wonten
tambahan les ing sekolahan, nanging Narto boten ninggal kagiyatan sanesipun,
piyambakipun tetep nindhakake kewajibane wonten ing Karang Taruna.
d.
Pak Bakri tiyangipun dermawan saben
wonten kegiyatan, piyambakipun mesthi mbiyantu, mboh niku arupa barang utawi
arta.
e.
Tiyang sepuhipun Ali sugih, menapa mawon
saget ditumbas, amargi menika Ali remen pamer barang-barang mewah marang
kanca-kancanipun.
5.
Tigang dinten kepungkur bapakipun Reni
kecelakaan, sakmenika Reni medhal saking sekolah amargi mboten kagungan biaya
kangge nglunasi SPP.
Saking
andharanipun ing nginggil menika, swasananipun inggih menika. . .
a.
Sedhih d. gethun
b.
Bungah e.
nesu
c.
Sabar
Pupuh
Pangkur menika kagem no. 6-7
Jinejer
neng Wedatama |
(dipunandharaken
wonten ing serat Wedhatama) |
Mrih
tan kemba kembanganing pambudi |
(supados
mboten kirang pengetahuan) |
Mangka
nadyan tuwa pikun |
(menawi
ingkang sepuh pikun) |
Yen
tan mikani rasa, |
(menawi
mboten mangertosi raos) |
Yekti
sepi asepa lir sepah, samun |
(kadosta
ampas, mboten guna), |
Semangsane
pasamuan |
(wonten
ing pepanggihan) |
Gonyak-ganyuk
nglilingsemi. |
(kathah
tumindhak kang ngisin-ngsini) |
6.
Saking tembang pangkur ing nginggil
menika pitutur ingkang saget kapundhut, inggih menika. . .
a.
Manungsa kedah dados tiyang becik,
supados saged tebih saking angkara murka lan agami dados cepengan tiyang
gesang.
b.
Manungsa kedah kagungan budhi ingkang
kiat, menawi boten kiat manungsa namung dados sepah tebu ingkang mboten guna
menapa-menapa.
c.
Menawi ngendika kedah dipunrenungake,
supados mboten dianggep bodho.
d.
Ampun dados tiyang ingkang adiguna,
adigang, lan adigung.
e.
Manungsa kedah merguru dhateng tiyang
bijak,mboten mesthi kaliyan tiyang sepuh, ugi saged marang kanca utawi bocah.
7.
Tembang wonten nginggil menika
katujukaken kangge …
a.
bocah cilik d. bapak-bapak
b.
tiyang enem e. sedaya masyarakat
c.
tiyang diwasa
8.
Bu ina tindak Semarang nitih Kreta
Menawi
di punserat ngangge
aksara Jawa, inggih menika. .
a.
ꦑꦸꦀꦶꦁꦆꦶꦁꦟꦄꦛꦷꦏꦃꦼꦁꦶꦆꦶꦾꦄꦷꦃꦷꦆ꧌
b.
ꦑꦸꦀꦶꦁꦆꦶꦁꦙꦄꦌꦷꦏꦃꦼꦁꦶꦆꦶꦾꦄ꧄ꦆ꧌
c.
ꦑꦸꦀꦶꦁꦆꦶꦁꦟꦄꦛꦷꦏꦃꦼꦁꦶꦟꦾꦄ꧄ꦆ꧌
d.
ꦑꦸꦀꦶꦁꦒꦶꦁꦙꦄꦛꦷꦏꦃꦼꦁꦶꦆꦶꦾꦄ꧄ꦆ꧌
e.
ꦑꦸꦀꦶꦁꦆꦶꦁꦙꦄꦛꦷꦏꦃꦼꦁꦶꦆꦶꦾꦄ꧄ꦆ꧌
9.
Maling motor dipuncepeng kaliyan Kyai
Rangga. Tembung ingkang kagaris menika menawi dipunserat ngangge aksaea jawa
dados. .
a.
ꦄꦶꦍꦀꦶ d.
ꦄ꧀ꦶ
b.
ꦄ꧀ꦀꦶ e. ꦄꦶꦍꦍꦶ
c.
ꦄꦍꦍꦶ
10. Yanto
diparingi kwaci
Budhe
Ukara
menika menawi dipunserat ngangge aksara Jawa daos. .
a.
ꦍꦺꦁꦚꦻꦅꦶꦊꦃꦶꦼꦓꦶꦄꦜꦂꦶꦑꦸꦺꦋ꧌
b.
ꦍꦺꦁꦚꦻꦋꦶꦊꦃꦶꦼꦀꦶꦄꦸꦈꦂꦶꦑꦸꦺꦅ꧌
c.
ꦍꦺꦁꦚꦻꦏꦃꦶꦼꦓꦶꦼꦄꦜꦂꦶꦑꦸꦺꦋ꧌
d.
ꦍꦺꦁꦚꦻꦏꦃꦶꦼꦓꦶꦼꦑꦸꦺꦅꦄꦜꦂꦶ꧌
e.
ꦍꦺꦁꦚꦻꦅꦶꦊꦃꦶꦶꦼꦓꦶꦄꦸꦈꦂꦶꦑꦸꦺꦋ꧌
11. ꦇꦺꦃꦍꦁꦘꦶꦅꦸꦉꦘꦉꦶ꧂ꦄꦏꦆꦿ꧋
Aksara
Jawi wonten nginggil menika menawi dipuserat ngangge aksara latin. . .
a.
Sarehan kidhul kali kramat
b.
Sareyan
kidul kali kramat
c.
Sarenan kidul kana kramat
d.
Sareyan kidul kana kramat
e.
Sarean kidhul kala kramat
Waosan menika kangge nomor 12-14
![]() |
12. Waosan
ing ngandhap menika ingkang mboten trep kaliyan waosan ing nginggil, inggih
menika …
a.
Griya joglo menika dumados saking 2
perangan inggih menika pendhapa lan dalem.
b.
Ingkang prasaja dados lambang priyayi
utawi bangsawan Jawi.
c.
Griya joglo dumados saking 3 perangan
inggih menika senthong kiwa, tengen, kaliyan tengah.
d.
Perangan salah setunggaling saking dalem
ageng inggih menika Senthong Kiwa dipunginakaken
kangge nyimpen bakal-bakal kebutuhan baku kaluwarga
e.
Griya Joglo wonten perangan inggih
menika Pendhapa ingkang dipunapit bangunan sanes ingkang radi alit lan
posisinipun radi wonten ngajeng.
![]() |
13.
Gambar
wonten nginggil menika, dipunwastani. .
a.
Limasan Semar Tinandhu d.
Limasan Trajumas
b.
Limasan Lambang Gantung e. Joglo
c.
Pendhapa
14. Papan
panggenan kang fungsinipun kangge ibadah, inggih menika. . .
a.
Pendhapa d.
Senthong tengah
b.
Senthong kiwa e. Joglo Semar Tinandhu
c.
Senthong tengen
15. Griya
kasepuhan inggih menika griya adat saking Jawa Barat kang mboten gampil
ditingali ing masarakat menawi wontenipun ing desa-desa. Material kang
diginakaken kangge damel griya adat niki taksih alami, kayata kayu, pring,
watu, ijuk lan ugi gegodhongan. Saking deskripsi menika ingkang nunjukaken
gambar griya kasepuhan, inggih menika. .
a.
|
b.
|
c.
|
d.
|
|
e.
|
16. Swantenipun
sepedha motor Pak Pos mandheg wonten ing ngajeng griya, ngagetake kula nembe
ngalamun, wayahipun nembe tabuh setengah sepuluh awan. Dinten niki babarpisan
mboten nyana amagi kula pikantuk kabar saking David Sutarmin KT wonten ing
Suriname. menawi dipunrunut sarasilahipun, David Sutarmin KT menika taksih
sedulurnunggal mbah buyut kaliyan kula nanging ngertosipun ya nembe sakniki
amargi piyambakipun gesang wonten negara Suriname ingkang tebih sanget ngendikanipun
wonten poncotipun donya niki. Layang lajeng kula bikak kathah pengajeng-ajeng,
kabar menapa malih ingkang dipunwartakaken sedulur nunggal mbah buyut ingkang nembe
kula ngertosi pasuryanipun saking gambar poto ingkang nate dikirimake.
Irah-irahan
ingkang saged diginakaken wonten cariyos ing nginggil, inggih menika. .
a.
Sedulur tunggal David Sutarmin d. Kabar saka David
b.
Layang saka Suriname e.
Pangajeng-ajeng saka Suriname
c.
Pak Pos ngirim layang
17. Bapak
menawi tindak kantor …. Sepedha, dene kula menawi … sekolah cekap mlampah
kemawon. Tembung ingkang trep kangge jangkepi ukara ing nginggil, inggih
menika….
a.
Numpak-mangkat d. nitih-bidhal
b.
Nitih-tindak e. numpak-bidhal
c.
Nggenjot-lunga
18. Keremenan
wonten babagan kesenian
wayang kulit kedah dipunsengkuyung. Menika mboten wucul
saking proses regenerasi dalang. Generasi panerus kesenian niki umumipun
dipunwiwiti saking karemenan utawi hobi marang wayang kulit. Perkawisipun,
wonten ing era modern sakniki mboten kathah bocah enem ingkang purun
nglestantunaken kebudayaan asli Indonesia niki. Hernowo Sudjendro Kabid
Kebudayaan, Dinas Pendidikan lan Kebudayaan ing Kabupaten Semarang,
ngendika, "mangkat saka kondisi iki, penting diakehake kegiatan
kanggo nyurung kedemenan marang kesenian wayangkulit".
Wonten pawarta nginggil menika perangan (struktur pembangun) pawarta ingkang
mboten wonten, inggih menika…
a.
Kapan d.
kados pundi
b.
Wonten pundi e. sinten
c.
Kenging menapa
19. Perangan
(struktur pembangun) “Kados pundi” wonten pawarta ing ngandhap, inggih menika
….
a.
Icalipu kabudayan ingkang kedadosan
wekdal sakniki ndadosake degradasi moralitas masyarakat Indonesia, babagan
menika damel sakpanggenan tokoh budaya Jawa prihatin. dadosipun kedah
dipunwontenaken salah setunggaling inovasi supados budaya wonten ing Indonesia
mliginipun budaya Jawa saged dados jati dhiri bangsa.
b.
Amargi menika, tokoh-tokoh budaya Jawa
ngawontenaken sarasehan lan diskusi babagan budaya Jawa wonten ing Padepokan
Agung Sanghyang jati, wonten ing panggunungan Selok, CIlacap, Jawa tengah,
Senen (11/3/2015).
c.
Miturut Hernowo, wonten 19 dalang enem ingkang makili 19
kecamatan ingkang wonten ing daerah, ndherek dados peserta wonten Festival
menika. Senajan taksih enem, para pamawa menika wajib nampilake lakon-lakon
'abot' ingkang biyasa ditampilake para dalang senior utawa profesional.
"Babagan iki kanggo mbiyasakne lan ngupayake kanggo nglestarekne seni
budaya lan regenerasi dalang," turen Hernowo.
d.
Kados dening Festival Dalang Cilik ing
pengetan HUT Kemerdekaan RI kaping 70 ingkang digelar neng Pendopo Kabupaten
Semarang, neng Ungaran, tlatah Provinsi Jawa tengah, anyak Rebu (12/8/2015)
iki.
e.
Jiwa keprawiran wonten ing Negara
tegesipun kagungan tresna marang Negara. Wujudipun menawi tanah aire kajajah
dening mungsuh ingkang badhe ngrebut nagara saking panguwasanipun
pangarsanipun.
20. Saksampunipun bangunan menika ambruk, kathah
tiyang ngkang maringi sumbangan.
Saking
ukara menika kasebut….
a.
Swasana d.
tema
b.
Alur e.
papan
c.
Wektu
21. Bapak
dhirektur weruh layang banjur dijupuk
Ukara
wonten nginggil menawi dipundamel basa krama dados….
a.
Bapak Dhirektur sumerep serat lajeng
dipunpundhut
b.
Bapak Dhirektur sumerep layang banjur
dijupuk
c.
Bapak Dhirektur sumerep serat lajeng
dipundhut
d.
Bapak Dhirektur mangertos layang lajeng
dipendhet
e.
Bapak Dhirektur mangertos layang lajeng
dipundhut
22. Ibu
lagi …. karo Bapak babagan sekolahku.
Tembung
ingkang trep kangge ngganepi ukara ing nginggil, inggih menika….
a.
Guneman d.
omongan
b.
Ngendika e. caturan
c.
Micara
23. Pak Darmo :
“Ana apa, Dod?”
Dodi :
“Anu, Pak, kula badhe matur.”
Pak
Darmo : “Arep matur apa,
kok sajak wigati?”
Dodi : “Badhe matur
menawi ingkang mendhet artanipun Bapak, sejatosipun kula. Menawi Bapak badhe
ndukani, kula boten badhe mbantah. Menawi badhe dipunukum, kula inggih purun
nampi. Kula salah lan dosa kaliyan Bapak.”
Pak
Darmo : “Dhuh ngger cah
bagus, iki sing Bapak enteni. Sejatine Bapak wis pirsa yen sing njipuk dhuwit
5000 ing meja iku kowe. Aku dadi bungah krungu pengakuanmu. Paribasan luwih
becik kelangan dhuwit sayuta tinimbang kelangan watak satriya lan watak
jujurmu, Dodi.”
Dodi
: “Inggih Pak.”
Pitutur
menapa ingkang saged kapundhut wonten ing wacana nginggil menika?
a.
Menawi kelentu kedah purun ngakeni
kelentunanipun.
b.
Dados bacah ingkang wantun kaliyan wong
tuwa.
c.
Dados bocah kedah purun ngrumat tiyang
sepuh.
d.
Dados bocah kedah sregep sinau
e.
Mboten angsal mundhut artanipun tiyang
sepuh.
24. Pak
Darmo kagungan watak …
a.
Jujur d.
adil
b.
Bungah e.
ksatriya
c.
Bijaksana
Cerkak
menika kangge nomor 25-27
KATHOK
KODHOK
Dening : Tangkisan Letug
Keponakan kula ingkang alit piyambak
nembe nangis. Tangisipun mboten kados biyasanipun. Damel jengkel ibunipun
ingkang nembe nyiapaken kangge mulang. Garwanipun dereng kondur saking nyambut damel. Dene putra sanesipun sampun sami
mlebet wonten ing kamar piyambak-piyambak, badhe sinaos nyiapaken ujian.
“Kang
Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-dineng supados mboten ganggu.” Adhiku
wadon.”Ya, dakneng-nenge.” Kula lajeng mlampah nyedhaki ponakan kula ingkang
yuswanipun dereng wonten gangsal taun.
“Udah
ya … Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus.” Kula ngendika
ngangge Bahasa Indonesia.
25. Saking
pethikan cerkak Kathok Kodhok, paraga kula inggih menika….
a.
Tiyang wadon d. Bocah SMP
b.
Bocah alit e.
Priya
c.
Balita
26. Paraga
kula wonten cerkak kagungan watak ….
a.
Sregep d.
jujur
b.
Mboten gemati marang bocah e. manja
c.
Remen mbiyantu
27. “Kang
Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-dineng supados mboten ganggu.”adhiku
wadon.”
Pacelathon
menika nyariyosaken menawi adhinipun paraga aku nembe…
a.
Nguleg d.
budreg
b.
Eneg e.
C lan D leres
c.
Mumet
28. ꦄꦸꦒꦺꦮꦝꦻꦃꦉꦐꦶꦇꦷꦊꦶ꧌
Ukara
latinipun inggih menika ….
a.
Kuta Solo mosak-masik d. Kuta Blora lagi sepi
b.
Kuta Blora lagi sepi e. Kutha Blora lagi sepi
c.
Kutha Blora sepi
29. “Pak
RT, aku arep takon dhisik marang kowe.”
Ukara
ingkang leres miturut krama alus, inggih menika…
a.
“Pak RT, kula badhe tanglet rumiyin
dhateng sampeyan.”
b.
“Pak RT, kula badhe ndangu rumiyin
dhateng sampeyan.”
c.
“Pak RT, kula badhe mundhut pirsa
rumiyin dhateng panjenengan.”
d.
“Pak RT, kula badhe ngaturi pirsa
rumiyin dhateng panjenengan.”
e.
“Pak RT, kula badhe nyuwun pirsa rumiyin
dhateng panjenengan.”
30. Griya
joglo saking jawa tengah, griya adat
Jawa tengah menika, kawentar sanget ing kalangan masarakat. Ukara ingkang leres
miturut EYD inggih menika...
a.
Griya joglo saking jawa Tengah, Griya
adat Jawa tengah menika, kawentar sanget ing kalangan masarakat.
b.
griya Joglo saking Jawa Tengah, griya
adat jawa tengah menika, kawentar sanget ing Masarakat.
c.
Griya Joglo saking Jawa Tengah, griya
adat Jawa Tengah menika, kawentar sanget ing kalangan masarakat.
d.
Griya Joglo saking Jawa tengah, griya
adat jawa tengah menika, kawentar sanget ing kalangan Masarakat.
e.
griya Joglo saking Jawa Tengah, griya
adat jawa tengah menika, kawentar sanget ing kalangan masarakat.
31. (1)
Pak Widodo mundhut pirsa marang putrane. (2) Aning mundhut pirsa kapan anggone
arep rekreasi marang Bu Guru. (3) Pak Carik mundhut pirsa marang Pak Lurah sapa
wae sing oleh BLT. (4) Mbah Kakung mundhut pirsa marang aku jam pira anggonku
arep bal-balan.
Ukara
menika ingkang unggah-ungguh basanipun trep, inggih menika …
a.
(1), (3) d.
(1), (4)
b.
(2), (3) e.
(1), (2)
c.
(2), (4)
32. Festival Bonraja 2007 lan Bengawan Solo
Festival (BSF) 2007 bakal digelar sambung-sinambung. Festival Bonraja 2007 kang
mapan ing Taman Sriwedari dipunwontenaken wiwit Senen 10 Desember ngantos Kemis
13 Desember.
Dene
miturut seniman Suprapto Suryadarmo, Bengawan Solo Festival 2007 minangka sarana
nglestantunaken itangible heritage culture, ingkang ugi bakal mapan wonten ing
Taman Sriwedari, badhe digelar wiwit Jemuah 14 Desember ngantos Minggu 16
Desember.
Miturut
pawarta wonten nginggil menika irah-irahan ingkang trep, inggih menika….
a.
Festival Bonraja d.
Festival Bengawan Solo 2008
b.
Festival Bonraja disambung BSF e.
Festival Taman Sriwedari
c.
Festival Seniman ing Sriwedari
33. Wosing
ukara wonten pawarta nganggap, inggih menika ….
a.
Bengawan Solo Festival 2007 supados
nglestantunaken itangible heritage culture
b.
Bengawan Solo Festival 2007 badhe
digelar 14 Desember -16 Desember
c.
Festival Bonraja 2007 lan BSF 2007 badhe
digelar sambung sinambung awit 10-16 Desember ing Taman Sriwedari.
d.
Festival Bonraja 2007 bakal digelar
wonten Taman Sriwedari
e.
Bengawan Solo Festival inggih menika
Festival ingkang ditengga dening masarakat
34. Bathik
Banjarnegara ingkang saking kawentar ndhrek Bathik Banyumas, sakniki saged
ditepang masarakat Indonesia lan ugi masarakat donya kanthi medhalipun bathik
corak gumelem. Panic taksih kraos corak Banyumas, bentenipun namung
kathah-kathaipun bathik gumelem menika bathik tulis asli. Mboten kathah bathik
cetak amargi dipungarap dening masarakat ingkang kalebet taksih mudha, bathik
dados sumber panguripan masarakat Gumelem, Kecamatan Susukan, Banjarnegara.
Perkawis
ingkang dirembag wonten ing pethilan pawarta kasebut, inggih menika ….
a.
Bathik Banjarnegara saingan kaliyan pun
Bathik Banyumas
b.
Kawentaripun bathik Banjarnegara ing
masarakat Indonesia lan donya kanthi medhalipun bathik corak gumelem
c.
Bathik corak gumelem
d.
Yuswanipun bathik Banjarnegara
e.
Masarakat Gumelem, Kecamatan Susukan,
Banjarnegara
35. Narto lan Nardi putranipun Pak Sastro mantan
kades menika wiwit alit bocah kalih menika tansah wonten mawon ingkang damel
ribut lajeng eyel-eyelan utawi ting bengkereng. Menapa mawon mboten wonten
kecocokan setunggal kaliyan setunggalipun
Wosing
paragraph cariyos cerkak ing nginggil inggih menika ….
a.
Narto lan Nardi Putranipun Pak Sastro
mantan kades
b.
Pak Sastro ngadhepi polahipun
Putra-putranipun
c.
Putra-putranipun Pak Sastro wiwit alit
mboten nate rukun
d.
Narto lan Nardi tansah manut dhawuhipun
tiyang sepuhipun
e.
Pak Sastro gadhahi kawibawan ingkang
ageng ing masarakat
36. “To
lan kowe Di, sedulur mono becike sing padha rukun. Awit senajan tega larane
ning ora bakal tega patine. Semono uga kosok balen, tega patine ning ora tega
larane.
Wosing
ukara ing nginggil menika, inggih menika…
a.
Remen damel lara atinipun
b.
Tanpa tedheng aling-aling tumindhak
daksiya
c.
Tega nglarani, nanging mboten tega
menawi ngantos blai
d.
Remen tumindhak becik marang tiyang
sanesipun
e.
Teges manungsa gesang ing donya ampun
ngantos umuk utawi remen mamerake kaluwihanipun.
37. Kepala Bidang Pemasaran Dinas Kebudayan lan Pariwisata
Kabupaten Sleman, Yogyakarta, Shavitri Nurmala Dewi, Jemuah (19/8) kagungan
gagasan sae kangge narik kawigatosanipun wisatawan. Wisatawan ingkang rawuh
dhateng desa-desa wisata, kayata Brayut, Tanjung, Sidoakur, Petingsari lan
Kelor bakal dipunsuguhi kegiyatan. Salah setunggaling inggih menika olah
tetanen lan ngingu raja kaya. Malah wisatawan ingkang purun bakal dipunajak
nyemplung sawah, lan mluku bareng petani, amrih saged ngraosaken sesrawungan
klawan alam.
Miturut
pawarta nginggil menika, ancasipun dipunwontenaken wisata alam ing pedesaan
inggih menika kejaba….
a.
Kangge narik kawigatosan wisatawan
b.
Supados para wisatawan purun nyemplung
sawah lan mluku bareng petani
c.
Amrih Para wisatawan saged ngraosake
sesrawungan klawan alam
d.
Amrih Para wisatawan saged ngraosaken
kegiyatan potensi alam
e.
Amrih
Para wisatawan saged mangertosi potensi tetanen lan ngingu raja kaya
38. “Kenging
menapa ilmuwan Barat remen neliti wayang ing tanah Jawa? Miturut Franz Magnis
Suseno jroning Etika Jawa (1985), saben wayang sedayanipun dipuntampi minangka
gegambaraning gesangipun manungsa Jawi. Kawit alit, tiyang Jawi gadhah
saperangan identifikasi moral marang tokoh pewayangan. Piyambakipun bebas milih
salah setunggaling gegambaran ingkang dipunanggep nocogi lan ugi saged dipuntampi
masarakat. Nanging mboten ateges sedaya gambaran wayang menika pantes dipungumuni.
Maneka rupa lakon ingkang kathah sekedhap piwulang kasusilan, mula figur ingkang
ala mawon ugi pikantuk papan ing panggung cariyos.”
ingkang
dipunrembag wonten ing paragraf kasebut inggih menika … .
a.
Alesanipun keing menapa ilmuwan Barat
remen neliti wayang ing tanah Jawa.
b.
Andharanipun Franz Magnis Suseno jroning
Etika Jawa (1985)
c.
Piwulang wayang sedayanipun dipuntampi
minangka gegambaraning gesangipun manungsa Jawa
d.
Tiyang Jawa gadhah saperangan
identifikasi moral marang tokoh pewayangan
e.
Maneka rupa lakon ingkang kathah
sawetara piwulang kasusilan
39. 1.
Bocah 6. Dados
2.
Supados 7. Sinau
3.
Ingkang 8. Migunani
4.
Saged 9.
Masarakat
5.
Rajin 10.
Kangge
Dados
bocah ingkang rajin sinau supados saged migunani kangge masarakat
Tembung-tembung
menika menawi dipundamel ukara urutanipun, inggih menika ….
a.
10 – 4 – 6 -3 – 5 – 2 -1 – 7 -8 – 9
b.
6 – 1 -3 – 5 – 7 – 2 – 4 -8 – 10 – 9
c.
1 – 3 – 6 – 8 – 10 – 7 – 2 – 5 – 9 – 4
d.
4 – 2 – 6 – 8 – 10 – 1 – 5 – 7 – 9 - 3
e.
7 – 4 – 3 – 10 – 2 – 5 – 1 – 9 – 6 – 8
40. Reni : “Nuwun Sewu Pak, kula badhe takon?”
Pak
Joko : “Oh, ana perlu apa Dhik?”
Reni :
“Kula dikongkon Guru kula neliti
Tradisi wonten Desa piyambak-piyambak.
Pak
Joko : “Oh, inggih. Dhusun mriki
wonten tradisi Nyadran, Dhik.
Tembung
ingkang dipuncetak kandhel dipunleresaken dados tembung ingkang trep miturut
unggah-ungguh.....
a.
Takon :
Nyuwun Pirsa
Dikongkon :dikengken
b.
Takon :
mundhut pirsa
Dikongkon : diutus
c.
Takon :
taken
Dikongkon :dipunkengken
d.
Takon :
pirsa
Dikongkon : dipunutus
e.
Takon :
nyuwun pirsa
Dikongkon : dipunutus
Gladhen
II
1.
1) Tika boten purun amargi dheweke
kirang sehat
2) Bapak ngutus Tika
tumbas gendhis wonten warung
3) Tika lan Adhine pancen sadulur ingkang rukun
4) Adhine Tika tanggap lan numbasake gendhis
pesenanipun Bapak
Ukara-ukara kasebut yen
dipundamel paragraf inggih menika ….
2. Krupuke padha remuk.
Menawi dipunserat
ngangge aksara Jawa, inggih menika …
3.
Saksampunipun
lulus SMP, Sarno mboten saged nerusake sekolah amargi tiyang sepuhipun mboten
kagungan ragad. Sanajan nasibipun kados mangkono Sarno mboten nglokro, tansah
ikhtiyar kanthi sregep maos buku, majalah, lan liya-liyane supados krawuhe saya
mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan gesangipun. Bareng saya ageng
pikiranipun saya maju mboten kalah kaliyan kanca-kancanipun ingkang sami taksih
tetep sekolah. Sanajan sampun mboten sekolah anggonipun kekancan kaliyan
kancanipun tetep sumambung sae.
Wosing paragraph wonten
nginggil inggih menika ….
4.
Bu
… sampun kula … datheng simbah.
Tembung ingkang kangge ngganepi ukara
inggih menika …
5.
Kikisane mung sapala, Palayune ngendelken yayah wibi, Bangkit tur bangsaning luhur, Lha iya ingkang rama, Balik sira sarawungan bae durung Mring atining tata krama, Nggon anggon agama suci. |
Tujuan
gesangipun rendah, sagedipun
ngandelaken tiyang sepuh, ingkang
kagungan jabatan sarta bangsawan menika
ramamu ! panjenengan tepang dereng mesthi, hakikatipun tata krama wonten
ajaran ingkang suci |
Wosipun
tembang Pangkur ing nginggil inggih menika…..
Gladhen III
1.
Cobi damel pawarta dados wartawan utawi
reporter wonten tv ngangge kerangka wonten ing andhap kanthi ejaan, struktur,
lan ragam basa Jawa ingkang trep!
No. |
Acara |
1. |
14
Oktober warga Yogyakarta nindhakaken tapa bisu lampah mubeng Benteng Keraton
Ngayogyakarta. |
2. |
Dipunwiwiti
tabuh 21.00 WIB dumugi 00.00 WIB, ngubengi Bangsal Pancaniti, Keben Keraton
Yogyakarta. |
3. |
Warga
pinarak sila sinambi maos donga. |
4. |
Mboten
pikantuk dhahar, ngunjuk, ngrokok. |
5. |
Kajengipun
kangge intropeksi diri supados Warga Yogya langkkung becik lan ayem tentrem. |
|
|
2.
Cobi damel tembang pupuh pangkur
ginakaken kaidah wonten ing ngandhap menika!
Keterangan
: Guru Wilangan lan Guru lagu : 8a, 11 i, 8 u, 7 a, 12 u, 8 a, 8i, Guru Gatra :
7
3.
Cobi damel aksara latin menika dados
aksara Jawa !
Dinten
prei kalawingi kula ndherek ibu tindak menyang pasar Klewer. Wonten ing pasar
Klewer kula dipundhutake klambi. Amargi tetukon ing pasar, nalika sasampunipun ibu
mbayar klambiku mboten diparangi kwitansi dening bakulipun. Wonten pasar kula
ugi mengertosi priyayi ingkang nembe usung-usung barang.
4.
X :
……?
Y : “oh, arep menyang Pendhapa
Kabupaten.”
X : ……?
Y : “Alah, iku lho Dhik, arep diparingi
penyuluhan saka Dinas Kebudayaan.”
X : .…?
Y : “ngendikanipun Pak Lurah dhek wingi
kae jare arep diparingi penyuluhan bab wayang sing wis dilalike karo
masarakat.”
Ukara
ingkang trep kangge ngganepi pacelathon inggih menika ….
5.
ꦄꦉꦶꦎꦏꦆꦘꦺꦀꦻꦇꦣꦷꦁꦈꦶꦆꦝꦆꦾꦌꦷꦊꦃꦑꦺꦋꦅꦶꦇꦷꦃꦼ
꧂ꦊꦌꦸꦃꦶꦆꦠꦶꦊꦼꦊꦺꦁꦻꦉꦁꦿꦉꦌꦷꦼꦀꦅꦶꦈꦶꦌꦍꦉ꧋ꦄ꧀ꦀꦶꦊꦷ
ꦏꦁꦀꦁꦿꦀꦸꦐꦶꦇꦸꦆꦈꦶꦌꦍꦉꦁꦘꦉꦶꦎꦏꦆꦞꦷꦃꦼꦉꦁꦘꦇꦶꦉꦣ
ꦆꦷꦁꦶꦺ꧂ꦄꦻꦺꦂꦻꦺ꧂ꦄꦻꦺꦂꦻ꧂ꦊꦌꦸꦃꦶꦆꦣꦷꦁꦶꦄ꧌
Cobi
serat aksara Jawa wonten nginggil menika dados
aksara latin!
Posting Komentar untuk "SOAL KELAS XII BAHASA JAWA SEMESTER 1"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.