SIMBAH LALI
SIMBAH
LALI
Dening
: Evi Wijayanti
Thimak-thimik anggone lumaku
Wis ringkih olehe tumindhak
Klemat-klemot anggone ngunyah
Amarga wis ompong untune
Eseme kang nrenyuhake
Marang sapa wae sing nyawang
Simbah, yuswamu wis 90 taun
Nanging, malih kaya umur 8 taun
Njaluk dulang, tuntun, lan diadusi
Eh, Simbah ya lali marang anak lan putune
Sing diiling mung perang lan perang
Simbah. . Simbah. ,
Wis ngrasakake pait lan getire donya iki
Wiwit jaman penjajahan nganti revolusi
Aku putumu mung bisa nindakake pamelingmu, mbah
Yen manungsa kuwi kudu migunani marang sapa wae
Posting Komentar untuk "SIMBAH LALI"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.