Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

Peksi Sajroning Kurungan



Peksi Sajroning Kurungan
Dening : Evi Wijayanti

Cumluit suwarene nyemsemake
Ijo godhong pelem werna wulune
Bakoh sikile anggone ancik-ancik
Wus cumepak kroto panganane
Cuit. .cuit. .
Ngoceh tetembangan angger isuk
Angger wong padha goleki
Goleki kanggo diadu
Peksi sajroning kurungan
Mumpak-mumpak kapengin miber
Miber kaya layangan pedhot
Sing bebas tanpa kurungan


 

Posting Komentar untuk "Peksi Sajroning Kurungan"