RESENSI NOVEL “ING MANILA TRESNAKU KELARA-LARA”
RESENSI
NOVEL
“ING
MANILA TRESNAKU KELARA-LARA”
1. Identitas
novel
a. Judul : ING MANILA TRESNAKU
KELARA-LARA
b. Penulis : Kushartati Brotodihardjo
Panyerat miyos tanggal 20 Mei 1948.
Dipunwiwiti saking nyerat cariyos bocah wonten ing Harian Suara Rakyat Surabaya
(1962), ketika beliau taksih kelas 2 SMP 1 kedhiri. Dipunlajengaken nyerat
opini wonten ing koran Minggu Pagi (Jogja). Wiwit taun 1968, ketika taksih
mahasiswa, nyerat cerkak wonten ing Penyebar Semangat kanthi irah-irahan
Inagurasi. Salajengipun nyerat fiksi arupi cerkak wonten ing Majalah Selecta
Group, ingkang asalipun saking Selecta, Detective dan Romantika, Senang dan
Ideal, dumugi taun 1974. Taun 1975 ibu Kus menika pikantuk juara II Lomba
nyerat cerkak basa Jawa se-Indonesia ingkang dipunadani dening Dewan Kesenian
Surabaya (DKS). Ibu Kus ugi nate nyerat cerkak wonten ing Femina (1979). Taun
1982 beliau nyerat cariyos sambung kanthi irah-irahan Intan, saha dipunmuat
wonten ing Harian Memorandum (Surabaya)
Sasampunipun beliau kagungan putra saha
dadps pegawai negeri sipil (PNS), wiwit taun 1981. Ibu Kus ugi nyerat opini
utawi artikel ilmiah populer ingkang gayut kaliyan kuwajibanipun saben dinten
wonten ing Kanwil Depdikbud Propinsi Jawa Timur wonten ing Surabaya. Ingkang
dipunserat beliau menika ngenani bab-bab ingkang gayut kaliyan donya pendidikan,
anak-anak, bab sosial saha psikologi ingkang nyebar wonten ing Surabaya Post
(lami), Kompas Nasional dan Jawa Timur, Suara Pembaruan, Jawa Pos, Surya,
Surabaya News, saha Surabaya Post (enggal).
Kasunyatanipun catetan bab kawontenan
nyerat fiksi menika boten tetep. Ananging taun 1980 beliau taksih nyerat
cariyos anak wonten ing Jaya Baya kanthi nama samaran Ibune Pandhu.
Sasampunipun pensiun, pepinginan nyerat fiksi menika saged njumbuhaken raos
kangge gladhen ngetik mawi key-board komputer.
Mila wonten kalih novel ingkang dipunmuat ing Harian Surabaya Post:
Kuambil Kembali Milikku (taun 2004) saha Sumur Tanpa Dasar ingkang dipunmuat
awit saking 9 Agustus 2005 dumugi 28 Oktober 2005. Kajawi menika, wonten novel
sanes ingkang badhe dipunandharaken malih
dening LKS Yogya.
Beliau ngandharaken menawi nyerat fiksi
menika langkung remen ngginakaken nama samaran: Kus Brotodiharjo, Ibune Pandu
(di Jaya Baya) saha Fitri Gunawan ingkang minangka nama saking kalih putranipun
menika. Ngendikanipun, kanthi ginakaken nama samaran beliau ngraos langkung
mantep anggenipun nyerat ekspresi jiwa saha imajinasinipun.
Sasampunipun pensiun saking pegawai
negeri 1 Juni 2004, Magister Manajemen Pendidikan alumnus UNESA menika wiwit
tanggal 1 Juli 2005 dipunpercaya dados Redaktur Majalah Basa Jawa Damar Jati
ingkang mapan wonten ing Jakarta.
c. Penerbit : Q Publisher
d. Tahun
terbit : 2011
e. Tebal
buku : 166 hal
f. No
ISBN : 978-602-982-3-3
g. Dimensi
ukuran : 14X21 cm
h. Jenis
kertas :
2. Synopsis
Manila
kutha kang lagi dakpanggoni kanggo nerusake kuliah S2 ku. Ing dina iku aku karo
kancaku Eni lan Dewi lagi ana ing toko buku. Ing kono padha golek buku-buku
sing disenengi dhewe-dhewe. Sawise wis
oleh bukune aku ngadek ing sandhinge Eni kang lagi antri. Ing kono aku disentak
marang kasir dikon antri. Wah aku kewirangan banget, terus langsung ngadek ing
mburine Eni. Banjur ana wong kang ngomong “mbak seka Indonesia ya?”, aku
mangsuli “kok ngerti mas, asli Indonesia juga ya?”. Wong Indonesia ki isa
dititeni, ora disiplin tur srudak-sruduk sambunge wong lanang kuwi. Ing kono
Eni lan Dewi kenalan karo bocah bagus kang jeneng Irawan. Nanging Dini ora
ngatekake.
Tanggal
17 Agustus ana resepsi pitulasan, dene acara hiburane dipasrahake marang
mahasiswa sing nduweni kaprigelan ing bab seni budhaya. Ing acara iku Dini urun
tari Solo Klasik yaiku gambyong, dene Eni lan Dewi urun lagu Keroncong Tanah
Airku. Hiburan kang wis dipentasake wong telu iku mau gawe Kedubes lan sing
nonton nglembana. Bocah telu iku mau padha rangkulan karo nangis amarga bungah
atine. Ing kono Irawan uga nyalami bocah wadon iku mau. Awit iku Irawan nduwe
pangrasa marang Dini. Nduwe pangarep-arep kang luwih marang dheweke. Ananging
Dini wis ana sing ngenteni ing Indonesia kana.
Ana
ing SMA Dini lan Riris mlebu jurusan IPA, dene Tohari jurusan Fisika. Dini
aktif melu OSIS ing sekolahane. Tohari uga, kamangka sing kepilih dadi ketua
OSIS Tohari iku. Saya suwe Dini cerak karo Hari, ibune Hari uga seneng banget
marang Dini. Sawise tamat SMA ibune Hari kepengin mantu, ananging ibune Dini
durung setuju. Kamangka umure isih enom lan durung mapan upama wis omah-omah.
Amarga ing keluargane Dini iku nduwe tradhisi lan komitmen sing utama ing
babagan pendidikan. Pungkasane Dini mlebu Fakultas Psikologi Unair dene Hari
mlebu Fakultas Pertanian ing Universitas Udayana ananging iku ing tahun ngarepe
meneh. Patang tahun anggone Dini lulus banjur dheweke dadi guru ing Unesa.
Dini
lulus TOEFL, banjur oleh beasiswa S2 ing Manila nganti ketemu Irawan kuwi.
Atine njahe wana, poyang-payingan. Dheweke kelingan marang Hari kang lagi
berjuang ana Bukit Jimbaran kok dheweke malah seneng-seneng nang Manila karo
Irawan. Sapa ngira yen bu Siti ibune Irawan iku mbiyen kancanan karo bu Laras
ibune Dini. Irawan ngutarakake rasa tresna marang Dini, ananging Dini ngomong
menawa dheweke wis ana sing ngenteni ing Indonesia kana. Atine Irawan krasa
kelara-lara. Anaging rasa asih Irawan marang Dini ora bakalan ilang.
Dini
lulus dhisik saka S2 banjur dheweke mulih ana ing Sidoarjo. Bareng teka ing
ngomah, ibune kaget. Surat sing wis dikiremake apa durung teka kok Dini mulih
katon biasa-biasa bae. Ibune crita, yen Hari wis omah-omah amarga wingi Hari
digrejek marang bapake supaya ndang rabi sakdurunge bapake iku dipundhut dening
sing maha kuwaos. Atine dini lara banget, dheweke ora bisa ngempet eluh kang
netesi ing pipine iku. Ananging Dini bisa nrima takdir sing wis digarisake
marang Gusti.
Eni
lan Dewi telpon ngabari yen wis lulus, banjur ngajaki Dini reuni. Ing reunian
iku uga ana Irawan. Dini ora ngira yen Irawan iya melu acara reuni kang wis
direncanakake kanca-kancane iku. Ana ing Jakarta, kabeh kuwi mau padha
seneng-seneng anggone reunian. Irawan wis ngerti yen Hari iku wis omah-omah
marga pepinginane wong tuane. Ing kana Ir awan nduwe pangarep-arep marang Dini.
Semono uga Dini nduwe rasa tresna marang Irawan.
Wong
tuane Dini lan Irawan seneng banget dina kang ditunggu teka. Resepsi nikahane
Dini lan Irawan nganggo adat Jawa lengkap wiwit saka siraman, midodareni, akan
nikah banjur resepsine. Kepengine bu Siti klakon nduwe mantu wong Jawa lan
ngunakake adat Jawa pisan. Atine seneng banget. Sawise patang tahun, Irawan lan
Dini nduwe anak lanang siji. Dini dicritani marang mbak Titin mbake Hari kang
ketemu ing mall. Mbak Titin crita yen sisihane Hari iku seda pas lagi nglairake
anake Hari. Ing kono Dini lan Irawan nduwe rasa welas marang Hari amarga
kejadian iku. Ananging kepiye maneh
garis urip wis diatur marang Gusti, takdire Hari karo sisihane iku mung
nganti semono
3. Unsur
interinsik
a. Tema :
percintaan
b. Wos :
cariyos ingkang nyariosaken tiyang wadon ingkang tresna lan setya marang gegandulaning ati awit dipunpilanken
kaliyan papan ingkang tebih.
c. Alur : alur ingkang
dipunginakaken menika ngangge alur maju lan mundur.
d. Setting :
·
papan : setting papan ingkang
dipunginakaken inggih menika wonten ing
luar Negeri Filipina, Malaysia, wonten ing Indonesia
·
wekdal : wekdalipun menika gumantung kaliyan
cariyos
e. penokohan :
Ø Dini : tiyang wadon ingkang
judes (nanging sejatosipun apik), pinter, gadhah sipat atos atinipun, remen
maos buku, apa adanya.
Ø Irawan : pinter, cerdik, prihatos
marang kanca, remen tulung tinulung, apikan, lan sekedhik atos atinipun.
Ø Eni : kancanipun Dini
ingkang sekedhil urik (jail), apikan pinter.
Ø Dewi : kancanipun Dini ingkang urik ugi, apikan, remen tulung tinulung.
Ø Hari
: pacaripun Dini
ingkang setya, manut dhateng tiyang sepuhipun.
Ø Bu
Laras : ibunipun Dini
ingkang wicaksana
Ø Bu
Siti : ibunipun Irawan
ingkang apikan nanging sekedhik atos atinipun.
4. Kelebihan
novel
·
basa ingkang dipunginakaken menika
gampil dipunmangertosi.
·
tembung-tembungipun ingkang
dipunginakaken sampun trep (cetha lan singkat).
·
panganggening tembung sarta ukara sae,
sarta wonten bebasanipun ing salebeting novel satemah damel pamaos boten bosen
anggenipun maos.
·
wonten ukara utawi pacelathon ingkang lucu, satemah dadosaken cariyos
menika boten monoton.
5. Kekurangan
novel
·
boten dipun-cantum-aken kandeling novel,
satemah nyebabaken pamaos boten mangertosi pinten senti kandelipun. Menawi
badhe ngresensi, pamaos kedah ngukur piyambak kandel novel menika.
·
panyeratan tembung wonten sekedhik ingkang
lepat, tuladhanipun tembung “dahar” ingkang leres inggih menika “dhahar”.
·
boten wonten sinopsis-ipun wonten ing cover
wingking, satemah buku ingkang dipunadol menika wujudipun taksih dipunsegel.
Pamaos boten tamtu tertarik dening novel menika. Dados, langkung saenipun bilih
dipunsukani sinopsis supados pamaos sekedhik mangertosi kadospundi cariyosipun.
6. Manfaat
Manfaat saking maos novel kasebut inggih menika,
raos setya menika sanget kangge suatu hubungan menika, ananging wonten ing
gesang menika Gusti Allah sampun nemtokaken jodho, rejeki lan pati. Saben manungsa namung saged ulan, ananging sadaya
wangsul malih dhateng kersanipun Gusti Allah.
Minangka tiyang Jawi, tradhisi-tradhisi panggih
kados ta siraman lan midodareni sampun awis dipuntemtokaken wonten ing jaman
samenika. tiyang Jawi menika kedah nglestantunaken tradhisi-tradhisi ingkang
sampun wonten, amargi nilai filosofi ingkang inggil lan gadhah makna-makna
tartamtu.
Buku menika cocok dipunwaos amargi cariyosipun saged
narik kawigatosan pamaos awit saking irah-irahan lan gambaripun. Wonten ing
salebeting novel menika ngewrat unsur budaya lan tradhisi. Sarta wonten
pacelathon ingkang lucu ugi satemah damel pamaos boten bosen kangge pamaosipun.
Posting Komentar untuk "RESENSI NOVEL “ING MANILA TRESNAKU KELARA-LARA”"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.