RESENSI NOVEL ‘T SPOOKHUIS “GEDHONG SETAN“
RESENSI NOVEL ‘T SPOOKHUIS
“GEDHONG SETAN“
1.
IDENTITAS
NOVEL
a. Judul
Novel : Gedhong Setan
b. Penulis : Suparto Brata
c. Penerbit : Narasi Yogyakarta
d. Tahun
Terbit : 2010
e. No.Seri
ISBN : ISBN (10) 979 – 168 – 251 – 8
:
ISBN (13) 978 – 979 – 168 – 251 – 0
f. Dimensi
: 14,5 cm x 21 cm
g. Jumlah
Hlm. : 108 hlm
h. Jenis
Kertas : CTS
2.
SINOPSIS
NOVEL “GEDHONG SETAN”
Sing diarani
Gedhong Setan, basa Landane ‘t spookhuis,
ing Surabaya jaman Landa biyen (sadurunge Jepang nyerbu Asia Wetan) ana loro.
Yakuwi Gedhong Setan ing Pasar Kembang, sing nalika (1990) gedhonge isih madeng
magrong – magrong ing pernah pucuke Jalan Pasar kembang yen disawang saka elor,
nanging fungsine wis dudu omah papan panggonan. Gedhong kuwi wis suwung wiwit
sakupenge gedhong durung dadi pakuburan Cina. Sing sijine ‘t spookhuis van Tanjungan, yakuwi gedhong ing wilayah Tanjungan,
sangarepe Hotel Oranje rada menceng ngalor sithik. Ing gedhong setan loro –
lorone jarene kerep ana kedadean kang ora bisa kanalar, upamane meja – kursi
prabot omahe mlaku – mlaku dhewe, mangka ora ana lindhu. Kerep wae wong sing
mlebu mrono dikatoni memedi, yakuwi makhluk sing bisa ngilang lan ngaton. Wong
banjur padha wedi ngambah gedhong kuwi, lan terus karan Gedhong Setan. Ora mung
wong jawa, wong – wong Landa iya padha percaya mangkono kuwi.
Crita iki
ngandhakake Totje, sawenehe pelajar HBS, wong Jawa sing ora percaya karo anane
memedi. Dheweke dikrubuti pelajar HBS sinyo – sinyo Landa liyane kang yakin
banget karo anane memedi ing Gedhong Setan. Anggone ngrubut padha totohan, yen
Totje wani mlebu gedhong kono ing wayah bengi malem Jumat, Totje menang.
Ing wayah sore
dina Kemis Wage, Totje nyepakake piranti samubarang sing arep digawa menyang
Gedhong Setan, kayata sentolop, glathi, kenthes, lan foto tustel jangkep karo
lampu blitze sing bakal kanggo bukti yakuwi asil jepretan foto yen bengi malem
Jum’at Kliwon Totje mlebu ‘t Spookhuis.
Totje ditantang para sinyo Landa supaya wani mlebu menyang Gedhong Setan sing
umure wis rongatusan taun seprene wis ora ana manungsa sing wani mlebu mrana,
amarga Totje sing ora percaya karo anane
memedi. Kebh padha crita bab setan sing ana ing Gedhong Setan kuwi. Jare salah
sijine narasumber Hendriks de Zwarver, Gedhong setan ing Pasarkembang kuwi
pancen angker tenan. Dheweke nyritakake kedadeyan sing dialami dening
pembantune, pembantu mau ing wayah surup numpak sepedha ngliwati ngarep Gedhong
Setan dicegat wong wedok, di jaluki ter menyang kampung Banyuurip. Marga
satujuan padha, si pembantu gelem tetulung. Wong wedoke digoncengke, wiwit
nggonceng ya lumrah wae, ora abot.
Nanging during nganti sepuluh genjotan, rasane wong sing digoncekake
saya abot. Wasana sepedhane njomplang. Rumangsane nalika tangi, dheweke weruh
wong wedok kuwi ayu tenan. Mangka wayah surup ketok cetha. Bareng wis sadhar,
pembantune de Zwarver kedandapan mlayu. Kabeh crita kuwi ora gawe Totje
percaya, dheweke tetep percaya yen ora ana bangsa lelembut. Dheweke bakal
buktekake yen dheweke wani mlebu menyang Gedhong Setan ing malem Jum’at.
Sadurunge Totje mlebu menyang Gedhong Setan, Totje di kongkon maca isi majalah d’Orient nomer 211 tanggal 4 September
1941. Terus esuke Totje disilihi majalah kancane terbitan meh rong minggu
kepungkur. Bareng tekan omah, Totje maca majalah kuwi sing ditulis dening Ben
Roenberg. Ing kono ana crita yen sapa sing wani mlebu menyang Gedhong Setan
mesthi ditekani setan, ilu – ilu banaspati, utawa nyawane wong – wong sing
mbiyen tau manggon ing kono. Sawise maca, Totje tetep oran percaya yen ing Gedhong
Setan kuwi ana dhemite.
Ing wayah sore wektu
Totje nyepakake piranti – piranti, dheweke kedhayohan tamu cah ayu kaya
Cinderella. Yakuwi Soniahennie Heuvelman, prawan indo sing awake molig, rambute
pirang, irunge mbangir, kulite alus. Totje ora percaya yen ana nonik gelem
dolan menyang omahe jaka Jawa. Antarane Totje lan Sonia ora ana apa – apa.
Biyen Totje wis tau ngajak dansah Sonia ing sapatemon pesta sekolah. Sonia wong
ayu, lan Totje wong lanang normal sing ora kuwat ora nyoba nembung ngajak dansah
wektu krungu alunan musik kang endah. Ing wayah sore mau Sonia mara ing omah
amarga arep ngancani Totje mlebu menyang Gedhong Setan. Sadurunge uga Jaan van
Vliet nembung marang Totje yen dheweke arep ngancani dadi seksi menyang Gedhong
Setan. Totje ngrasa aneh, amarga Jaan kuwi kanca seje kelas sing salawase ora
tau omong. Nanging nalika saya cedhak karo dina Kemis Wage, dina sing dadi
janji Totje kudu mlebu menyang Gedhong Setan malah nembung yen dheweke arep
ngancani mlebu ‘t Spookhuis. Nanging anggone dadi seksi percuma, amarga tanpa
konsultasi lan konfirmasisaka kanca – kanca sing padha melu totohan. Lan maneh
wis padha disepakati, tanpa seksi kanca – kanca padha trima, anggere ana
buktine. Bukti yen Totje bener tenan bengi kuwi mlebu menyang Gedhong Setan. Lan sing bakal dienggo
bukti foto. Mulane Totje disilihi lan diajari motret dening Martin Steendam.
Wektu Sonia ing omahe
Totje, Jaan mara lan uga tetep arep ngancani Totje menyang Gedhong Setan. Bareng
wis cukup wengi, wong telu kuwi budhal numpak dhokar saka omahe Totje ing Tamarindelaan menyang Pasarkembang,
menggok ngiwa sithik wis tekan sabrang dalan saka dununge Gedhong Setan ing
Pasarkembang kuwi. Pak Kusir dhokar kuwi ora percaya yen penumpange arep mudun
ing ngarep Gedhong Setan. Nganti kaping telu anggone takon, kaya – kaya ora
percaya karo pangrungune. Pak Kusir kerep noleh lan nglirik para penumpange
sing padha lungguh ing mburi, amarga tujuane penumpang kuwi sing aneh,
Pasarkembang pojokan kampung Kupang Panjaan. Yen awan ora apa – apa. Bareng
wektu kuwi bengi, apa maneh malem Jum’at Kliwon. Banjur Pak Kusir crita yen
winginane ana wong dodol ditukoni wong wedok. Lha wong wedok kuwi njaluk rasane
sing pedhes. Bareng ditakoni pedhese sepira, malah anggone jawab karo njulurake
lambene, di dhudhut karo tangane. Lambene dawa saya dawa nganti sak lengen.
Nanging Totje ora wedi anggone Pak Kusir crita, amarga Totje kuwi wong sing ora
percaya karo anane memedi. Wis tekan pucuk gang kampung Kupang Panjanaan,
dhokar wis mandheg. Panggonan kuwi sanajan ing pinggir dalan gedhe
Pasarkembang, nanging wis nlusup banget ing tengahe kuburan. Panggonan kuwi dikupengi
kuburan Cina. Wiwit sadurunge pucuke Tamarindelaan mau, dalan kuwi wis
dikupengi kuburan. Kiwa tengen, ngarep mburi kuburan kabeh. Kahanane peteng
ndhedhet. Gedhong gedhe tingkat loro, yen awan katon mengklik ijen ing punthuk
lemah pegunungan Kendheng. Ijen oran nduwe tangga omah utawa gedhong liyane,
ora ana gedhong liya maneh ing sakiwa tengen, mung dikupengi kuburan, yakuwi Gedhong
Setan. Yen gedhong kuwi mbiyen duwe pekarangan amba, isih katon saka pager lan
regol pekarangane. Nanging saiki antarane gedhong lan lawang pager wis dijejeli
bangunan kuburan.
Barang – barang gawanan
diteliti, foto tustel, kenthes, sentolop, glathi, kenthongan gedhe wis kagawa
kabeh. Wong telu kuwi terus nyabrang dalan, nyabrang ril OJS, nyabrang kali
ngliwati kreteg sing luwih dhuwur tinimbang kutha Surabaya. Ambune kemenyan
diobong campur sangit – sangit nyogrok irung. Ing pojok cagak regol ana
buwangan kembang setaman lan anglo areng sing isih mawanen. Kembang lan kuthuk
panganane setan, jare wong Jawa. Mawa anglo kuwi nganti bisa dadi awu, amarga
ditudhungi mligi tulak udan. Kuwi gawene wong kampung cedhak – cedhak kono sing
duwe pakulinan saben malem Jum’at caos dhahar marang setan – setan ing gedhong
satengahe kuburan Cina kuwi. Caos dhahar utawa aweh panganan marang setan, ing
pamrih para lelembut ing kono ben aja padha ngganggu wong – wong kampung cedhak
– cedhak kono mau, sak keluwargane lan tangga teparone.
Sonia mripate pendirangan wedi, tangane srawean
nyoba nglawan apa –apa ing gegere, ing mburine. Sajak ana sing nggondheli utawa
ana sing nahan lakune. Pranyata roke Sonia sing ngrembyak, kecanthol pager ruji
wesi, sandhangane katut kejepit. Ditarik digawa mlaku ora bisa. Kadhung kaget
kadhung wedi, sikile nganti dhengkelen ora bisa jumangkah, dheweke tiba
ndheprok nglendheti awake Jaan. Jaan gurawalan kabotan anggone nulungi. Jaan
van Vliet ndhisiki, ilang diuntal peteng.
Lawang Gedhong
Setan saya cedhak. Atine Totje saya tratapan. Ambegane Sonia sentik – sentik,
dheweke wedi banget. Pikiran lagi mangro, saka gebyare thathit kang ora pati
padhang. Totje krasa ana barang obah ing ndhuwure, banjur disoroti gawa
sentolop. Jebul tenan, ana makhluk aneh cangkeme ndoweh, ilate melet, manthuk –
manthuk, mlangkring ing papan ndhuwur. Sonia jerit – jerit kamigilan. Sonia
keweden ngajak mulih, nanging Totje tetep ngleremake atine Sonia sing keweden.
Sing disenggoh makhluk aneh mau jebul reca singa barong rergengane kuburan ing
kono. Katon ndhas sing areca watu kuwi matane mlolong, cangkeme mblowoh
njuwewek. Dene sing marahi obah - obah sajak arep ngranggeh kuwi papah godhong
gedhang kang nglawer nggesrek – nggesrek endhas reca kuwi. Obah – obah kena
tetesan banyu udan saka payon omah bong, payon omah – omahan sing mayoni
kuburane wong Cina.
Sawise kuwanenane Sonia
pulih, Totje siyap – siyap nutugake laku. Jaan van Vliet, Landa sing melu mlebu
menyang Gedhong Setan, ngajak Sonia malah ndhisiki ora gelem bareng – bareng.
Dheweke malah lunga ngilang. Satemene Totje luwih percaya yen ing njero omah
kuwi ora ana dhemite, nanging sing gawe godha – godha kuwi manungsa sing urip
ing alaming jagag kasat. Totje kumendel wani mlebu Gedhong Setan amarga ditantang
karo sinyo - sinyo Landa. Dheweke teka
ing gedhong kuwi ora arep ganggu apa – apa, mung arep ngleksanani yen dheweke
wani bengi – bengi malem Jum’at Kliwon mlebu menyang omah setan kuwi ing wayahe
bangsa lelembut gentayangan golek mangsa. Totje ora preduli ana kancane apa
ora. Sing perlu mung dheweke mlebu menyang Gedhon Setan. Lha ndelalah ana swara
dadakan wong mlayu , kamera njepret, Byar ! Jebul Jaan van Vliet mlayu
kedandapan, dheweke keweden, ngomong yen weruh setan mata amba mencorong. Totje
ora percaya lan nerusake anggone mlebu Gedhong Setan kuwi. Jaan lan Sonia
ngetutake, ketara yen wedi lan mung manut – manut wae. Ndelalah ana swara ora
genah basane. Swarane wong wadon gawa basa Cina. Ing kono Totje kelingan
anggone maca majalah d’Orient sing
diwaca wingi kae. Ana swarane wong wadon Cina Ciu Giok Nio sing nyawane
nglambrang wiwit patine rongatus taun kepungkur keprungu ing dhuwur loteng.
Totje lagi percaya yen makhluk ing
alaming lelembut kuwi ana. Bubar kedadeyan kuwi Totje awake lara ana ing Rumah
Sakit. Dheweke turu ing kamar sing resik gumrising, ana kembang kiriman maneka
warna ing vas, lan tamu – tamu sagrombolan bangsa Walanda kabeh pdha ngancani
Mami nunggoni Totje sing lagi turon ing kamar Rumah Sakit.
Totje entuk groeten lan pangaji – aji saka kancane
sak kelas, lan entuk hadhiyah pangalembana saka ‘t Hoofd Commissarist van de Politie. Para sing andher banjur padha
nyalami Totje. Ana sing nyandhang pulisi pangkate komisaris, ana sing nyandhang
klambi dhokter, lan liya – liyane. Padha nyalami Totje karo ndremimil ngucapake
slamet lan pangalembana. Esuke, dina Ngat Paing, Totje oleh metu saka rumah
sakit. Totje wiras wiris mung gares karo bathuke isih krasa njarem.
Jebul kedadeyan kuwi
mung akal – akale Jaan van Vliet supaya bisa plesiran karo Sonia. Anggone melu
mlebu menyang Gedhong Setan mau digunakake kanggo ngumbar hawa nafsune marang
Sonia. Sonia ora ngreti maksute Jaan sing jahat. Lan saiki Totje wis ngreti apa
wae sing di leksanani Jaan wektu ing
Gedhong Setan. Ceritane dadi saya gamblang. Totje wis mbongkar kegiatane de Vijfde Cologne kang ditindakake
dhedhemitan dening wong Jepang. Wong – wong Jepang kuwi nglakoni kegiyatan mata
– mata, nglakoni kegiyatan kaya mengkono kanggo kepentingane negarane.
3.
UNSUR
INTRINSIK NOVEL “GEDHONG SETAN”
a. Tema
:
Totje
wong Jawa sing ora percaya karo anane memedi ditantang kanca-kancane mlebu
menyang Gedhong Setan.
b. Alur :
Novel Gedhong Setan gunakake alur maju mundur,
amarga ing ceritane ana flashback kedadeyan mbiyen lan kedadeyan mengarep.
c. Tokoh
+ Penokohan :
·
Totje
Tokoh
utama kang nduweni sifat tanggungjawab, lan wani nrima resiko anggone
ngleksanani kekarepane.
·
Mami
Ibune
Totje kang nduweni sifat penyayang, baik hati, lan perhatian.
·
Soniahennie Heuvelman
Kancane
Totje sing ngancani mlebu menyang Gedhong Setan, lan nduweni sifat jirih lan
manja.
·
Jaan van Vliet
Kancane
Totje seje kelas sing nawakake ngancani Totje anggone mlebu Gedhong Setan,
nduweni sifat licik, jahat, lan kasar.
·
Sopir dhokar
Wong
kang ngeterke Totje, Sonia, lan Jaan marang Gedhong Setan, nduweni sifat
jirihan.
·
Hendriks de Zwarver
Kancane
Totje ing sekolah sing duweni sifat seneng ngapusi.
·
Bram de Jong
Kancane
Totje sing duweni sifat seneng ngapusi.
·
Karel Hoekyus
Kanca
sebangkune Totje ing sekolah sing duweni sifat becik atine lan jirih.
·
Martin Steendam
Kancane
Totje sing nyilihi lan sing ngajari Totje nggunakake kamera tustel, duweni
sifat becik.
·
Polisi
Wong
sing ngiwangi Totje wektu ing Gedhong Setan, duweni sifat penolong.
·
Wong lanang wadon Jepang
Wong
sing dadi mata – mata lan ngumpet ing Gedhong Setan, nduweni sifat jahat, lan
pengecut.
d. Setting
:
·
Dina kemis awan ing Sekolah.
·
Wayah sore dina Kemis Wage ing omahe
Totje.
·
Malem Jum’at Kliwon ing Gedgong Setan.
·
Jum’at esuk ing Rumah Sakit.
·
Dina Ngaat Paing ing omahe Totje.
e. Sudut
Pandang
Novel
Gedhong setan iki nganggo sudut pandang orang pertama. Amarga nyebut tokoh
utamane nganggo ‘aku’, ora nganggo jeneng.
f. Amanat
:
Amanat
sing bisa kajupuk saka novel Gedhong Setan yaiku supaya bisa dadi wong sing kendel,
tanggungjawab, lan ora gampang percaya marang wong sing bener – bener durung
dikenal.
4.
KELEBIHAN
NOVEL “GEDHONG SETAN”
·
Alur ceritane gampang dipahami.
·
Ceritane horror sing gawe penasaran lan
dheg-dhegan wektu maca.
·
Basane sing gampang dimangerti.
·
Setting wektu lan panggonane detail /
jelas.
5.
KEKURANGAN
NOVEL “GEDHONG SETAN”
·
Jeneng tokohe rata – rata nganggo jeneng
Landa sing gawe susah ngeling – eling jenenge tokoh.
·
Ana ukara – ukara asing sing angel
dipahami. Kayata : “Wat doe je daar?!” ,
“Voorzichtig maar, Totje !” , lsp.
6.
MANFAAT
ISI NOVEL “GEDHONG SETAN”
Novel Gedhong Setan nduweni manfaat
yaiku bisa dadi hiburan kanggo wong sing seneng horror, lan dadi tantangan sing
gawe ati dheg-dhegan kanggo wong sing jirih marang anane memedi.
7.
SARAN
Saran kanggo penulis, anggone njenengi tokoh -
tokohe supaya ora nganggo jeneng
Walanda, amarga jeneng – jeneng tokohe
ing novel Gedhong Setan kuwi angel dieling – eling, lan supaya ora nganggo
ukara basa asing sing angel dipahami wong kang maca.
Posting Komentar untuk "RESENSI NOVEL ‘T SPOOKHUIS “GEDHONG SETAN“"
Berkomentarlah dengan baik dan dengan menggunakan kata-kata yang sopan.